Kita mesthine wis apal klawan sakehing woh-wohan kang kerep kira prangguli ing saben dinane, kayata kates, gedhang, apel, jeruk, lsp. Woh-wohan iki wis akrab lan uga gampang ditemokake ing Indonesia lan ing negara liya.
NANGING, tanpa disadari, ana sawenehing woh-wohan sing pranyata cukup unik lan mungkin wae para maos durung tau ngerti utawa malah durung tau ngicipi rasane. Penasaran kaya apa woh-wohan kang unik ksb? Ayo kita semak sapepake, kaya sing wis kita nukil saka situs tentik.com iki.
Safou, Pir Afrika

Woh sing nduweni werna kulit biru semu wungu iki asalé saka alas tropis Afrika sing lembab. Woh safou, utawa jeneng ilmiahe Dacryodes Edulis dawane udakara 14 cm.
Woh iki nduweni kandungan lemak sing cukup dhuwur, saengga bisa ngatasi masalah keluwen ing Afrika. Safou uga ngandhut macem-macem nutrisi sing dibutuhake dening awak, kayata vitamin, trigliserida, asam amino lan asam lemak esensial.
Physalis
Woh Physalis dibungkus ing lembaran kulit mawa serat sing cukup unik. Ora sethithik uga sing nyebutake yen woh iki cedhak klawan golongane terong, tomat lan paprika. Woh iki kecute meh padha karo kecute tomat. Woh Physalis asring diolah dadi pasta lan saus seger.

Akee
Amarga wujude sing unik, woh iki uga asring diarani ‘uteg sayuran’. Woh sing asalé saka Afrika Kulon iki wis dibudidayakake ing Haiti, Jamaika lan Kuba. Unike, ing wilayah Karibia, woh iki uga digunakake minangka pelengkap masakan.

Yen ora diolah kanthi becik lan bener, woh iki bisa nyebabake penyakit, lan sing luwih nemen maneh, bisa nuwuhake pati tumrape menungsa. Salah sijine yaiku mutah-mutah engga ndadekake semaput (koma) lan mati.

Mamey Apple
Woh sing nduweni variasi akeh iki mujudake woh asli saka Amérika Kidul. Woh sing nduweni jeneng liya Mammee Apple utawa Santo Domingo iki uga bisa ditemokake ing Florida lan Hawaii. Woh iki nduweni dhiameter kira-kira 20 cm lan nduweni kulit sing kandel sarta isi wohe awarna kuning.
Woh Hala
Pranyata wilayah Hawaii ora mung misuwur klawan pesisire wae, nanging uga maneka rupa hayatine. Buktine, woh Hala kang unik iki mujudake woh asli saka Hawaii. Tampilan njaba woh iki katon kaya sakumpulan cublesan cilik kang awrna abang.


Pepino
Woh iki katon satleraman kaya woh semangka. Kanthi corak garis lurus ing warna soklat tuwa utawa ireng. Pranyata woh pepino iki asale saka asil kawin silang antarane woh melon lan woh pir. Woh pepino akeh ditandur ing Amérika Kidul lan diekspor engga tekan wilayah Turki lan Selandia Baru.
Cupuacu

Woh unik sabanjure yaiku cupuacu. Unik banget jenenge, nanging nduweni rasa sing enak banget lan nduweni manfaat sing luar biasa. Woh sing asalé saka daratan Amazon iki saemper kaya campuran gedhang, nanas lan woh pir. Lan biasane woh cupuacu iki asring digunakake minangka hidangan penutup.

Apel Kayu
Para maos mesthien bakal ngira yen woh iki nduweni struktur sing atos ya? Ya bener banget. Cocok karo jenenge, apel kayu nduweni struktur kulit sing atos kaya kayu. Tumrape umat Hindu, wit apel kayu tansah dijaga lan dirumat amarga wit ksb dianggep suci lan keramat. Woh iki umume wernane abu-abu, kuning lan/utawa ijo.
Kiwano Melon
Apa ana sing wis tau krungu? Amarga woh iki pancen cukup unik lan durung tau ditemokake ing Indonesia. Saka njaba, woh iki katon mirip karo woh naga, nanging ing njerone kaya timun sing nduweni struktur wiji mlungker werna ijo. Kiwano melon akeh thukul ing California, Afrika Kidul lan Selandia Baru.

Akeh sing ngandhakake yen woh iki gabungan antarane timun, jeruk lan gedhang. Woh kiwano melon wernane semu kuning kanthi isi wohe ijo nyolok.
Yangmei
Woh sing siji iki pancen katon kaya stroberi. Woh Yangmei asalé saka China lan uga dikenal minangka bayberry. Woh sing nduweni jeneng latin Myrica Rubara iki bisa disuguhake kanthi maneka cara, wiwit saka dipangan langsung, difermentasi utawa digaringake. Amarga nduweni isi bahan- bahan sing migunani, mula ora arang yen woh yangmei diolah kanthi cara digaringake lan ddidadekake minangka bahan ing inuman keras sing diarani baiju.

Panulis: d(***)
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







