APLIKASI kanggo mbalekake foto kang kabusak ing Android penting banget kita duweni, merga bisa mbantu kita mulihake foto kang kanthi ora sengaja kabusak utawa ilang saka perangkate.
Dheretan aplikasi Android iki anggone kerja kanthi cara nggoleki data foto kang wis kabusak saka penyimpanan perangkat lan mbalekake maneh menyang lokasi asline.
Biasane, aplikasi galeri default ing kabeh HP Android nawakake Recycle Bin utawa Tong Sampah kang migunani kanggo nyimpen media kang kabusak.
Mung wae Recycle Bin utawa Larahan iki anggone nyimpen foto offline suwene 30 dina wae, lan nyadhangake item suwene 60 dina. Nanging ora perlu kuwatir, ana sakehing aplikasi kang bisa digunakake kanggo mbalekake foto kang kabusak ing HP Android kita.
Ing ngisor iki sawenehing aplikasi mbalekake foto kang kabusak ing Android kang bisa kita coba ksb.
1. Dumpster
Dumpster yakuwi aplikasi kang paling populer kanggo mbalekake foto kang kabusak ing Android. Aplikasi Android iki cara kerjane kanthi nyimpen kabeh foto lan video kang kita jupuk ing folder “Trash”.
Kanthi mangkono, kita bisa mbalekake foto kang kabusak kanthi gampang mung kanthi mbukak folder “Trash” lan milih foto kang pengin kita balekake.
2. DiskDigger
DiskDigger yakuwi aplikasi kang powerful kanggo mbalekake foto kang kabusak ing Android. Aplikasi Android iki bisa mbalekake foto kang kabusak saka maneka lokasi, klebu ing kartu SD, memori internal, lan kepara saka ponsel kang wis diformat.
3. Recycle Bin: Restore Deleted
Recycle Bin: Restore Deleted mujudake aplikasi kang sederhana lan gampang digunakake kanggo mbalekake foto kang kabusak ing Android. Aplikasi iki bisa mbalekake foto kang kabusak saka kartu SD lan memori internal.
4. Photo Recovery
Photo Recovery yakuwi aplikasi kang bisa mbalekake foto kang kabusak saka maneka jenis file, klebu JPEG, PNG, lan GIF. Aplikasi iki uga bisa mbalekake foto kang kabusak saka ponsel kang wis diformat.
5. Undeleter
Undeleter yakuwi aplikasi kang bisa mbalekake foto kang kabusak saka maneka jenis file, klebu JPEG, PNG, GIF, lan RAW. Aplikasi iki uga bisa mbalekake foto kang kabusak saka ponsel kang wis diformat.
Iku mau aplikasi mbalekake foto kang kabusak ing Android kang bisa kita coba. Saikine kita ora perlu kuwatir maneh yen ora sengaja mbusak foto saka HP.
Panulis: (d/ist)***
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







