SOFTWARE sing aran Mobizen Mirror iku klebu salah sijine software mobile control, kang gunane kanggo ngontrol aktivitas android liwat komputer. Mobizen Mirror ana sing gratis lan ana uga sing berbayar. Mobizen Mirror gratis dikenal minangka versi basic, dene sing berbayar sinebut versi profesional. (gbr 1).

Fiture Mobizen Mirror versi gratis mesthi wae winates, ing antarane mung bisa nampilake aktivitas android ing layar komputer, ora bisa kanggo nangkep layar lan transfer data seka android menyang komputer.
Beda karo Mobizen Mirror versi profesional, nduweni fasilitas luwih akeh dibandhingake versi basic, saengga uga bisa kanggo ngrekam aktivitas android, bisa nggedhekake tampilan layar, bisa ngatur transfaransi tampilan layar, bisa ngilangi watermark, lan bisa uga digunakake kanggo nggambar.
Kanggo ngoperasekake mirroring iki kita mbutuhake software Mobizen sing perlu diinstal dhisik ing komputer lan uga software Mobizen Mirror sing perlu diinstal ing android.
Dene antarane HP android lan komputer anggone nyambung bisa kanthi migunakake sarana kabel data utawa wifi. Miturut pengalaman, nggunakake kabel data kanggo nyambungake HP android ing komputer luwih stabil katimbang nggunakake wifi, merga wifi gumantung kekutane sinyale. (gbr 2)

Ok, carane mirroring HP android ing layar komputer urut-urutane mangkene :
- Instal Mobizen ing komputer.
- Instal Mobizen Mirror ing HP android.
- Gawe akun Mobizen kanggo registrasi.
- Nyambungake HP android ing komputer, dene gampange cara anggone nyambung kari manut perintah sing ditampilake Mobizen ing HP android lan ing komputer.
Ing babagan kekurangane Mobizen Mirror versi basic sing ora bisa digawe ngrekam, sakbenere ora dadi masalah. Sing penting Mobizen Mirror versi basic bisa dialap manfaate kanggo nampilake HP android ing komputer. Dene yen pengin ngrekam bisa nggunakake software recorder liya, upamane Cam Studio, Active Presenter, lan sakjenise.
Wusana marang para maos sing kepingin mirroring android ing komputer bisa golek ing internet lan ngundhuh Mobizen sing dikhususake kanggo komputer, lan Mobizen Mirror sing perlu dipasang ing HP android. Anggone ngundhuh Mobizen Mirror kaya adate bisa liwat Play Store. Sumangga.
Panulis: Muniryono
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






