PARA maos ingkang minulya, ing antarane keagungan akhlak salaf yakuwi; sethithik gumuyu lan ora gumbira kang kaluwih-luwih yen oleh kanikmatan donya.

Kepara para salaf kerep kuwatir marang apa kang ditampa. Apa kuwi arupa panganggo, kendaraan, sisihan, apadene jabatane.

Beda karo wong kang tresna marang donya. Para salaf wedi yen kanikmatan donyane klebu kanikmatan akerat kang dicepetake mung dirasakake ing donya wae.

Umar bin Al-Khaththab kandha, “Saupama aku ora wedi kabecikanku suda, aku bakal melu gaya uripmu kang penak. Nanging aku wis krungu yen Allah njelasake bab sawijining kaum: (kaya kang katulis ing surat Al-Ahqaaf ayat 20 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene).

“Sira wis ngentekake rezekimu kang becik jroning panguripan duniawimu (wae) lan sira wis seneng-seneng klawan kuwi”.

Saperangan salaf ngandhakake, “Yen sira weruh pawongan kang ngajak lomba kanggo urusan donya, mula ajaken dheweke menang-menangan jroning urusan agama”.

Al-Hasan Al-Bashri nyritakake, “Sing tak ngerteni, yen saperangan saka wong-wong soleh iku ngupaya amrih Allah ora ndeleng dheweke ngguyu, nganti dheweke oleh kepastian antarane rong panggonan baline, ing suwarga apa menyang neraka”.

Saya Tuwa kudu saya Takwa

Saya tuwa kudu saya toat, saya takwa, dudu malah saya tuwa saya lali marang akerat. Bab iku uga geneya saya tambah umur tangan iki saya ringkih kanggo nggegem.

Iku tegese kita kudu ngrumangsani, amrih kita wiwit ngeculake rasa tresna donya. Dudu suwalike, saya tambah umur lan saya tuwa malah saya tresna marang donya.

Abu Hurairah nyritakake yen Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam tau dhawuh:

“Atine wong kang wis tuwa bakal tansah kayadene nom-noman kang nyikapi rong bab: tresna donya lan dawa angen-angene.” (HR. Bukhari).”

Saka hadits ing ndhuwur kita bisa methik fae- dahe. Ing antarane yakuwi: 

Lumrahe, siklus lakuning urip menungsa (yen Allah paringi umur dawa), mula dheweke bakal ngalami tuwa. Wektu kang sejatine dimanfaatake kanggo ngakeh-akeh sangu nuju undhag-undhagan panguripan sabanjure, yaiku panguripan ing negri akerat.

Nanging, ora sithik wong kang wis diwenehi umur  kang dawa, nganti wis tekan wektu tuwane, dhe- weke malah kakunjara dening pangangen-angen  kang ora tau sirna; yaiku akeh sing dikarepake lan ambisi marang donya brana.

Kekarone bab ing ndhuwur yen kepatri ing njero atine pawongan, mula salawase dheweke ora tau bakal “sadar”, yen dheweke satemene wis ana ing watese umur, kepara dheweke ora tau mandheg anggone mbeburu, kaya-kaya dheweke rumangsa yen isih enom terus. 

Pepenget ngenani tresna donya lan dawa pangangen- angen bab urip ing ndonya kang kaluwihen ndadek- ake punjering musibah lan sumber dosa. 

Hadist ing ndhuwur uga mujudake sawijining motivasi tumrap kita kanggo ngrengkuh akerat lan  duwe semangat jroning ngumpulake amal saakeh- akehe. 

Dhuh Gusti… paringana taufik lan hidayahmu, sampun Panjenengan dadosaken manah kawula  mangro mring donya, saengga kawula saget nindak- ake amal salih. Aamiin…. 

Walauhua’lam bisawab.

***

Panulis : Ki Jenggot

Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

3 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *