Budayawan Jaya Suprana lumantar Laskar Indonesia Pusaka nggelar kethoprak kolosal kanthi lakon Retno Kencana Ratu Kaliyamat: Goodes of The North. Kolaborasi karo Kebaya Foundation, pagelaran kethoprak iku uga ngundang bintang tamu mantan Panglima TNI Yudo Margono lan mantan Gubernur DKI Jakarta Basuki Tjahaja Purnama (Ahok).
Lapurane: Cindy Karina Kustiari
Apa dadine yen Basuki Tjahaja Purnama alias Ahok main kethoprak bebarengan karo dhagelan kawakan Marwoto Kawer lan Kirun? Pranyata mantan Gubernur DKI Jakarta sarta Komisaris PT Pertamina kuwi bisa nylarasake kahanan. Brekat kapinterane Marwoto dalah Kirun nguncalake umpan, clemongan-clemongane Ahok dadi lucu. Satemah penonton 200 sing ngebaki Teater Besar Taman Ismail Marzuki, Jakarta, kuwi gumuyu ger-geran, Rebo bengi, 4 Desember 2024.
Pagelaran kethoprak kolosal kanthi lakon Retno Kencana Ratu Kaliyamat: Goodes of The North iku diadani dening Laskar Indonesia Pusaka, pakumpulan pegiyat seni tradhisional kang dipandhegani dening budayawan Jaya Suprana, kolaborasi karo organisasi kawanitan Yayasan Kebaya Warisan Indonesia (Kebaya Foundation).

“Aku mlebu meneri wanci gara-gara (lawakan). Yaiku segmen adegan kanggo nglipur penonton amrih ora tegang lan bosen. Jebul main kethoprak iku asyik, nyenengake. Iki pengalamanku sepisanan,” tuture Ahok kang entuk dhapukan dadi sudagar Ngadimin.
Kejaba Ahok, tokoh nasional kang melu main ana pementasan rong jam suwene kuwi antara liya mantan Panglima TNI Laksamana (Purnawirawan) Yudo Margono sarimbit ingkang garwa, Vero Yudo Margono, Giok Hartono, Tuti N. Roosdiono, Aylawati Sarwono, Dewi Bambang Soesatyo, Miranda S. Goeltom lan Inayah Wahid.
Kejaba kuwi uga KGPHA Dipokusumo, Arbain Rambey, Ray Febri Dipokusumo, Raakhee Ram Punjabi, Yani Tung Desem, Happy Djarot, Emi Wiranto, Fauzan Romdhon lan sapanunggalane. Kombinasi seniman kethoprak Samiaji karo bintang-bintang tamu sing lagi sepisanan ngethoprak kuwi bisa karamu dening sutradhara saengga bisa ngasilake tontonan kang seger kebak guyu.
Sutradhara pementasan, Teguh Kentus Ampiranto, mbebasake para bintang tamu improviasi gegeculan waton ora menggok adoh saka pakeme crita. Upamane nalika Inayah Wahid sing uga putri warujune swargi KH Abdurrahman Wahid (Gus Dur) kang oleh dhapukan minangka anak kembar kanthi jeneng Fung Fang kang ngeret-eret wedhus munggah panggung. Dhasar Inayah mono wonge lucu, mula saben obah lan pangucape tansah gawe guyu.

Lan ing pagelaran kethoprak mau kang antuk dhapukan Ratu Kalinyamat ya Retno Kencana Dewi Bambang Soesatyo kang uga garwane mantan Ketua MPR Bambang Soesatyo. Senadyan main kethoprak uga pengalaman anyar mungguhe Dewi Bambang Soesatyo, nanging panjenengane bisa nindakake dhapukan mau kanthi becik. Keagungan lan kawibawane Ratu Kalinyamat sumunar saka anggane Dewi. Dene Yudo Margono kadhapuk dadi Ki Pemanahan. Persiapan pentas mau kabare mung rong sasi. Nanging asile ora nguciwani.
Pagelaran kethoprak spetakuler iku sekawit muncul saka gagasane Ketua Kebaya Foundation Tuti N. Roosdiono kang dilairake marang Ketua Laskar Indonesia Pusaka dan Jaya Suprana School of Performing Arts Aylawati Sarwono. Jebul Aylawati nyengkuyung banget gagasan kuwi. Mula pawestri lelorone banjur nyuntak idhe lan gagasan kuwi marang pagelaran. Seni kethoprak dipilih awit bisa dadi sarana ngangkat nilai-nilai sejarah sarta ngiras nglestarekake warisan budaya adiluhung saka para leluhur.
Ora mung angger wae Laskar Indonesia Pusaka lan Kebaya Foundation milih lakon Retno Kencana. Kejaba Ratu Kalinyamat dikenal minangka wanita kang kebak kuwanen nglawan Portugis ing Selat Malaka, pamilihe lakon iku uga didhasari karo paraga Ratu Kalinyamat kang wis ditetepake minangka pahlawan nasional dening pamarentah.
Retno Kencana digambarake dening penulis Portugis Diogo de Couto jroning bukune Da Asia kadidene wanita sulistya kang kebak kuwanen (de kranige dame). Keagungane Retno Kencana dilukis dening Diogo nganggo rumpakaning tembung pepuja “Rainha de Jepora, Senhora Poderosa e rica” kang tegeges: Ratu Jepara mujudake pawestri kang sugih sarta nduweni panguwasa gedhe.
Sacara ringkes adegan-adegan ing lakon Retno Kencana Ratu Kaliyamat: Goodes of The North iku nyritakake wiwit Kalinyamat didhaupake klawan Sunan Hadiri engga entuk palapuran menawa kadang sepuhe, Sunan Prawata, tiwas dening utusane Arya Penangsang. Kalinyamat lan Sunan Hadiri banjur sowan marang Sunan Kudus saperlu minta keadilan.
Nanging padha-padha siswa Kudus, Arya Penangsang luwih dibelani Sunan Kudus tinimbang Kalinyamat. Mungguhe Sunan Kudus wis trep upama Penangsang mateni Sunan Prawata awit biyene bapake Penangsang, Pangeran Surawiyata, uga dipateni dening Sunan Prawata. Ora marem karo Sunan Kudus sing dianggep ora adil mutusi prekara, Kalinyamat banjur semparet mulih. Nanging lakune dicegat andhane Penangsang tengahing dalan. Satemah Sunan Hadiri tiwas diprejaya.
Kalinyamat banjur teteki aneng Gunung Danaraja dibaturi putrane loro Semangkin lan Prihatin. Sultan Pajang Hadiwijaya kang nedya tuwi Ratu Kalinyamat kepranan karo Semangkin lan Prihatin. Nuli dirimuk amrih gelem diboyong mlebu kraton. Parandene Semangkin lan Prihatin ora wani njawab awit sakabehe keputusan dumunung ana Kalinyamat.
Nalika Hadiwijaya matur marang Kalinyamat kepengin mundhut mlebu Semangkin lan Prihatin, Kalinyamat ora owel ngeculake sauger Hadiwijaya bisa nyirnakake Arya Penangsang. Pamundhute Ratu Kalinyamat disaguhi. Sapurnaning Arya Penangsang gugur Kalinyamat winisudha dadi ratu Jepara. Kanthi panguwasane kang gedhe Ratu Kalinyamat ngirim wadya bala menyang Selat Malaka kanggo nundhung bangsa Portugis kang niyat ngejegi bumi Nuswatara.
Nanging wadya Jepara kasoran awit kejaba kalah senjata modern, uga kapal pengangkut cadhong pangan kerem dikrutug mimis mriyem dening mungsuh. Sok ngonowa kekendelane Ratu Kalinyamat minangka pemimpin wanita mau cinathet ing mangsi emas sejarah. Lan bangsa Portugis ngakoni prekara kuwi.
Kegiyatan Amal
Miturut Tuti N. Roodiono perjuwangane Ratu Kalinyamat selaras karo perjuangane Kebaya Foundation kanggo ngrembakakake jati dhiri pawestri Indonesia kang mandhiri, kendel, kuwat nanging tetep njunjung dhuwur budaya bangsa. Dheweke ngajab apa kang ditindakake Ratu Kalinyamat ing dina kawuri bisa dadi teladhan mungguhe para pawestri jaman saiki.
“Perjuwangane Ratu Kalinyamat bakal tansah dadi inspirasi tumrap kabeh pawestri Indonesia jroning ngabdekake dhiri marang Ibu Pertiwi Indonesia,” kandhane Tuti.
Sauntara kuwi Aylawati Sarwono bungah dene wekasane bisa kolaborasi karo Kebaya Foundation ngangkat seni tradhisi kethoprak. Seni budaya, kandhane Ayla, pancen diperdi banget dening Laskar Indonesia Pusaka amrih ora cures. Kepara terus dibudidaya bisa diangkat menyang panggung-panggung internasional. Taun 2009 Laskar Indonesia Pusaka tau nggelar wayang wong kolosal ing kutha-kutha gedhe mancanegara, antara liya Sydney Opera House, UNESCO Paris, lan Istana Negara Jakarta.
“Muga-muga mahakarya kethoprak kang dipentasake iki migunani tumrap lestarining kesenian tradhisional lan mbiyantu para seniname entuk nafkah,” kandhane Aylawati.
Aylawati nuturake oleh-olehan dhuwit saka tiket penonton ora disimpen dhewe. Nanging dibalekake kanggo kegiyatan amal minangka sumbangan marang Yayasan Pendidikan Dwituna Rawinala. Yayasan kasebut ngemonah bocah-bocah difabel gandha merga “dibuwang” utawa diklelerake dening wong tuwane. Kabeh bocah difabel kang ora begja ditampung dening Yayasan Pendidikan Dwituna Rawinala mau, senadyan fokus utamane marang tunanetra. Rawinala kajupuk saka basa Jawa kuna kang tegese cahya ing ati. Dadi, senadyan ora bisa nonton padhange donya nanging para difabel netra iku isih nduweni “mripat” lumantar bening atine. (*)