Xi Jinping Lawatan Ajak Memitran

Presiden China Xi Jinping miwiti lawatan menyang negara-negara Asia Tenggara. Sepisanan, Senen (15/4) menyang Vietnam. Dheweke sapatemon karo pemimpin lan para penggedhe negara kasebut.

Xi Jinping lawatan menyang Vietnam. Foto Reuters-Athit Perawongmetha

Kanthi blak-blakan Xi Jinping ngayem-ayemi Vietnam magepokan karo kahanan ekonomi wektu iki. Xi nandhesake amrih ora susah cilik ati ngadhepi perang tarif Amerika Serikat kang digembar-gemborake Donald Trump.

Kejaba saka iku, priya 71 taun iku ngajak Vietnam ngundhakake anggone memitran klawan Tiongkok. “Angkahe kanggo njaga sistem dagang global, indhustri, uga ilining pasokan,” ujare Xi nalika sapatemon ing Hanoi.

Pasar “raseksa” China, imbuhe Xi, tansah tinarbuka kanggo Vietnam. China lan Vietnam kudu mikuwati bab kang dadi punjering kawigaten lan bebarengan nampik upaya pandheseg ekonomi kang “sepihak”.

Memitran raket lan makarya bebarengan ing “perdagangan global”, kandhane Xi, wigati banget lan ora kena dikiwakake. “Prau cilik kanthi layar salembar ora kuwawa ing satengahe ombak lan barat gedhe. Amung kanthi gegandhengan kita bisa luwih mapan lan lajune mudhak adoh,” jlentrehe.

Xi Jinping mutusi kanggo nglawat menyang negara telu ing Asia Tenggara sawise Presiden Amerika Serikat, Donald Trump, mbiwarakake yen bakale ngundhakake beya impor kanthi ndedel. Tiongkok klebu sing ketiban dhuwur, nganti 145%. Ora let suwe pawarta iku diimbali, China genti ngundhakake beya impor barang saka AS akehe 82%.

Sejatine, Vietnam milih cara kang beda karo China. Rancangane, Vietnam bakale ngerih-erih Trump amrih olehe ngundhakake beya kanggo Vietnam ora nemen. “Kita bakale nuku barang saka AS luwih akeh, klebu barang kanggo keamanan lan pertahanan,” ujare Perdana Menteri Vietnam, Pham Minh Chinh, kaya dikutip AFP, dhek Selasa (8/4).

Lawatane Xi Jinping nuju Vietnam, Kamboja, lan Malaysia

Chinh pancen ora ngenteni suwe olehe ngandharake bab kasebut, sakploke Trump matrapake beya impor 46% kanggo negarane. Tan bisa diselaki, Vietnam klebu negara kang ketar-ketir, amarga putusane Trump kasebut kabiji bisa njalari dumadine perang dagang. Xi Jinping dhewe tekane wektu iki wis napakastani prajanjen memitran antarane China lan Vietnam, sakora-orane 40. Ana babagan dagang lan pertanian, pembangunan jalur sepur, sektor digital, uga ekonomi kang “ramah lingkungan”. Lan sawise iku, Xi Jinping bakal nerusake lawatane menyang Kamboja lan Malaysia. (lie)

***

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *