WARGA Dhusun Bok Sendhung, Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung wis suwe anggone padha dadi perajin kesed. Nalika jaman Gombale Mukiya isih dadi perajin kesed sepet, nanging bareng jamane wis owah (wong Bok Sendhung ngarani jaman Gombale Sukiya), malih dadi perajin kesed Gombale Sukiya.
Nalika jamane “Gombale Mukiya” isih usum wong wedok ngenggo kotang, lan bocah cilik ngenggo oto. Wujude kotang kaya kacamata, dene wujude oto kaya kotange Gathutkaca. Nanging bareng lair “Gombale Sukiya”, “Gombale Mukiya” banjur kari crita. Mula sing ana malih “Gombale Sukiya” sing dienggo rebutan kanggo bahan gawe kesed.
Desa Gilang ora adoh saka kutha industri Ngunut. Saliyane cedhak pasar uga kliwatan ril sepur. Mula wiwit biyen nganti saiki akeh sing padha usaha konveksi. Sing jenenge konveksi mesthi ngasilake klambi (seragam), lan kain pipihan (kain perca). Nalika isih durung usum BH, kain pipihan (wong Bok Sendhung nyebut Gombale Mukiya) kasebut mung disambung- sambung digawe kotang. Ning bareng wis usum BH, kain pipihan kasebut banjur digawe kesed. Dene sing ora kena digawe kesed banjur digawe jampel utawa sawalan bantal lan guling.

Gombale Sukiya asale saka kain pipihan utawa istilah ngetrene kain limbahe konveksi. Mula yen mbutuhake Gombale Sukiya ya kudu mara menyang omahe pengepul utawa konveksi. Kaya padatan saben ana Gombale Sukiya sing diangkut trek mesthi ana wong arep usaha apa, gumantung akeh orane Gombale Sukiya sing didhukake. Yen akeh (kabeh) arep didol maneh, dene yen sethithik (apa maneh yen mung limang kilo nganti sepuluh kilo) sing cetha ora didol maneh.
Banjur yen ora didol maneh arep digawe apa? Jarene Mak Tutik, warga Dhusun Bok Sendhung, arep digawe kesed! Dene idhe gawe kesed sawise dheweke weruh ana wong gawe kesed sing bahane saka Gombale Sukiya. Apa maneh bareng tu- ku kesed kasebut dheweke banjur penasaran, kepriye ya carane gawe? E … jebul padha karo carane gawe kesed sepet. Mung bedane yen kesed sepet sing dienam tam- par sepet, lha kesed iki sing dienam Gombale Sukiya sing wis diguntingi.
Nalika jaman “peralihan” (owah-owahan jaman Gombale Mukiya tumuju jaman Gombale Sukiya) Mak Tutik (64) isih prawan. Mula anggone golek bahan mung cukup mara menyang omahe penjait. Dene asile anggone gawe kesed Gombale Sukiya wektu iku mung kanggo tuku BH. Dene alasane, wektu iku warga Dhusun Bok Sendhung isih primitif. Tumrap sing isih prawan sing ora nyaman ngenggo kotang mung cukup kaosan kotang. Sarehne Mak Tutik genti sing ora nyaman banjur nekat gawe kesed arep kanggo tuku BH.
Sabanjure kanggo mbuktekake yen Gombale Sukiya bisa digawe kesed, Mak Tutik banjur nekat menyang gerdhon kesed. Pungkasane ing kana ketemu perajin kesed sing bahane saka Gombale Sukiya. Mu- la, sabaline dheweke saka gerdhon kesed banjur nggawa oleh-oleh carane gawe kesed Gombale Sukiya kasebut.

Wiwitane mung ditandangi ing sela-selane ngupakara tanduran pari utawa jagung. Nalika isih nyambi olah tetanen, sedina mung bisa ngenam kesed 3. Yen mempeng (ora disambi), sedina bisa entuk kesed 10 nganti 15. Kamangka bahane kesed anggone tuku. Yen bahane entheng (emen) dadi kesed 3, dene yen bahane abot (kaos) mung dadi kesed 2. Bahan emen 1 kg = Rp 3.500. Bahan kaos 1 kg = Rp 2.700. Yen digawe kesed endah, kesed siji payu Rp 3.000.
Banjur yen mung dadi kesed 2, bathine banjur pira? Yen dietung sacara matematika cetha ora sum- but. Rp 6.000 (2 x Rp 3.000) – Rp 2.700 (regane bahan 1 kg) = Rp 3.300. Yen sedina rata-rata mung bisa gawe kesed 14, bathine kari ngetung: 7 (14 dipara 2) x Rp 3.300 = Rp 23.100. Bathi samono iku jarene Mak Tu- tik mung kena kanggo tuku lom- bok. Ning yen dietung karo turu isih sumbut, amarga yen mung turu (tampa ngenam) oleh-olehe ya mung impen, guyone.
Nanging bareng wis lansia gek bojone mung dadi pengacara (pengangguran banyak acara), Mak Tutik banjur fokus ngenam kesed Gombale Sukiya. Sarehne mung fokus ngenam kesed Gombale Sukiya, sedina bisa ngentekake bahan 8 kg. Kuwi yen ora usume rewang, lha yen usume rewang sedina mung entek bahan 2 kg. Terkadhang malah blas yen sedina ora mulih, dene alasane krana wis kesel.
Nadyan mung kena kanggo tuku lombok, anggone ngenam kesed panggah diayahi. Saben anggone masak wis mungkur, sawise sarapan banjur milah-milah bahan kesed. Sing padhang diworake padha karo sing padhang. Dene sing peteng (nadyan dudu ireng) diworake karo sing peteng. Sabanjure, yen wis dipilah-pilah banjur diguntingi. Bahan-bahan sing wis diguntingi kasebut banjur dienam. Biasane yen wis nglumpuk akeh banjur diparani dening pengepul kesed Gombale Sukiya.

Ing taun 2006, perajin-perajin kesed ing Dhusun Bok Sendhung oleh bantuan saka pamarintah arupa cithakan keset. Mula sing maune ndadak nyithak dhewe kaya Mbak Tutik, malih ora. Sabanjure prodhuksi kesed Gombale Sukiya ing Dhusun Bok Sendhung banjur ningkat. Sing maune perajine ora ana wong 20, malih luwih 40. Amarga akeh sing alih profesi, sing maune perajin kesed sepet dadi perajin kesed Gombale Sukiya.

Mung emane, bareng taun 2018 akeh sing padha dadi TKW, cithak- ane keset banjur akeh sing digentekake. Salah siji ing antarane sing nggenteni cithakan keset kasebut sing ditemoni PS yaiku: Tri Wahyuni Setyawati (21). Yuni (sebutan Tri Wahyuni Setyawati) ngaku asli Dhusun Bok Sendhung. Nadyan isih bocah wis duwe anak. Awitane ya kaya Mak Tutik, mung penasaran. Mung bedane, yen Mak Tutik wis suwe, dene Yuni lagi taun kepungkur.

Bahan anggone tuku saka pengepul Doroampel, dene adole kesed ora mesthi. Kadhang menyang Doroampel, kadhang uga menyang Sumberjo Kulon. Kesed siji regane beda-beda, gumantung jinise. Yen indah Rp 3.000. Yen penjara Rp 3.900. Dene yen sumbu Rp 4.400. Sakjane jinis indah lan penjara iku meh padha. Sing mbedakake mung regane lan cithakane. Yen jinis indah kesed siji payune mung Rp 3.000. Dene yen jinis penjara luwih larang, kaceke Rp 900. Beda maneh yen jinis sumbu keset siji payune nganti Rp 4.400. Mung prosese wae sing rada njlimet. Amarga ndadak nglebokake pipihan ing njero benang.
Mula anggone njejet utawa nje- pit isih mbutuhake benang. Benang 1 kg regane Rp 50.000, mung kena kanggo njejet keset 30 – 31. Sarehne ditandangi sawise nge- terake anake sekolah, sedina bisa ngasilake kesed 12 – 14. Yen dietung rata-rata saben dinane mung oleh opah Rp 36.000. Ning yen ditabung suwene setaun kena kanggo tuku sepedha motor (Rp 36.000 x 30 x 12 = Rp 12.960.000). Apa maneh yen ditukokake wedhus, bisa mbranah akeh.
Panulis: Budiono MG
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







