Desember 2024 mujudake gelombang kaping lima utawa batch pungkasan repatriasi saka Negara Landa menyang Indonesia. Ing tahap iki Belanda mbalekake 272 artefak
Atusan artefak saka sadhengah wewengkon Nuswantara kang biyene tau dibeslah dening pamarentah Hindia Belanda, wekasan dibalekake menyang Indonesia satahap mbaka satahap. Ing tahap kapindho repatriasi (ngulihake) dhek 27 September 2024 kepungkur, artefak gunggung 288 dipasrahake dening pamarentah Walanda marang Indonesia. Sasuwene iki artefak-artefak kasebut cumondhok aneng museum etnologi nasional Wereldmuseum kutha Leiden.

Menteri Kebudayaan Fadli Zon (nomer loro saka kiwa) lan Duta Besar Belanda ing Indonesia Marc Grittsen nalika tandha tangan lung tinampan (serah terima) objek warisan budaya Indonesia saka Belanda ing Museum Nasional, Senen, 16 Desember 2024.
Artefak-artefak kang dibalekake kuwi antara liya arupa reca papat saka jaman Kerajaan Singasari. Siji ing antarane wujud reca Ganesha ngadeg. Dene barang-barang kuna liyane sing uga diulihake awujud keris, priyasan, tumbak lan karya seni. Biyene obyek budaya kuwi dirampas Landa mbarengi njebluge Perang Puputan Badung ing pulo Bali taun 1906, sarta perang Lombok ing Nusa Tenggara Barat.
Saka sawernane barang budaya sing diulihake iku ana uga koleksi lukisan lan reca kayu karyane Pita Maha, komunitas pelukis Bali sing madeg taun 1936. Saka corak lukisan-lukisane seniman Pita Maha mau ginambar kaya ngapa ngrembakane kesenian Bali taun 1930-1940 senadyan swasanane ora bebas kaperbawan cengkeremane kolonialisme Walanda.
Pambudidaya ngulihake artefak-artefak kuna saka Walanda mau sejatine wis dirintis dening Indonesia kawit 1977. Indonesia kepengin banget nggawa mulih objek-objek bersejarah mau banjur dipamerake ana museum nasional. Pamrihe kenoa kanggo sinau generasi mudha.
Pamarentah Walanda ora kabotan mbalekake barang-barang seni asile ngrampas dhek mangsa kawuri iku. Pamarentah Walanda banjur mbentuk Komisi Repatriasi sing tugase mligi nliti siji mbaka siji obyek artefak sing arep diulihake menyang Indonesia iku. Lan sadawaning taun 2024 kepungkur ana 828 obyek budaya sing wis direpatriasi.
Menteri Kebudayaan Fadli Zon ngandharake repatriasi warisan budaya Indonesia mau banget wigati ing satengahe kupiya mbalekake kawruh sarta pemahamane masyarakat Indonesia ngenani sejarah lan kabudayane dhewe.
“Tumrap pamarentah repatriasi iki penting kanggo mbalekake wutuhe kawruh kita ngenani benda-benda budaya sing biyene digawa Landa menyang negarane kana,” kandhane Fadli marang Kantor Berita Antara sarampunge nandhatangani ‘Dokumen Serah Terima Repatriasi Objek Warisan Budaya Indonesia dari Belanda’ ing Museum Nasional Jakarta, Senen, 16 Desember 2024.
Miturut Fadli sasi Desember 2024 iki mujudake gelombang kaping lima utawa batch pungkasan repatriasi saka Belanda menyang Indonesia. Ing tahap iki Belanda mbalekake 272 artefak. Saka cacah semono mau 68 ing antarane arupa barang purbakala sing sasuwene iki disimpen ana Museum Rotterdam. Koleksi-koleksi sing diulihake mau nyakup keris, tumbak, mas-masan, kain, sarta artefak-artefak sing nduweni nilai sejarah dhuwur.

Petugas Museum Nasional nliti keris pusaka kang dibalekake Walanda menyang Indonesia.
Fadli nemenake repatriasi mau ora mung saderma nggawa mulih barang kuna sacara fisik, nanging sing luwih wigati saka kuwi yaiku upaya mbalekake wutuhe kawruh warisan budaya Indonesia kang sasuwene iki morat-marit sumebar ing mancanegara.
Kejaba lumantar dhiplomasi, kupiya mbalekake objek sejarah uga ditempuh kanthi nggandheng bebadan keamanan donya. Pambudidaya kuwi nguwohake asil nalika FBI (U.S. Federal Bureau of Investigation) nemokake reca prungu cacah 6 ing pasar peteng utawa ilegal. Sawise dibeslah dening biro intelijen Amerika kuwi, raca-reca kasebut terus dipasrahake marang Kementerian Luar Negeri Indonesia. Saka kaperduliane FBI sabiyantu Indonesia mracihnani lamun komitmen global ngayomi lan mbalekake warisan budaya kang wis ilang suwe pranyata kuwat banget.
Manut Fadli Zon saben artefak sing diulihake menyang Indonesia gedhe gunane jalaran bakal dadi objek kajian penting dening para ahli cagar budaya sarta ahli warisan budaya tak benda. Tujuwane kanggo luwih mahami konteks sejarahe barang-barang kuwi cinipta dhek jaman semana.
Mula Fadli kepengin artefak-artefak sing wis digawa mulih kuwi ora kesuwen nganggur. Lire, para ahli cagar budaya, arkeolog lan panaliti sejarah dijaluk enggal maedahake. Fadli dhewe duwe rancangan mbentuk tim ahli khusus kanggo naliti artefak-artefak kuwi. “Tim ahli iki dakwenehi ayahan ngrekonstruksi artefak-artefak kuwi murih diweruhi asal-usule kanthi gamblang sarta konteks sejarahe,” tuture.
Tim ahli, antara liya, bakal naliti kadhar emas sing kinandhut ing priyasan, motif kain, sarta golek sisik melik kaciptane keris klawan kedadeyan sing lagi dumadi. Ora mung cukup ditliti. Fadli uga kepengin crita (narasi) kang nglingkupi artefak-artefak kuwi uga dikembangake lumantar film, tari, lan puisi minangka ekspresi budaya. “Ndhokumentasekake riwayate artefak kasebut siji mbaka siji penting, supaya kita kabeh nyumurupi apa sing njalari barang-barang kuwi digawe,” ujare Fadli Zon.
Fadli Zon ngajab mengkone pangleksanane program repatriasi mau saya sistematis. Kementerian Kebudayaan lumantar Direktorat Jenderal Diplomasi, Kebudayaan, Promosi lan Kerjasama Kebudayaan, kandhane Fadli, bakal terus mbudidaya amrih sakabehe artefak Nuswantara sing isih dumunung ana njaban rangkah bisa dibalekake. “Pangajabku negara-negara sing isih nyimpen artefak asal Indonesia gelema mbalekake,” kandhane.
Mligi marang pamarentah Walanda, Fadli ngapresiasi banget jalaran proses repatriasi wiwit tahap kapisan nganti kaping lima lumaku rancag. Fadli kepengin ing dina-dina sateruse kolaborasi antarane Indonesia karo negara-negara manca sing isih ngoleksi objek budaya duweke Indonesia ora ana pepalang. Saengga artefak kasebut oleh dijaluk bali lan dadi darbeke Indonesia.
“Ana gesture (bahasa tubuh) sing becik saka negara-negara kuwi. Kari kepriye kita sing ana Indonesia kene anggonge nglestarekake, ngopeni, ngreksa sarta ngundhuh kawruhe objek sejarah mau,” tuture Fadli Zon.
Jaman Jepang
Ora mung njaluk bali objek budaya sing mapan ana negarane uwong, sacara kosok balen Indonesia uga saguh ngrepatriasi objek sejarah duweke negara manca. Juni 2024 kepungkur upamane, Direktorat Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan Kebudayaan Riset dan Teknologi (Kemendikbudristek) nemokake rangka manungsa cacah sanga kang dinuga jisime serdhadhu Jepang ing Prang Donya II.
Satemene balung-balung sing kahanane isih wutuh mau ditemokake ana Kabupaten Biak Numfor, Papua Tengah wiwit taun 2019. Nanging lagi diseriusi 2024 iki awise Jepang darbe panduga menawa rangka manungsa kuwi serdhadhune sing ilang jroning palagan prang Pasifik taun 1945. Pamarentah rong negara nuli tumandang ngidentifikasi balung-balung mau, klebu nitipriksa DNA-ne.
Direktur Jenderal Kebudayaan Kemendikbudristek nalika kuwi, Hilmar Farid, ngandharake tinemune rangka tentara Jepang ing Papua Tengah iku mracihnani kaya ngapa nggegirisine Prang Donya II. Diwawas saka tinjowan sejarah, pulo Papua pancen klebu rananggana Prang Donya II. Ing wewengkon kasebut campuh prang rame antarane pasukan Jepang lumawan wadya sekuthu kang dipimpin Amerika Serikat. Kurban tiwas saka tentara Jepang tanpa wilangan cacahe.
Sasuwene rangka-rangka tentara Jepang iku mapan ana Biak Numfor, akeh wisatawan kang mara kepengin meruhi wujude. Satemah daya tarike pelancong menyang kabupaten kasebut wimbuh gedhe. Ora sethithik uga wisatawan asal Jepang sing ngelengake nonton langsung rangkane leluhure mau menyang Biak Numfor.

Objek warisan budaya arupa kain bathik corak aksara Arab sing uga dibalekake Walanda menyang Indonesia. (Foto-foto: Antara)
Duta Besar Jepang ing Jakarta, Masafumi Ishii, nemenake lamun negarane kepengin banget mboyong rangka-rangka iku menyang Negara Matahari Terbit. Miturut Masafumi objek iku bakal ditliti dening para ilmuwan kanggo nyinau sejarahe prang donya kanthi luwih detail. Upaya nggawa bali rangka manungsa mau menyang Jepang, kandhane Masafumi, sejatine wis dirembug karo pamarentah Indonesia kawit 2019. Nanging kober mandheg 4 taun merga maneka sebab, salah sijine Covid-19. Awal 2024 pirembugan kuwi coba dimatengake karo Ditjen Kebudayaan.
Nalika semana Hilmar Farid ora kabotan ngirimake rangka-rangka kuwi menyang Jepang, nadyan tekane tentara Jepang menyang Indonesia 1942 iku merga kepengin nginvasi bumi Nuswantara tilas jajahane Landa. Sok ngonowa minangka tanggung jawabe Indonesia, pamarentah bakal minangkani panjaluke Jepang kuwi.
Seprene durung ana kabar maneh kepriye bacute rancangan repatriasi rangka-rangkaning tentara Jepang mau. Sebab Ditjen Kebudayaan samengko wis madeg dadi kementerian dhewe. Wondene Hilmar Farid wis diganti saka jabatane minangka direktur jenderal. Ditjen kebudayaan samengko uga wis dibubarake merga diganti nomenklatur liya.
***
Panulis: Kukuh S. Wibowo
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital






