Gelaran Ludrug lan Kethoprak Karyane Mahasiswa

Mahasiswa Jurusan Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa (PBSJ) Universitas Negeri Surabaya (Unesa) ngadani pagelaran Lokakarya Ludrug kanthi lakon “Jaka Sambang Pendhekar Gunung Gangsir” lan Kethoprak alakon “Damarwulan Kridha”. Cukup nengsemake lan narik kawigaten.

Keplok mbata-rubuh para pamirsa cacah atusan ngiringi bebukane pagelarane para mahasiswa PBSJ Unesa ing gedhung pertunjukan Sawunggaling kampus Lidah Wetan, Rebo sore (30/4/2025) wingi. Pagelaran iki kapantha rong bageyan, sepisanan ludrug, sinambung kethoprak ing dalune. Sing nggelar acara iki, wiwit panitilaksana, paraga, pangrawit, nganti beksane komplit saka mahasiswa semester papat mangisor.

Para beksan remong Sanggar Bharada kang katon gagah merbawani mbukak pagelaran ludrug

Panggung binuka kanthi pasugatan remong lan bedhayan saka kekumpulane mahasiswa semester loro PBSJ Unesa. Sekabehane katon mranani ing solah bawane, tur mungguh amatuti. Mimbuhi sengseming purwaning acara sore kuwi. Lampu panggung nuli gemremet timbreng. Ora suwe panggunge owah dadi papan warung, sumusul adegane pangidung lan dhagelan kang sedyane mikat kapiaseme para pamirsa.

Adegane Jaka Sambang jugar saka pertapan Gunung Gangsir

Cinarita, ana sawijining lurah aran Bintara kang nulak panjaluke pehak Walanda supaya mbeburuh rakyat desa Gunung Gangsir kanggo nggarap proyeg treteg Gempol-Porong. Sebab, iku mono mung nambahi sengsarane rakyat. Ngerteni kahanan mangkono, Lurah Abilawa kang isih kapiadreng manahe tumrap Sutinah ya garwane Lurah Bintara, ngupaya kanggo malesake nastapane kuwi.

Direwangi nyekuthu kalawan Walanda, Lurah Abilawa sumadya merjaya Lurah Bintara kanthi alasan politis: masarakat Gunung Gangsir kang dipandhegani Lurah Bintara bakal mungsuhi Walanda. Wekasane rajapati tinemahan marang Lurah Bintara kang agawe wuyunge Sutinah.

Jaka Sambang lagi semedi ing pertapan Gunung Gangsir.

Ora nrimakake kedadeyan kuwi, Sutinah marak njugarake putrane, Jaka Sambang kang lagi mertapa ing Gunung Gangsir. Kabar patine Lurah Bintara saka Sutinah dadi brongoting atine Jaka Sambang. Wiwit kuwi prasetyane Jaka Sambang yaiku nindakake piwales marang palastrane bapane lan njejegake kaadilan tumrap rakyat Gunung Gangsir. Wusanane, Jaka Sambang kesuwur kanthi jejuluk “Pendhekar Gunung Gangsir”.

Pasugatan gambyong sanggar Bharada pamurwaning Kethoprak

Pagelaran sabanjure dibacutake dening kethoprak lakon Damarwulan Kridha kang kawiwitan dening pasugatan beksan gambyong. Adegan sepisanan nuduhake Damarwulan kang lagi nggegodha marang para wanodya. Bab kasebut rinasa kurang pantes. Sebab Damarwulan wis manjing umure kanggo ngabdi marang Majapait kaya dene taruna salumrahe.

Satekane ing kepatihan, Damarwulan kudu legawa ngemban wajib minangka jagaregol. Dene sawijining nalika njaga regole kepatihan, klakon sisipe Damarwulan yaiku nyegat lakune Layang Seta uga Layang Kumitir minangka putra dalem kepatihan. Wusanane dumadi ruhara antarane Damarwulan lan Seta Kumitir. Nuli Patih Logender deduka marang Damarwulan sing wusanane kapidana minangka pekathik kang ngopeni 150 jaran.

Anjasmara ya putra pambarepe Patih Logender, kepranan marang Damarwulan. Kekarone banjur rumaket sih-ingasihan nganti manjing balewisma. Ewasemana, ing Majapait, lagi ana ontran-ontran sing dijalari dening Minakjingga jinejer adipati Blambangan kang mbalela mbondhan tanpa ratu.

Nguninga bab sing kaya mangkene, Ratu Kencanawungu pikoleh wangsiting jawata, dene sing bise nyirep gegeraning Majapait lan Blambangan, ora liya Damarsasangka. Sing mengku jejuluk kuwi mung Damarwulan mantu dalem kepatihan. Wekasane, Damarwulan tinimbalan marak sowan nampa dhawuhing Ratu Kencanawungu madeg senapatining Majapait kanggo numpes kridhaning Minakjingga.

Ing satengahing palagan, Damarwulan kasoran yuda tumuli nemahi pantaka, awit kungkulan Gada Wesikuning pusakane Minakjingga. Senajan mangkono, Damarwulan bisa urip maneh awit sinungan panjurunge Waita lan Puyengan, ya selire Minakjingga sing nalika kuwi kepilut marang baguse Damarwulan. Wusanane kekarone kajaluk Damarwulan supaya nuduhake pengapesane Minakjingga, sing ora liya pusakane dhewe ya Gada Wesikuning. Pusaka kasebut kasil dicolong dening Waita lan Puyeng banjur kaaturake marang Damarwulan.

Awit saka kuwi, Damarwulan maju menyang palagan maneh lan kasil mbengkas karya merjaya Minakjingga. Minangka bebana kasiling upayane Damarwulan kuwi, Ratu Kencanawungu misudha Damarsasangka minangka ratuning Majapait kanthi apeparab Prabu Damarwulan.

Adegan mbaka adegan lumaku kanthi rancag. Pacaturan kang ditindakake dening paraga ludrug utawa kethoprak rinasa urip. Pancen siji loro sastra ukarane isih keprungu kaku, nanging bisa katutupan dening rowange.

Wusanane pagelaran tinampan surak giyak-giyake para pamirsa kalawan ngadeg utawa soke ingaran standing applause. Ora ana sing patut cinacad ing pagelaran sedina kuwi. Klebu duo dhagelan saka pentas ludrug lan kethoprak sing bisa agawe saisining gedhung ger-geran. Kepara uga katon sawenehe pamirsa kang gumuyu kamikekelen, ora leren nganti atos wetenge. Senajan materi dhagelane dudu barang anyar, nanging tetep ora mboseni.

Kirane kuwalitase pagelaran kuwi uwis cukup kanggo ukurane mahasiswa, malah ‘kapiken’. Yen ditandhingake kalawan pagelaran ludrug apa dene kethoprak profesional sayektine ora adoh. Garape apik lan temata. Tamtu kabeh kuwi mono bisa kasil awit pandadarane paguyuban senine PBSJ Unesa, yeku Sanggar Bharada.

Para beksan remong lan bedhayan sanggar Bharada

Pangarsa Sanggar Bharada ya Hafidz Naristama Dzaky mertelakake yen dheweke ora kesusu bombong manah senadyan antuk pangalembanane para pamirsa. Mungguhe mahasiswa semester papat kuwi, isih akeh sing perlu diapiki maneh saka pagelaran ludrug apa dene kethoprak sedina kuwi.

Sok ngonoa, Hafidz mbombong dene antarane paraga lan pangrawit bisa laras sajrone nyuguhake lakon sandhuwure panggung. Maklum, wektu kanggo gladhene winates, ora nganti rong wulan. Apamaneh sekabehe linakon ing sela-selaning kuliyah lan kegiyatan-kegiayatan liyane.

Sejatine, para pangrawite anggone ngiringi wis sarwa temata. Dhasar pancen sabageyan gedhene jebolan SMK kesenian. Mula, ora rumangsa kangelan sajrone nandangi garap karawitane. Mung kari ndlidir wae lan nuruti kebutuhan panggung.

Wondene para paragane rata-rata isih ‘lagi kenal’ babagan pementasan ludrug lan kethoprak kasebut. Perlu katuntun alon-alon. Wiwit pocapane nganti solah bawane pinuju ndhuwur panggung. Dipoles sithik mbaka sithik nganti bisa mentes tur pantes.

“Satuhune, kanca-kanca paraga racake mlebu jurusan iki kanthi pawitan nul-puthul, durung ngerti apa-apa bab pagelaran ludrug lan kethoprak. Sokur bage sewu kabeh bisa sinau kanthi cepet tur nututi wektu,” tambahe Hafidz.

Hsueh Jousen Yananda lan Dai Asrul Khoir minangka panuntun lakon (sutradara) ludrug lan kethoprak, mratelake yen kasile pasugatan sore kuwi uga sinengkuyung dening para paraga sing wis nduwe dhasar-dhasar olah sandiwara. Tur sejatine kabeh uga wis diwulangi babagan ludrug lan kethoprak ing kelas. “Saora-orane, kanca-kanca ora kaget lan nduweni gambaran ngenani kaya ngapa gumelare pentas sandiwara iki,” kandhane Dai lan Jousen.

Koordhinator Jurusan PBSJ, Latif Nur Hasan, kang mirsani pagelaran kuwi wiwit purwa tumeka wasana, ngendika yen pehake ora nekakake pelatih saka seniman kethoprak lan ludrug sanjabane kampus. Pamolese aktinge paraga lan pasugatane para pangrawit mung saka panuntune alumni sarta senior angkatan sing sadurunge uga wis tau nggelar lokakarya kaya mangkene ing taun-taun sadurunge. “Amarga alumni lan senior-seniore kuwi nduwe kawigaten kang gedhe marang Sanggar Bharada, mligine acara Lokakarya kasebut,” ujare Latif.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *