Jeneng Candhi Abang, iku kajupuk seka papane yaiku Gunung Abang, lan material bangunan candhi kang saka bata. Bata kang digawe saka lemah lempung, rupane abang. Wujud Candhi Abang saya katon ing mangsa ketiga utawa mangsa panas, awit suket kang pada nutupi gumuk iku padha garing, dadi warna abang kang sumunar saka bata bata sak ngisore, bisa cetha wela wela.
Lokasi Candhi Abang mapan ana ing Dhusun Sentonorejo, Desa Jogotirto, Kecamatan Berbah, Sleman Yogyakarta. Papane klebu unik awit candhi iki ana ing pucuke gunung, kang katelah Gunung Abang. Saka Candhi Prambanan, penere mengidul liwat Jalan Piyungan-Prambanan, tekan prapatan Madurejo, menggok mengulon arah Berbah. Saka dalan tumuju Berbah iku wis katon Gunung Abang lan Situs Gua Sentana. Rikala semana, jaman Penulis isih sekolah dasar, Gunung Abang kawentar wingit, akeh kanggo golek pesugihan.
Dalan tumuju Candhi Abang cukup apik, dalane cor-coran semen. Kendaraan rodha papat ora bisa mlebu tekan lokasi candhi. Kendaraan rodha loro bisa mlebu tumeka sak ngisore candhi, banjur kudu mlaku munggah tumuju pucuking gunung.
Tekan pucuking gunung, para pemirsa mesthi bakal mesem lega. Sesawangan seka ndhuwur gunung iki endah banget, bisa namatake Gunung Merapi. Dene ing pucuking gunung iki, sing diwasrani Candi Abang iki awujud gumukan lemah dhuwur, Candhi Abang Kang Kebak Misteri Jeneng Candhi Abang, iku kajupuk seka papane yaiku Gunung Abang, lan material bangunan candhi kang saka bata. Bata kang digawe saka lemah lempung, rupane abang. Wujud Candhi Abang saya katon ing mangsa ketiga utawa mangsa panas, awit suket kang pada nutupi gumuk iku padha garing, dadi warna abang kang sumunar saka bata bata sak ngisore, bisa cetha wela wela. memper klawan gumuk gumuk cilik ing tayangan film Teletubbies. Mula, gumuk Candhi Abang iki uga akeh kang ngarani Gumuk Teletubbies.

Gumuk Candhi Abang iki dhuwure kurang luwih 6 meter. Ananging wujud asli candhine, durung bisa dipesthekake awit kahanane wis ora wujud candhi, utawa wis rusak parah nganti ketutupan lemah. Miturut praduga saka bentuk gumuke, candhi iki wujude memper kaya piramida mawa sumuran ing tengahe. Katon kaya undhak undhakan saka watu putih utawa tuffa lan sak perangan watu andhesit kang isih dadi bahan adu argumentasi kegunaane.
Dinuga, candhi iki mujudake candhi Hindu kang dibangun ing abad tumekane abad 10 Masehi, ing jaman Kerajaan Mataram Kuno. Senadyanta ana praduga menawa candhi iki umure luwih tuwa tinimbang candhi candhi Hindu liyane.
Penulis banjur niti priksa sak kupenge lan kiwa tengene gumuk. Katon tumpukan bata ing sisih lor lan kulon gumuk candhi. Bata bata iku minangka asil saeka kedhukan gumuk rikala diadani ekskavasi panaliten saka BPCB DIY lan departemen arkeologi UGM.
Kala semana nemokake bukti menawa Candhi Abang kabangun ing dhuwur gunung kayadene Candhi Ijo lan Candhi Ratu Boko. Struktur pondhasi kang ditemokake, luwih jembar saka kawitan kurang luwih 46 meter saka sisih lor wetan tumekane kidul wetan. Miturut temon iku, candhi iku dinuga madep ngulon, kaya dene Candhi Ijo lan Boko. Temon liyane perangan candhi, uga ditemokake dhuwit logam kanti logo VOC. Dadi muncul saweneh praduga anane dhuwit iku, bisa kala semana candhi iki wis nate diekskavasi dening Landa, utawa dhuwit iku minangka tinggalan amerga perang kemerdekaan. Praduga keloro iku ana sambung rapete klawan Gua Jepang kang mapan ora adoh seka Candhi Abang iki.
Candhi iki klebu candhi kang unik, ing antarne yaiku bab teknologi bangunane. Kabudayan adiluhung katon banget ing babagan anggone mbangun candhi. Miturut asil ekskavasi, pucuking Gunung Abang iki sak durunge kabangun candhi dikeparas rata, banjur digawe kalenan kanggo nyeleh watu pondhasi lan sak banjure ditata munggah nganti wujud bangunan candhi.
Keunikan liyane yaiku Candhi Abang dibangun kanthi bata abang, beda klawan candhi candhi liyane ing Yogyakarta kang racak racake kabangun mawa watu andesit. Yoni kang tinemu ing kene uga unik. Racake, yoni iku wujuge kotak pesagi, ananging yoni ing candhi iki wujude hexagonal utawa segi wolu, papane ana ing sisih pojok kidul kulon. Sak ngarepe yoni iku, tinemu ukiran ing watu kayadene kang ana ing watu candhi. Ukiran iku isih misterius, durung bisa kawiyak apa maknane. Ukiran digawe ing sak ndhuwure watu gumuk iki.

Dene fungsi Candhi Abang, sak liyane minangka candhi sesembahan kayadene candhi candhi umume, uga dinuga duweni fungsi liya. Bab iki dijumbuhake klawan fakta watu-watu kang tinemu ing sak kiwa tengene candhi, lan sejarahe ilmu geologi. Candhi Abang iku cedhak karo Kali Opak, penere ing spot Lava Bantal kurang luwih 1 kilometer. Daerah sakupeng iku mujudake lipatan wewatuan ing sak ngisor lemah. Malah ana kabar menawa ing sak ngisore Kali Opak, isih ana kali ngisor lemah.
Para leluhur kala semana mbangun candhi iki minangka papan pamujan marang dewa supaya papan kono kalis saka sambekala. Ananging merga saking gedhene lindhu kang nabrak wewatuan gunung iki, bangunan candhi ora kasil nahan horege lindhu, dadi ambruk. Dadi, praduga bab kahanan Candhi Abang kang wis ajur mumur nganti ketutupan sesuketan ndadekake sawangan ming kaya gumuk iku.
Candhi Abang pancen isih dadi candhi kang misterius. Prasasti kang tinemu ing kene, durung bisa kawaca kanthi trawaca, kejaba angka taun yaiku 794 Saka utawa 872 Masehi. Angka taun iku uga durung bisa kewiyak wadine minangka taun mbangune candhi apa taun peresmiane.
Anane saweneh fakta miterius kang durung kasil kawiyak ndadekake akeh wong kang duweni praduga dhewe dhewe. Kaya kang tak aturake ing ngarep, Gunung Abang iku mujudake papan kanggo golek pesugihan. Ing Candhi Abang dhewe, akeh wong kang ngugemi menawa sak ngisore candhi isih akeh sumimpen mas picis raja brana kang durung kasil dijupuk.
Dene kapercayaan warga kono dhewe, Candhi Abang iku ana kang mbaureksa, yaiku Kyai Jagal arane. Dedege gedhe dhuwur, rambute dawa ngandhan-andhan. Kyai Jagal iku pawongan kang ngayomi papan kasebut. Nalika perang kemerdakaan lan Jaman Jepang, akeh warga kang mlayu lan ndhelik ing candhi iki, saengga lolos seka tentara Landa utawa Jepang.

Kanggo para pengunjung kang teka ing papan kene, uga diwanti-wanti supaya ora kena jupuk barang apa wae seka gumuk Candhi Abang iki. Saweneh warga lan pengunjung kang kasil ditemoni nuturake menawa kala semana ana pengunjung kang nemu jangkrik ing sak ngisore bata Candhi Abang. Jangkrik banjur digawa mulih, dan diingoni kanthi becik. Pancen suarane apik. Santas, sora, lan ora gelem leren, dadekake mongkog lan seneng atine. Ananging suwening suwe, jangkrik ora gelem leren babarpisan. Pawongan kang gawa jangkrik duweni anak cilik lagi lara, banjur njaluk supaya bali menyang Candhi Abang. Pokoke jaluk dolan maneh menyang Candhi Abang. Kamangka pawongan mau omahe Jakarta. Wusanane pawongan ksb sak keluarga bali menyang Candhi Abang lan jangkrik banjur dibalekake ing papane. Anake banjur waras kaya wingi uni. Mangga, menawa tindak Candhi Abang, apike pas mangsa ketiga, lan tansah ngati ati.
***
Panulis: Dwi Ony Raharjo
Panitipriksa: Keanu Ibrahim







