Carane Nyetabilake Video kang Goyang ing Android

ORA sethithik pengalamane kancakanca kang coba nggawe video kang direkam nganggo smartphone Android pranyara padha goyang senajan mung sethithik. Nanging tetep wae goyangan kang mung sethithik kuwi cukup ngganggu yen ditonton. Mula ing kalodhangan iki kita aturake carane ngawekani nggawe video kang goyang mau dadi luwih stabil.

Pancen, Smartphone Android dinane iki rata-rata wis disengkuyung kemampuan OIS (Optical Image Stabilization) lan EIS (Electronic Image Stabilization) kanggo ndadekake asil rekaman video minim goncangan. Nanging, tumrap smartphone kelas menengah utawa ing ngisore, fitur stabilisasi video biyasane winates marang EIS wae.

Lan senajan diklaim wis ana peningkatan nalika ngrekam, ora sethithik video kang diasilake isih ngalami goncangan, luwih-luwih nalika ngrekame maukaro obah. Nanging tujune, saiki Google wis aweh fitur khusus kang bisa mbantu sapa wae nyuguhake video kang luwih stabil.

Lumantar layanan Google Photos kang biasane wis diinsall otomatis ing saben smartphone, fitur iki bisa digunakake langsung kanthi gratis. Carane nganggo uga gampang.

Kawitan, yakuwi bukak aplikasi Google Photos lan golekana file video goyang kang pengin digawe luwih stabil.

Sabanjure klik tombol edit ing tengah lan pilih menu Stabilize. Entenana sedhela nganti prosese rampung. Durasi video nentokake cepet orane proses stabilisasi video.

Yen prosese wis rampung, asile bisa langsung dideleng kanthi menet tombol play. Dene kanggo nyimpen videone, klik wae tombol Save kang ana ing pojok tengen ndhuwur. Gampang ta?

Panulis: d/ist
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *