Reca ing Sendhang Kasihan, Bukti anane Desa Kuna?

SENDHANG Kasihan, para sutresna mesthi wis padha mangereteni babagan sendhang kang mapan ana ing Dusun Tirtonirmolo, Desa Tamantirto, Kecamatan Kasihan Bantul, DIY iki. Penere ana sisih kulone Pabrik Gula Madukismo, ing sapinggire Kali Bedog.

Sendhang iki ora bisa kapisahake klawan cerita dumadine. Senadyan ana sawetara versi cerita, ananging wose yaiku magepokan klawan Ki Ageng Mangir Wanabaya lan Rara Pembayun, putrine Panembahan Senopati. Sendhang kang dipercaya mujudake tilas tekenne Kanjeng Sunan Kalijaga iki, tekan saiki uga dipercaya nggawa berkah lan dadi papan tetirah, nglakoni utawa sesirih. Akeh cerita wong kang kabul kajate karana nglakoni tetirah ing papan iki. Ya merga bab ksb, papan iki lestari tumeka saiki.

Reca Ganesha lan Agastya sangior uwit Soko Temnaten

Semana uga babagan mula bukane jeneng Sendhang Kasihan. Kacarita rikala jaman semana, ana Mbok Randha kang mlaku munggah mudhun gunung ngendhit kendhil. Kringete dleweran, ambegane senen kemis. Sedhela mlaku, sedhela leren, saking adohe anggone golek banyu. Kanjeng Sunan meruhi wong wadon kuwi banjur takon sapa jenenge lan kenapa mlaku nganti kringeten teken kene. Wanita kuwi mangsuli menawa jenenge Mbok Randha Kasihan, lan anggone mlaku tekan papan kene saperlu luru banyu. Meruhi kahanan mengkana, tuwuh rasa m welas asihe Kanjeng Sunan. Kanjeng Sunan banjur dedonga marang Gusti Allah, lan nancepake tekenne ing lemah. Nalika teken didudut, ing tilas teken kuwi dadi tuk, sumber banyu bening. Kanjeng Sunan banjur menehi tetenger Sendhang Kasihan.

Ing sisih kulon sendhang, ngadeg wit Soko Temanten, kang ditandur dening Sultan sepisanan ing Ngayogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono I ing taun 1755. Sekawit, wit soka iki ana sepasang, lanang lan wadon. Mula keceluke Soka Temanten. Dene wit soka lanang saiki wis rubuh, kari wit soka wadon.

Sendhang iki sejatine mapan ana pekarangane warga yaiku Mbah Iro Diwiryo, kang banjur dipepetri tumeka saiki dening putu kang uga dadi juru kunci yaiku Yudaryanto, utawa Yudi. Sangiosre wit kuwi, ana reca loro kang wujud reca Ganesha lan Reca Agstya. Karo-karone ditemokake ana ing papan kono.

“Nalika dikedhuk biyen, nemu reca kuwi.” ujare Pak Gatot, pawongan kang asring reresik ing sendhang. Anane temon reca ing papan iki mujudake temon kang ngedab-edabi. Kenapa mangkono?

Ing kabudayan Hindhu, Ganshe kuwi putrane Siwa lan Dewi Parwati. Mujudake Dewa Ilmu Pengetahuan, Pengayoman, Kawicaksanan, lan uga Dewa Tulak Balak. Dene Resi Agastya, dipercaya minangka wong suci kang nyebarake agama Hindhu ing India lan Nuswantara. Mula saking gedhene labuh labete marang agama, piyambake antuk kinormatan minangka wong suci kang drajate padha klawan dewa, nganti direcakake ana pirang-pirang papan suci.

Nah, anane reca iki, dinuga ing papan kene rikala semana ya wis ana desa kuna utawa wanua, kang wis ngrasuk kabudayan Hindhu. Mula, Kanjeng Sunan Kalijaga anggone ngumbara tekan ing papan kene, temtu wae wis dipetungake, ora mung waton mlaku lan ujug-ujug tekan papan kang suci iki. Bisa diarani papan suci karana Ganesha lan Resi Agastya kuwi dening para pemujane, mesthi dipapanake ana papan kang suci. Dene papan suci kuwi, mesthi dadi papan pamujan kang kebak donga, mula saliyane suci secara lair uga suci secara batin. Mula lumrah menawa papan iki tekan saiki dadi papan ngalab berkah, karana kesucene lan kebak donga para wikuna.

Jumbuh klawan dumadine sendhang iki, Pak Gatot mratelakake menawa jeneng “kasihan” kuwi uga mawa makna kanggo ngasihi sapadhapadha, sapa wae. Mula seka tembung asih, kasihan, kuwi banjur akeh kapercayan marang daya lan berkahe sendhang iki. Akeh wong seka njaban rangkah Ngayogyakarta padha teka saperlu ngalab berkah kanthi maksud maneka warna, kayata drajat, pangkat, pelarisan, jejodhohan, lan kanggo narik kawigatene liyan.

“Piyayi-piyayi putri kae adus kungkum yo manut kemantebane atine dhewe…”ujare Pak Gatot sambi nuduhi wong wadon loro kang nembe kungkum.

Dene ritual kang dileksanani, manut marang kekareban lan kemaremane dhewe-dhewe. Ana kang mung teka semedi ing sangarep reca, ana kang banjur adus kungkum, lan ana uga kang adus banjur semedi ing sangarep reca. Wayah anggone padha lelaku, rame-ramene ing malem Kliwon, senadyan ing wayah awan uga akeh kang teka. Karana sendhang iki pancen panggonane eyup, kacawisake papan palereman ana saubenge sendhang.

Uwit Soka Temanten ing sisih kulon sendhang

Pihak Keraton Ngayogyakarta dhewe uga menehi kawigaten marang sendhang iki. Kepiye wae sendhang iki duweni cerita sejarah magepokan klawan madege Krajan Mataram. Mula menawa keraton lagi duwe gawe, banyu sendhang iki tansah diperlokake minangka salah sijine syarat ritual.

“Keraton menawa duwe gawe, mesthi jupuk banyu kene, banjur Sendhang Selirang ing Kotagede lan sapanunggalane.” Ature Pak Gatot.

Panulis: Dwi Ony Raharjo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *