Guna Paedahe Kunir lan Kencur Tumrap Kasarasane Badan

Ing jaman Mesir kuna para budhak diwenehi ‘ransum’ wujud kunir kanggo mbiyantu ngusadani lelara tipes kang wektu iku dadi pageblug. Saploke kedadeyan kasebut cathetan awal mula bukane panulisan tetuwuhan kang ngandhut kasiyat obat kang dikumpulake wong-wong Mesir kuna. Maneka cathetan resep, tanduran kanggo pengobatan maneka lelara lan diagnosa kacathet ing Papyrus Ehers.

Ora kari bangsa Yunani kuna liwat tangane Hyppocrates, Theophratus lan Pedanios Dioscorides gawe keterangan kanthi rinci ngenani ewon tanduran obat ing De Materia Medica.

Ing negara Cina 3000 taun kepungkur ing kuburan bangsawan Han ditemokake panggonan kanggo nyimpen data medis kang ditulis ing gulungan sutra. Isine 247 dhaftar tetuwuhan kang dipigunakake kanggo nyarasake lelara.

Kunir

Kunir (curcuma longa) mujudake empon-empon utawa bumbu pawon kang banget migunani nadyan regane murah. Ing Tanah Jawa krana kasiyate kang bisa ngadhemake, nggaringake, ngresiki lan ngilangi gatel-gatel lan gring- gingen, kunir wis dilirik perusahaan jamu utawa kosmetik (kecantikan).

Sedulur karang padesan wis suwe migunakake kunir kanggo ngusadani maneka lelara. Kaya lelara tipes, usus buntu, keputihan lan wulanan kang ora lancar.

Kanggo tamba lara tipes, kita cepakake rimpang 2 saukuran driji, sere sabonggol, ln godhong sambiloto salembar. Bahan-bahan iki didheplok lembut nuli digodhog nganti umob nganggo 3 gelas disisakake kari 2 gelas. Sawise disaring bisa diunjuk esuk lan sore. Sokur yen wayah ngunjuk ditambahi madu sasendhok makan. Gawe racikan iki bisa diambali nganti 3 dina.

Usus Buntu

Kanggo ngusadani lara usus buntu. Carane, kunir saros driji dionceki, jeruk pecel saglundhung lan sacuwil gula aren. Kunir diparut lan jeruk pecel diperes. Parutan kunir kasebut banjur dicampur karo peresan jeruk pecel, nuli disedhuh banyu panas sagelas. Bisa ditambahi uyah alus 1⁄2 sendhok teh. Racikan iki diunjuk sepisan wayah esuk sabubare sarapan.

Kencur

Kencur (kaempferia galanga) klebu golongan jae-jae-an uga mujudake bumbu pawon kang bisa gawe ganda khas tumrap mangsakan. Contone, sambel tumpang utawa sambel pecel yen ora diwenehi kencur ganda lan rasane bakal cemplang.

Kencur uga minangka bahan kanggo tamba kang mujarap, mligine lelara kesleo, watuk, radhang lambung utawa nyeri sakojure badan. Kanggo kang kesleo bisa mundhut bonggol kencur rong driji, beras biyasa (beras putih) sagegem. Beras dikum banyu sawatara menit. Beras lan kencur kang wis dionceki banjur didheplok alus. Dheplokan beras-kencur wis bisa diborehake ing perangan kang kesleo wayah arep mapan sare.

Kanggo tamba watuk cukup kanthi cara: Kencur dibuwang kulite banjur dimamah. Ampase dilepeh lan banyune diulu. Ditindakake sedina sepisan wayah esuk.

Kanggo ngilangake nyeri sakojur badan, bisa mundhut kencur 2 driji, beras kang wis digoreng sangan (wernane soklat, nanging ora gosong) 1 ons, lombok setan 2 iji. Bahan kasebut digodhog nganti umob nganggo banyu 4 gelas disisakake kari 2 gelas. Disaring diunjuk esuk lan sore iku yen kanggo wanita. Yen kanggo priya kang kulina nyambutgawe abot, racikan iki ditambahi laos sairis lan bubukan mrica sacukupe. Gawe racikan iki bisa diambali 2-3 dina kanthi ukuran kang padha. Sugeng nyobi.

Nuwun.

Panulis: Syt
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *