Carane Ndeleng Sepira Akehe Wong Nyimpen Foto Kita ing IG

Nyimpen foto ing platform media sosial, mujudake cara tumrape liya tumrap kita kanggo nyimpen foto ing file lan bisa dadi indikator foto endi wae kang paling populer.

Saben wong kang nyimpen foto kita ing Instagram, foto ksb bakal disimpen lan muncul ing menu Saved utawa Disimpan. Foto iki bisa diilangi yen kita mbusak foto mau utawa ana wong sing mbusak saka menu.

Dinukil saka The Sun, durung suwe iki, biasane Instagram ora ngandhakake data utawa bab foto kang disimpen marang kita. Nanging ana cara kang bisa ndadekake kita bisa ndeleng sepira akehe wong utawa pengguna liyane nyimpen fotone ing Instagram.

Carane, kita mung perlu pindhah akun Instagram menyang Profil Bisnis. Kanggo nindakake bab iki, bukak Pengaturan > pilih Beralih ke Profil Bisnis.

Sabanjure Instagram bakal njaluk kita nyambung menyang halaman bisnis Facebook. Kita uga kudu milih kategori kanggo profil, kaya blog pribadi kanthi umum utawa apa-apa liyane kanggo kategori kang luwih spesifik.

Sabanjure, tambahana email, nomer telepon, lan alamat pribadi kita. Kita ora perlu ngisi informasi mau, mung sing siji perlu diisi. Kanthi mangkono profil bisnis kita wis rampung nggawene lan kita bisa pindhah menyang akun biasa kapan wae.

Sabanjure, kanggo mangerteni pira akehe wong kang nyimpen foto kita ing Instagram kang wis kita unggah, klik foto kang dikarepake > pilih Lihat Insight lan kita bisa ndeleng data mau. Kauntungan liyane saka nduweni Profil Bisnis ing Instagram, kita bakal oleh analitik utawa data bab piye kinerja akun Instagram kita, kaya upamane mangerteni kapan folower kita paling aktif ing Instagram lan asale.

Iki mbuktekake kita bisa narget unggahan kanthi luwih becik amrih oleh jumlah likes. Nanging ing babagan liyane, sawenehing wong nganggep kekurangan Profil Bisnis Instagram, bisa dideleng dening sapa wae lan dianggep mbebayani tumrap resiko keamanan kita.

***

Panulis: d/ist
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *