Kepriye Wardiman Djojonegoro Mbukokake Surat-surate Kartini?

Wardiman nuturake ana bageyan-bageyan saka uripe Kartini mudha sing durung akeh diweruhi masyarakat. Upamane, Kartini tau ngaji marang sawenehe ulama ing Jepara. Marang guru ngajine kuwi Kartini ngusulake amrih Al-Qur’an dijarwakake menyang basa Jawa.

Kegiyatan bedhah buku Trilogi Kartini ing kampus Universitas Ciputra, Selasa, 20 Mei 2025.

Jroning mengeti “Hari Buku Nasional” lan “Penetapan Warisan Ingatan Dunia bagi Surat-surat dan Arsip R.A. Kartini” Universitas Ciputra Library ngadani kegiyatan bedhah buku Trilogi Kartini, Selasa, 20 Mei 2025. Bedhah buku mau krasa istimewa awit dirawuhi langsung dening penulise buku Trilogi Kartini, Menteri Pendidikan dan Kebudayaan periodhe 1993-1998 Wardiman Djojonegoro.

Sadurunge bedhah buku dening Rani Prihatmanti, dhosen arsitektur Universitas Ciputra kawiwitan, luwih dhisik diwacakake kutipan 1 surate Kartini marang Stella Hartshalt Zeehandelaar (aktivis feminis Belanda) katiti mangsa Japara 25 Mei 1899 dening Presiden Mahasiswa Universitas Ciputra, Calista Wijaya. Dibacutake pamacane kutipan 6 surate Kartini marang Ny RM Abendanon Mandri katiti mangsa 7 Oktober 1900.

Rong kutipan surat mau yen disurasa isine pancen nrenyuhake. Ing kono Kartini ‘curhat’ ngenani kahanane sing dirampas kamardikane. Samubarang diwatesi. Lan nalika umure saya diwasa, Kartini dipingit patang taun suwene merga arep dijodhokake karo priya pilihane rama-ibune. “Bener-bener kahanan sing ngeres sing dakrasakake,” mengkono antara liya unine kutipan mau.

Jumbuh karo arane, buku Trilogi Kartini dumadi saka telung jilid. Jilid I asesirah Kartini Kumpulan Surat-Surat (1899-1904), jilid II asesirah Kartini: Hidupnya, Renungannya dan Cita-Citanya, dene jilid III asesirah Inspirasi Kartini dan Kesetaraan Gender. Yen ditotal, buku telung jilid mau dumadi saka 1.500 halaman (kaca). “Iki luar biasa tumrapku awit maca buku 1.500 halaman jroning wektu seminggu,” kandhane Rani Prihatmini ngenani persiapane minangka pembedhah buku telung jilid kasebut.

Rani ngaku gawok sawise maca surat-surate Kartini. Miturut dheweke Kartini mujudake wanita cerdhas. Pamikirane wis nglumpati pikirane wanita-wanita pribumi ing jamane. Bab iku bisa ditonton saka surat-surate Kartini sing racake dawa lan ukara-ukarane ngandhut sastra sing becik.

Sauntara iku Wardiman Djojonegoro nyritakake kepriye mula bukane bisa ngumpulake surat-surate Kartini banjur dibukokake. Minangka priyayi sing nduweni latar mburi pendidikan teknolog, Wardiman rumangsa “dipilih” dening jaman amrih nylametake pemikiran-pemikirane Kartini ngenani emansipasi sing ngedab-edabi mau.

Wardiman mratelakake, yen dirunut adoh menyang mburi, nalika isih kelas II SMP ing Surabaya lan isih nguwasani basa Landa ora ketang sethithik, kanthi ora sengaja panjenengane nemokake buku mawa irah-irahan Habis Gelap Terbitlah Terang. Buku abasa Landa iku ditulis dening Menteri/Direktur Pendidikan Hindia Belanda, Jacques Henrij Abendanon. Abendanon kakung lan putri mujudake kancane Kartini korespondhensi. Abendanon nglumpukake surat-surate Kartini, engga wekasane dibukokake.

Wardiman ngungun lan trenyuh sawise maca isine buku mau. Sebab ana sawenehe kenya sing umure durung genep 20 taun bisa nulis surat kang banget endah sastrane tur nganggo basa Landa sing teteh. “Ora mung kuwi, pemikirane kenya mau uga wis nglumpati jamane. Kepara abadi nganti seprene,” kandhane Wardiman.

Saka kono Wardiman wiwit nduweni kawigaten marang kenya sing ora liya Kartini mau. Kawigatene marang Kartini ora ditinggal senadyan Wardiman sing maune teknokrat kuwi wiwit nyinau sejarah naskah kuna. Nalika semana Wardiman karo sejarawan asal Inggris, Peter Carey, ngajokake naskah Babad Diponegoro menyang UNESCO supaya diakoni minangka warisan donya. Upaya mau ditampa dening PBB.

Sabacute Wardiman dijaluki tulung pamarentah amrih nggoleki arsip-arsipe Konferensi Asia-Afrika 18 – 24 April 1955 kang ora cetha ana ngendi sumimpen. Miturut Wardiman, pranyata ora gampang nggoleki arsip lan dhokumene Konferensi Asia Afrika. Nanging rasa gela mau oleh tamba bareng panjenengane kasil nglebokake seni Panji menyang UNESCO, sing sabanjure diakoni minangka warisan donya.

Taun 2022, miturut Wardiman, Arsip Nasional ngajokake surat-surate Kartini supaya diakoni dadi warisan donya UNESCO. Minangka ilmuwan sing saben taun saba perpusatakaan Walanda, lan panjenengane ngerti menawa arsip-arsipe Kartini cumondhok ana kana, Wardiman duwe gagasan nglumpukake kabeh dhokumen mau. “Nanging kanggo dibukokake, aku mikir-mikir dhisik,” ngendikane Wardiman.

Sebab sadurunge Wardiman, pranyata wis ana sawenehe profesor Belanda sing njarwakake arsip-arsipe Kartini mau menyang basa Inggris taun 2014. Bukune profesor Belanda kuwi  maune kandel banget, mula banjur diedhit nganti 200 kaca.

Rehne kerep mlebu metu gedhong perpustakaan Walanda, Wardiman sing paham karo “seluk beluk”-e papan panyimpenan dhokumen bisa nemokake 12 “surat anyar” Kartini taun 2022. Ora ing perpustakaan, nanging ana gedhong Arsip Nasiolan Belanda. “Saka kono aku luwin percaya dhiri jalaran 12 surat iku durung diweruhi sapa-sapa. Profesor Indonesia ngluwihi profesor Belanda,” ngendikane Wardiman karo gumujeng.

Wekasan Wardiman kasil nglumpukake total 179 surat-surate Kartini, lan kanthi bombong dikandhakake menawa kuwi koleksi surate Kartini kang paling akeh sadonya. Saka kono Wardiman lagi wani nulis buku ngenani Trilogi Kartini, nadyan wis diwanti-wanti dening kanca-kancane menawa buku mau dadine bakal kandel banget sing tundhone regane larang.

“Nalika buku mau rampung daktulis Oktober 2024, aku wis dielingake, awas Pak bukumu ora payu merga regane larang. Lan pranyata bener,” ngendikane.

Sok ngonowa Wardiman ora rumangsa getun marang apa sing wis dilakoni. Kosok baline, panjenengane malah bombong awit wis bisa nulis buku ngenani Kartini kanthi cukup komplit, saengga kena kanggo warisan anak putu. Miturut Wardiman, njarwakake surat-surate Kartini saka basa Landa menyang basa Indonesia kudu ngati-ati amrih ora seling surup. “Saben surat dakwaca kaping lima,” ngendikane.

Nanging sing njalari Wardiman bombong, tanggal 11 April 2025 kepungkur UNESCO nampa arsip-arsipe Kartini kanggo diakoni minangka memorial world. Saengga klop, sawise bukune Wardiman dadi, UNESCO gelem ngakoni arsip-arsipe Kartini minangka warisan donya.

Wardiman nuturake ana bageyan-bageyan saka uripe Kartini mudha sing durung akeh diweruhi masyarakat. Upamane, Kartini tau ngaji marang sawenehe ulama ing Jepara. Marang guru ngajine kuwi Kartini tau ngusulake amrih Al-Qur’an dijarwakake menyang basa Jawa.

 “Mula banjur ana kritik, yen pancen Kartini mono Islami, yagene ora nganggo jilbab? Kok sanggulan? Wangsulanku, tumrap sing ngritik kudu paham karo konteks sosial politik jaman kuwi,” tuture Wardiman.

Panjebar Semangat kober pitakon marang Wardiman bab bener orane Kartini tinggal donya ing Rembang,  17 September 1904 merga diracun. Miturut Wardiman ora ana bukti kuwat menawa sedane Kartini ing umur 25 taun mau jalaran racun. Arsip lan dhokumen sing tinemu ngandharake menawa Kartini tinggal donya ing pankone garwane, Adipati Ario Singgih Djojoadhiningrat.

“Seksine sawenehe dhokter sing ngobati Kartini. Pihak kulawarga uga wis menehi pasekses tinulis komplit sa-tandha tangane,” ujare Wardiman.

Yen nganti seprene isih ana sing percaya menawa Kartini tinggal donya merga racun, kuwi merga teori konspirasi sing dibiwarakake dening Walanda nalika semana. Teori konspirasi iku dipercaya bebrayan nadyan tanpa bukti kuwat. “Pancen ana kasujanan-kasujanan nalika kuwi, geneya Kartini tinggal donya ing wektu sing cepet banget. Nuli digathuk-gathukake karo racun,” ngendikane Wardiman Djojonegoro. (KSW).

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *