Pangaruh Wayang ing Karya Sastra Jawa

WEBINAR Jogjakarta International Heritage Festival (Wayang) sing diadani dening Dinas Kebudayaan DIY wis kelakon digelar tanggal 10 Nopem- ber sing kepungkur. Salah siji pemateri ing webinar iki Prof. Dr. George Quinn, ahli sastra Jawa saka Australian National University Canberra.

Ing awal andharan disebutake yen wayang mono mujudake sumber babon kanggo ngrancang crita khas Jawa. Nadyan disengguh naskah klasik, gaya cerita sajrone seni pewayangan sejatine nduweni pangaribawa sing jembar ing maneka jinis kesenian khas Jawa. Ing tataran sing luwih jembar, gaya wayang isih nduweni pengaruh ing gaya narasi sajrone karya novel, cerita cerkak, geguritan, lan sandiwara. Pengaruh wayang ing karya sastra Jawa modern mau saora-orane bisa dilacak ing perangan janturan, nggambarake watak, lan dumadine lelakon sing klise.

Janturan ing wayang digunakake kanggo menehi gegambaran latar papan. Janturan menehi deskripsi fisik utawa non-fisik, kaya pocapane Ki Dhalang Purbo Asmoro ing lakon Makutharama, ‘Dhasar nagari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah, tata tur raharja. Panjang: dawa pocapane. Punjung: luhur kawibawane. Pasir samodra wukir gunung. Negara ngungkurake pagunungan, nengenake pasabinan, ngeringake pategilan, ngayunake bandharan gedhe. Loh: tulus kang sarwa tinandur, jinawi: murah kang sarwa tinuku. Gemah: lampahing para nangkodha surya ratri datan ana pedhote, labet datan ana sangsayaning dedalan….’

Janturan jebul uga ana ing novel Jawa. Ing novel Bali Ndesa karya Suryadi Ws, ana gegambaran, ‘Ana tlatah jembar gilar-gilar. Subur ijo royo-royo kinepung gunung. Ing sisih watan Gunung Gandhul lan Gunung Lawu katon biru. Ing sisih kulon Gunung Merbabu lan Merapi katon asri. Sisih kidul gunung-gunung gamping katon dawa kaya benteng raseksa yasane Kang Maha Kuwasa.

George Quinn in webinar JIHF tanggal 10 Nopember 2020.

Wong-wong ngarani iku tlatah Klaten. Kali pirang-pirang pating klengkok mili mangetan nrajang tlatah iku dadi pirang-pirang lajur padesan lan pasawahan kang subur, kebak tanduran maneka warna gilir gumanti saben mangsa. Iku dadi lantaran tumuruning rejeki saka Gusti kang Mahamurah lan Asih marang para kawula kang padha dedunung ing kono.’

Gegambaran watak ing wayang katon cetha kaya paraga buta. Buta iku paraga sing ala, deksiya, sok kuwasa, dremba, lan kasar. Ing adegan perang kembang ana paraga Cakil utawa Dityakala Gendir Penjalin. Pendhereka ana sing aran Dityakala Bragalba.

Ing karya sastra modern uga tinemu paraga Bragalba kaya kang sinerat ing cerkak ‘Sumur Gumuling’ (1996) anggitane Ardini Pangastuti. ‘…. Trayu golek mangan ing njaba. Dheweke andhok sate ing warung sate ora adoh saka losmen panggonane ngi- nep. “Sajake dereng nate mriki, Pak?” pitakone wong lanang ‘lemu’ lungguh ing sacedhake. Wong loro banjur kenalan. Trayu nepungake jenenge lan asal-usule. Wong lanang lemu iku ya semono uga. Dheweke ngaku warga asli kutha iku. Penggaweane dheweke ora gelem nyebutake. Yen jenenge ngakune aran ‘Bragalba’.

Banjaran Sinta dening dhalang Ki Cahya Kuntadi, S.Sn, M.Sn. (live streaming 30 Oktober 2020) mbabar lelakone Dewi Sinta sing mujudake titisan Dewi Sri, sing dilairake Dewi Tara nalika kagarwa dening Prabu Rahwana. Wibisana (adhine Rahwana) khawatir yen Dewi Sinta nganti dipundhut garwa dening Prabu Dasamuka, sing ora liya uga wong tuwane lanang dhewe. Mula Sinta sing isih bayi banjur dilarung ing Kali Gangga. Bayi Sinta ditemokake dening Prabu Janaka lan digulawenthah kayadene anake dhewe.

Lelakon sing memper ing cerita wayang iku uga tinemu ing Novel Jawa ‘Pinanthi Ing Teleng Ati’ karya Tiwiek SA (2015). Naskah iki kapacak ing Djaka Lodang (1980-1981).Ing novel iki ana paraga sing jenenge Minten, saweneh batur kang ayu merak ati. Juragan lanang kepencut karo Minten, lan dilanggati. Minten ngandhut jabang bayi. Karana konangan anggone sambung peteng karo juragane, Minten ditundhung lunga saka papane nyambut gawe. Saka cupet nalare, bayi sing dilairake Minten banjur dibuwang ing Kali Brantas. Bayi sing keli mau banjur ditemokake dening wong mancing lan diangkat anak pupon dening bekas juragane Minten biyen.

***

Panulis: Ki Sudadi
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *