Papane Wong Cilik ing Politik

SABEN pawongan nduweni hak kanggo njupuk bageyane sajroning pemerintahan negarane. Kuwi unen-unen ing Universal Declaration of Human Rights.

Ora dibenerake tumprap siji-sijiya manungsa nduweni hak nguwasani wong liya, sabab saben manungsa andarbeni hak kamardikan alamiyah kang padha. Sing iki unine filsuf Inggris, John Locke.

Nalika Indonesia milih sistem pemerintahan dhemokrasi sing jarene kekuasaan tertinggi ana ing tangane rakyat, wis samesthine rakyat ing papan ngendi wae nduweni hak kang padha, kalebu golongan rakyat cilik. Pitakonane, apa iya nganti dinane iki wong cilik utawa rakyat cilik ing negara kita wis antuk papan kang samurwat ing jagading politik? Apa ya wis antuk kaadilan sing samesthine? Tulisan cilik iki nyoba mawas kanthi sudhut pandhang kanyatan sosiologis.

Harold D. Lasswell lan Edward T. Hall

Ana buku kang becik ditulis dening sosiolog Inggris, Morris Ginsberg, irahane On Justice in Society. Ing buku kuwi dirembug bab konsep keadilan, etika, hak lan kewajiban babagan ekonomi, pendidikan, uga moralitas lan hukum.

Kahanane masyarakat Indonesia ngalami owah-gingsir. Wiwit jaman pra-kemerdekaan, era Orde Lama, OrdeBaru, lan saiki sing Orde Reformasi. Nanging nyatane kahanan masyarakat kelas bawah sing asring katelah wong cilik ora akeh ngalami owah-owahan. Tingkat pendidikane tetep wae cendhek. Apamaneh yen kajumbuhake karo pemikirane George Herbert Mead ngenani politik dhemokrasi. Bisa luwih kithal lan kaponthal-ponthal.

Ing bukune Mind, Self, Society, Herbert Mead njlentrehake ngenani teori Interaksional Simbolik. Ngenani struktur masyarakat kanthi lingkup luwih mikro, sing wusana nglairake telung konsep, yakuwi organisasi sosial papan mulure akal budi (mind), dhiri-pribadi (self), lan masyarakat (society).

Telung bab kuwi dhestun ana sambung rapete karo tingkat intelektualitas. Lha yen wong cilik, ing kutha cilik lan karang padesan, racake isih ruwet kabulet karo enonomi subsistem, lagi umyeg ngurusi weteng ing sabendinane, kepriye anggone arep mesu budi ing babagan politik, ngranggeh apa kang dadi hak-e?

Mulane ora jeneng aneh lan aeng yen ing kampanye pemilu wingenane (pilpres lan pileg) racake wong cilik banjur semrinthil nalika diiming-imingi bantuan sosial awujud beras utawa sembako (apa maneh dhuwit). Ing kahanan kaya mengkene wis genah kuwalitas dhemokrasi durung bisa diarep-arep. Durung bisa ngancik tataran idheal kaya Amerika sing dhemokrasine wis lumaku pirang-pirang abad.

Wong cilik isih kena diibarate kaya dene bumbu pawon: salam, laos, lan asem. Nalika arep mangsak sayur asem dibutuhake godhong salam, empon-empon laos lan woh asem. Dene yen wayah mangan, telung bumbu mau mesthi disingkirake utawa dibuwang. Jeneh apa ana sing gelem ngethuti godhong salam, nglethaki laos, lan ngemut asem. Mesthi disisihake. Mbesuk wae yen arep dibutuhake ing Pemilu digoleki maneh.

Kamangka, rakyat golongan ngisor kuwi – sebut wae wong cilik – gunggunge mayoritas. Miturut data saka Dataindonesia.id (Desember 2022), sing lulus SD: 23,2%. Tamat SMP: 14,5%. Tamat SLTA: 21,1%. Lulus D3: 1,3%. Lulus sarjana S1: 4,5%. Lulus Sarjana S2: 0,3%. Lulus Sarjana S3: 0,02%. Sisane SD wae ora tamat.

Saka data kuwi wis katon banget pirang persen golongan ing elit, cendekiawan, sarta melek politik lan dadi pelaku politik. Pirang persen sing posisine amung dadi pasar politik. Langsung bisa kagambarake papane wong cilik ing belantara politik Indonesia. Luwih-luwih sawise gelombang liberalisasi politik sing wis rong puluh taun ngrabasa akeh negara eks rezim totalitarian utawa otoritarian, kalebu Indonesia.

Pemiluing Indonesia sing pelaksanaane isih tambal-sulam, isih kudu sinau akeh, dumadakan kanthi gumerahe liberalisasi politik banjur kaglandhang dening cara-cara kampanye Amerika (“the international role model of campaigning”). Temahan bosah-baseh, nunjang palang nyisakake anomali-anomali sing gawe njondhile para pengamat politik.

Sapa Entuk Apa

Hakekat politik kuwi kekuwatan lan kekuasaan. Ing kono lumaku proses komunikasi lan hukum ekonomi. Kaya kang dituturake dening Harold D. Lasswell. Ing bukune, Politics: Who Gets, What, When and How, Lasswel nuduhake formula komunikasi: sapa ngomong apa, menyang sapa, liwat saluran apa, lan andadekake kepriye (who says what, to whom, with what channel, and with what effect). Nanging Lasswell uga ngrumusake formula politik, yakuwi sapa entuk apa, kapan, lan carane kepriye.

Pemilu ing Amerika sing dikabarake aweh pengaruh ing Indonesia

Mulane yen wong cilik saiki wis mundhak pinter ya amarga diwulang-wuruk dening kahanan. Weruh akeh pejabat publik (gubernur, bupati, walikota) sing korupsi lan ya weruh ora sithik wakil rakyat sing mlebu penjara merga kesangkut korupsi, mula wong cilik banjur ora wigah-wigih maneh nampani redana sing ora samesthine (money politics).

Ya lagi ing taun 2024 iki ana istilah NPWP ing masyarakat. NPWP cekakan “Nomer Pira Wani Pira” (dudu Nomer Pokok Wajib Pajak). Istingarah banjur akeh sing cluluk yen Pemilu taun iki mujudake Pemilu paling larang. Malah sing keladuk nyebut: Pemilu termahal di dunia.

Sing luwih mrihatinake maneh, sing jenenge politik dhuwit (money politics) kuwi dipraktekake ing lapangan wis ora nganggo basa-basi. Yen kasemak saka teori cultural context andharane Edward T. Hall ing karya klasike Beyond Culture, genah masyarakat cilik ora migunakake high context culture maneh, nanging wis nganggo low context culture. Sing diarani high context kuwi yen carane nyampekne kekarepan, tujuwan utawa pesan isih mbulet-mbulet, nganggo tembung-tembung alus, kebak simbol, sinamudana. Dene low context kuwi langsung wae kekarepane apa dikandhakne blak-kotang terus- terang, tanpa tedheng-aling-aling, aling-aling tedheng.

Apa kahanan politik kang kaya mengkono kuwi sehat? Mesthi wae ora sehat. Nadyan dikaya ngapa sing jenenge politik dhuwit (money politics) kuwi bakal mbubrahake tatanan dhemokrasi. Mula nalika ing wektu durung suwe iki ana tokoh kang kepengin nglegalake swara rakyat sing entuk dituku, genah kuwi pemikiran sing keblinger. Yen ta nganti dituruti temenan, bakale negara iki dikuwasani dening cukong lan raja-raja dhuwit. Kekuasaan wis ora ana tangane rakyat maneh, nanging pindhah ing tangane para konglomerat lan oligarki.

Aku banjur kelingan puisine Rendra, “Sajak Sebatang Lisong” kang mengkene unine:

Mengisap sebatang lisong
melihat Indonesia Raya
mendengar 130 juta rakyat
dan di langit
dua tiga cukong mengangkang
berak di atas kepala mereka.

Kuwi puisi sing ditulis dhek 19 Agustus 1977. Saiki pira guggunge rakyat Indonesia? Wis arep tikel pindhone.

Miris rasane yen ta nganti negara kita melu kapilut- ketut-larut karo pemilu gaya Amerika. Awit Amerika kuwi darbe penganggep dhuwit minangka duduh susu ibune politik. “Money is the mother’s milk of politics,” ucape Jesse Marvin Unruh, politikus Amerika (1922- 1987).

Blaik tenan!

Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *