Adya Rezky Mulya Dewa, Isih SD pinter Nggawe Tas Kreasi Dhewe

LAIR ing kulawarga kang perduli banget marang babagan lingkungan, Adya Rezky Mulya Dewa tuwuh minangka bocah sing gatekan karo isu pelestarian lingkungan. Dewa, undang-undangane bocah 11 taun iki, kerep manfaatake wektu lodhange kanggo nggawe tas saka barang-barang ora kanggo. Bebarengan karo ibune, Herni, Dewa wis mrodhuksi luwih saka 3.500 tas saka bahan dhasar karung beras.

Sakawit Dewa nglumpukake karung bekas kang wis dibuwangi wong-wong ing sakupenge omahe, dheweke banjur ndhesain modhel tas sing dipengini, saperlu didadekake pathokan ngolah karung-karung kasebut. Ibune banjur njait karung kang wis disiapake kasebut nganti awujud tas siap pakai. Kala-kala Dewa melu ngrewangi njait.

Modhel tas kang diproduksi Dewa lan ibune macem-macem. Ana kang arupa tas blanja (cangkingan) lan ana kang wujud ransel. Kabeh ukurane beda-beda, ana sing cilik utawa gedhe. Nalika ditakoni geneya milih ngolah karung beras, jawabane yaiku amarga bahane kang tahan air lan ora gampang suwek.

“Kanggo nggawe tas blanja ngene iki, karung beras siji wae wis cukup. Nanging yen pas nggawe ransel kang gedhe iku, butuh karung pitu,” jelase Dewa kanthi sumringah.

Dewa saiki sekolah kelas 5 ing SDN Tanah Kali Kedinding I Surabaya. Sadurunge pandhemi, saben dina dheweke budhal menyang sekolahan nganggo tas ransel asil prodhuksine dhewe. Tambah mongkog maneh nalika sekolahane menehi apresiasi marang kreasine Dewa iki. Sekolahane majibake siswa-sisiwine kabeh nganggo tas dhaur ulang prodhuk- sine Dewa kanggo wadhahe sangune.

“Wusanane Dewa lan aku mrodhuksi khusus. Tas kang kanggo sekolahe Dewa, bagian mburine disablon jenenge sekolahan. Bisa uga ditulisi jeneng lan kelas siswane dhewe-dhewe,” mangkono Herni nerangake. Tas-tas saka karung beras iki saiki dadi sumber pengasilan dhewe kanggo Dewa. Tas cangking cilik kang desaine polos, didol kanthi rega 5 ewu rupiah. Yen kang mawa sablon, 8 ewu rupiah. Yen ransel, amarga bahane akeh lan proses nggarape luwih angel, regane bisa nganti 75 ewu rupiah, selaras karo ukurane.

Saliyane didol kanthi offline, tas-tas iki uga didol liwat daring nganggo medhia sosial. Saengga sing pesen uga ana sing saka njaban kutha Surabaya, kayata Jakarta.

Keri-keri iki, Dewa wis ora kudu nggolek karung beras maneh. Tangga-tanggane saiki akeh sing langsung menehi karung kang wis ora kanggo menyang omahe Dewa. Mula Dewa saiki wis ora tau kekurangan bahan kanggo nggawe tas maneh lan lingkungan sakupenge omahe ing Kalilom Lor Kenjeran, dadi luwih resik saka anane uwuh karung.

Semangat go green kang ana ing Dewa diwiwiti saka nalikane isih cilik kerep nyawang ibune ngresiki uwuh kang mblasah ing Pantai Kenjeran, ora adoh saka omahe. Dewa sajake banjur kegugah atine nggawe prodhuk-prodhuk zero waste. Tas dhaur ulang mau dadi inovasine kang sepisanan.

Dewa nduwe pangarep-arep, yaiku bisa nyebarake kesadharan lingkungan lan nyiptakake kreasi-kreasi anyar kang ramah lingkungan. Salah sijine kanthi melu dadi peserta kontes Pangeran lan Putri Lingkungan Hidup, kang digelar Pemerintah Kota Surabaya karo organisasi Tunas Hijau, ing taun 2019 kepungkur. Ing kontes kasebut, Dewa lolos nganti tahap final.

Kejaba saka iku, Dewa karo wong tuwane uga kerep ngedum tas dhaur ulang iki ing dalan-dalan, kanthi marani wong-wong sing numpak motor utawa mobile kang mandheg ing prapatan merga lampu abang. Dum-duman gratis mau minangka edhukasi bab pentinge nggunakake maneh barang- barang kang satemene isih migunani, saengga uwuh ora saya tambah akeh. Mung emane, kegiyatan iki saiki kudu ngaso dhisik merga anane pageblug korona. Dinane iki, Dewa ajeg nindakake kegiyatan sekolah daring. Nanging Dewa tambah sregep anggone sinau njait dhewe, amrih mbesuk luwih siap prodhuksi mandhiri.

Bocah ragil saka sedulur loro iki uga nyenengi sarta aktif melu olahraga anggar lan renang. “Kan aku pengin cepet dadi dhuwur ta, mbak,” ujare marang PS karo nglucu.

***

Panulis: Dimas Rangsang
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *