Misteri Ujung Galuh Jroning Sejarah Surabaya

Ana ngendi satemene dununge Ujung Galuh? Rembug prekara kasebut bali diundha dening para panyinau sejarah mbarengi dina ambal warsane kutha Surabaya kang kaping 732, Setu, 31 Mei 2025 mentas iki. Ing ari kuwi komunitas penggiyat sejarah “Begandring” ngadani dhiskusi ana kafe Lodji Besar, Jalan Peneleh, Surabaya kanthi tema Desa-desa Tua di Surabaya.

Wiwit 1975, tanggal 31 Mei  katetepake minangka tetenger ambal warsane kutha Surabaya. Sadurunge duwe tanggal ulang taun resmi, Wali Kota Surabaya nalika kuwi, Soeparno, kupiya nliti sejarah kedadeyan apa sing sekirane cocog kanggo pratandha dina kang istimewa mungguhe Surabaya mau.

Soeparno banjur mbentuk tim panaliti sejarah taun 1973 lan diwangeni nganti taun 1975 kanggo nemtokake crita babad sing trep kanggo pangeling-eling tanggap warsane Surabaya. Sawise nindakake panaliten rong taun suwene, tim pengkaji sejarah mupakat ngaturake asile marang Wali Kota Soeparno: 31 Mei. Tanggal kasebut ngrujuk marang “kemenangane Raden Wijaya atas Tartar ing Ujung Galuh, 31 Mei 1293.”

Soeparno sarujuk. Awit kedadeyan kuwi minangka kisah heroik  prajurit Majapahit kang tinindhihan Wijaya bisa ngasorake wadya bala Tiongkok utusane Kubilai Khan. Simbul heroisme saka dhirine Raden Wijaya wigati diangkat jalaran dianggep cocog karo kharaktere Arek-arek Surabaya sing kendel. Apamaneh telung puluh taun sadurunge, warga Surabaya campuh prang lumawan tentara sekutu sing niyat ngejegi bali Indonesia. Saengga kedadeyan loro iku klop kanggo nggambarake kuwanene Arek-arek Suroboyo.

Ora ana sing masalahake tanggal 31 Mei minangka dina ambal warsane Surabaya, sak ora-orane nganti 2020. Apamaneh ing jaman Orde Baru, sapa wani nguthik-uthik samubarang kang wis diputusake pamarentah? Doh blaine dituding makar. Nanging sawise reformasi, lan sejarah bangsa mardika kanggo disinaoni, wiwit thukul pitakon sing lerege ‘nggugat’ panetepan tanggal kasebut minangka dina ulang taune Surabaya.

Pradondi Singasari-Mongol

Nanang Purwono, panaliti sejarah Surabaya, mratelakake hipotesis awal ngenani madege Surabaya bisa diwaca saka bukune G.H. von Faber asesirah Oud Sorabaia (1931). Ing buku kuwi Faber darbe pangira menawa cikal bakale kampung Surabaya dibangun dening Raja Singasari, Kertanegara, taun 1275. Mapane aneng saelore Glagah Arum (saiki kampung Peneleh).

Bukak kampung anyar iku ditindakake Kertanegara sawise prajurit Singasari kang dibiyantu para pendhekar Surabaya kasil numpes kraman Kanuruhan. Kertanegara banjur yasa pakuwon urut tepine kali kanggo papan dununge prajurit Singasari.

Tirto.id jroning artikele kang mawa irah-irahan Sejarah Kota Surabaya Sejak Era Majapahit hingga Indonesia 1945 (2023) ngandharake, sinebut jrone kakawin Negarakretagama Kaisar Mongol Kubilai Khan kirim duta menyang Singasari taun 1289. Utusan iku digawani layang kekancingan sing surasane supaya Singasari gelem nungkul sarana aris marang Kekaisaran Mongol sing lagi ngelar jajahan kanthi nindakake ‘penaklukan-penaklukan’ ing laladan Asia. Kubilai Khan kepara wis nelukake kutha Baghdad, punjere imperium Abbasiyah.

Kertanegara suthik minangkani panjaluke Kubilai Khan. Dheweke ganti pamer menawa ‘program’ ekpedisi Pamalayu kang dipandhegani dening salah siji senapatine, Mahesa Anabrang, kasil nyawijekake Jawa lan Sumatra (Sriwijaya). Kertanegara wani sesumbar menawa kajayaning Singasari ora kalah karo Mongol. 

Ora mandheg tekan kono kebranange Kertanegara merga rumangsa diasorake dening Kubilai Khan. Apa sing ditindakake Kertanegara sabanjure banget ‘provokatif’, yaiku natoni raine utusan Mongol sarta merung kupinge. Pakartine Kertanegara nyebabake Kaisar Mongol nesu banget. Mungguhe sesambungan dhiplomatik, natoni utusaning raja padha kari ngina. Mula Khan banjur mepak wadya bala sagelar sepapan budhal nglurug menyang Singasari saperlu males ukum Kertanegara.

Purwono ing bukune, Sourabaya Kampung Belanda di Bantaran Jalur Perdagangan Kali Mas (2011), mratelakake wadya Mongol budhal ngejawa taun 1293 pinandhegan dening Laksamana Shi Bi, Ike Mese, lan Gao Xing. Taun 1293 kapal-kapal perange Mongol labuh ing pesisir Tuban.

Sabacute kapal-kapal mau ngangseg mangetan ngliwati Gresik nganti wekasane sandhar ana gisik kang samengko diarani Tanjung Perak. Nganggo prau-prau sing luwih cilik, prajurit-prajurit saka dharatan Cina iku nerusake laku ngliwati kali-kali cilik tumuju pedhalaman Jawa Wetan.

Prasasti Gunung Butak lan Kudadu kanthi angka taun 1294 nyebutake menawa tentara-tentara Mongol mau kober leren ing Gunung Butak. Ing prasasti iku uga disebutake menawa dumadi owah-owahan politik ing Jawa Wetan sing ora dimangerteni Kubilai Khan. Khan ngira Kertanegara isih jumeneng ratu. Mangka satemene wiwit setaun sadurunge wong-wong Cina iku tekan tanah Jawa, Kertanegara wis gugur dening kraman Jayakatwang saka Gelang-gelang. Gugure Kertanegara mungkasi dhinastine Ken Arok. Punjering paprentahan banjur dipindhah saka Singasari menyang Kediri.

Raden Wijaya, putra mantune Kertanegara, atas unjuk rigen-e Arya Wiraraja, banjur nindakake karti sampeka nggunakake kekuwatane Mongol kanggo nggebug Kediri. Sagugure Jayakatwang, Raden Wijaya dalah wong-wonge kang pinercaya, antara liya Rangga Lawe, Lembu Sora, Mahesa Anabrang lan Nambi kang dibiyantu dening wong-wong Medura andhahane Wiraraja, ganti mrawasa tentara Mongol ing Surabaya.

Panguripan tepining Kali Mas Surabaya awal abad 20.

Paprangan pecah ing Kali Mas. Prajurit Mongol kang kocar-kacir banjur ngoncati pabaratan, bablas mulih menyang negarane. Paprangan ing Kali Mas (Ujung Galuh) iku, miturut tim peneliti sejarah Pamarentah Kota Surabaya taun 1975, kedadeyan tanggal 31 Mei 1293.

Wolung Teori Ujung Galuh

Panaliti sejarah Surabaya T.P. Wijoyo nuturake tembung ‘Ujung Galuh’ kang ngrujuk marang arane papan, tinemu sepisanan jrone prasasti Kamalagyan ing sacedhake Krian, Sidoarjo, Jawa Wetan. Prasasti Kamalagyan diwetokake taun 1037 Masehi ing jaman Prabu Airlangga ngasta bawat kanalendran ing Kahuripan. Panyebutane Ujung Galuh ana prasasti kuwi gandheng karo ‘program-e’ Airlangga yasa dhawuhan.

“Dhawuhan iki bisa ditegesi bendungan utawa tanggul. Nalika kuwi Prabu Airlangga akeh nampa lapurane kawula ngenani wewengkon-wewengkon desa kang kerep banjir. Airlangga banjur mbangun dhawuhan ing Waringin Sapta kanggo nanggulangi bencana iku,” kandhane Wijoyo, Jumuah, 30 Mei 2025.

Sabanjure warga Waringin Sapta pinaringan tanah perdikan (sima) dening Airlangga minangka ganjaran anggone dipasrahi ngreksa dhawuhan. Katulis ing prasasti kuwi katrangan sing muni: “Maparahu samanghulu mangalap bandha ring hujung galuh tka.” (Nyatang prau menyang hulu njupuk donya brana ing Ujung Galuh). Wijoyo nduga ukara kuwi ngandhut surasa rasa senenge warga Waringin Sapta praon ing bendungan sawise desane kalis saka bencana banjir.

Miturut Wijoyo ana ngendi trepe Ujung Galuh, ora disebutake gamblang ana Prasasti Kamalagyan. Mung wae rehne jrone prasasti mau Ujung Galuh ana sambuge karo ilen-ilen lan dhawuhan, dinuga mujudake sungapan kali. Adhedhasar lapuran jurnal Belanda sarta tlacak-tlacak arkeologis kuna, ana wolung teori lokasine Ujung Galuh. Antara liya ing Surabaya, Gresik, Jombang lan Pasuruan.

Ing Surabaya, jeneng Ujung Galuh dinuga ngalami owah-owahan aran dadi kampung Galuhan tepining Kali Mas ana Kecamatan Bubutan. Nanging miturut Nanang Purwono, Ujung Galuh beda karo Galuhan. Sebab jeneng Galuhan satemene owah-owahan saka jeneng dalan kang mambu-mambu kolonial taun 1950. Sadurunge diowahi dadi Galuhan, kampung kasebut aran Jan Van Der Heidenstraat.

“Taun 1950 kuwi Pamarentah Surabaya ngowahi jeneng-jeneng lurung lan kampung saka sing mambu-mambu Landa diganti jeneng pribumi,” ucape Nanang.

T.P. Wijoyo nambahake tlacak arkeologi kuna kepara ana sing ngandhakake menawa Ujung Galuh satemene Megaluh (saiki dadi jeneng kecamatan ing Kabupaten Jombang). Sauntara kuwi teori liya nyebutake lamun Ujung Galuh bisa uga mapan ana sungapane Kali Porong kang anjog segara lor ing sakiwa tengene Bangil, Kabupaten Pasuruan.

Ing Prasasti Masahar kang ditemokake ana Suko, Kabupaten Mojokerto durung suwe iki, miturut Wijoyo ana panyebutan Ujung Galuh minangka jenenge palungguhan utawa jabatan. Pejabat iku diundang ngestreni penganugrahan sima. Wondene jenenge jabatan yaiku Rakrian Mapatih ring Ujung Galuh. Miturut angka taune, Prasasti Masahar diwektokake jaman Mpu Sindok, luwih tuwa tinimbang jamane Prabu Airlangga.

“Ateges jeneng Ujung Galuh kuwi wis ana suwe, adoh sadurunge Majapahit,” tuture Wijoyo.

Anehe, kandhane Wijoyo, ing jaman Majapahit, utawa 200 taun sawise Prabu Airlangga murud, ora ditemokake siji wae prasasti, kakawin lan kidung sing nyebut jeneng Ujung Galuh. Amung ing kitab Pararaton tinemu jeneng sing saemper Ujung Galuh, yakuwi Jung Galuh. Ing manuskrip kuwi diandharake menawa sawise dirangket dening wadya Mongol, Prabu Jayakatwang digawa menyang Jung Galuh.

Ya ing Jung Galuh mau dinuga Jayakatwang dieksekusi mati. Sebab sawise episodhe kuwi, Pararaton ora mbacutake critane ngenani Jayakatwang. “Apa Jung Galuh ing Pararaton kuwi padha karo Ujung Galuh ing Prasasti Kamalagyan, isih perlu ditliti maneh,” kandhane Wijoyo.

Sing cetha, ujare Wijoyo, durung ana bukti kuwat menawa Ujung Galuh mapan ana wilayah Surabaya saiki. Pancen ana jeneng kampung Ujung ana sacedhake Pelabuhan Tanjung Perak. Nanging Wijoyo isih sangga runggi jalaran Tanjung Perak dhewe mujudake pelabuhan anyar kang dibangun Landa.

 Wijoyo ngakoni yen jrone Prasasti Kamalagyan disinggung-singgung sungapan bengawan cacah telu, yaiku ing Surabaya siji, lan ing sacedhake Surabaya loro. Manut Wijoyo, bisa uga Ujung Galuh salah siji saka telung sungapan kali kuwi. Upama ana Surabaya, kemungkinan gedhe sing diarani Ujung Galuh kuwi Kali Morokrembangan sing sungapane uga anjog menyang segara. Dene loro liyane, bisa uga ana Teluk Lamong Gresik, lan sijine maneh ing Bangil. “Sing genah durung ana pituduh saka manuskrip kuna ngenani lokasine Ujung Galuh iki,” kandhane Wijoyo.

Mula Wijoyo mitakonake yen dhek taun 1975 Wali Kota Soeparno njupuk keputusan menawa “kemenangane Raden Wijaya atas Tartar ing Ujung Galuh” dienggo pathokan dina ambal warsa Surabaya. Apa dhasare? Sebab paprangan antarane Raden Wijaya lumawan Mongol kuwi dhewe sumbere saka Pararaton sarta Kidung Panji Wijayakrama. Lelorone ora nyebut menawa paprangan dumadi ing Ujung Galuh.

“Nanging ana alas Trik utawa Tarik ing tapel watese Sidoarjo-Mojokerto. Apa sawise kalah perang kuwi wadya Mongol banjur keplayu menyang Surabaya, ora ana katrangan ing Pararaton lan Kidung Panji Wijayakrama. Banjur apa dhasar netepake Ujung Galuh?” tuture Wijoyo.

Prasasti Canggu

Sok ngonowa Pamarentah Kota Surabaya wis kebacut masang plakat prasasti ing tempurane Kali Jagir-Kali Mas-Kali Surabaya menawa ing papan kono biyen wadya Mongol kober leren sawise bali saka pedhalaman Majapahit. Plakat iku dhewe mungguhe Wijoyo uga kurang disengkuyung dening data-data sejarah sing kuwat.

Plakat prasasti ing dham Kali Jagir Surabaya kang nyebutake bab tentara Tartar kang leren ing papan kono sadurunge ngrabasa Kediri. (Foto repro jatimnet.com).

Penulis buku Soerabaia Tempo Doleloe Dukut Imam Widodo klebu sing tidha-tidha menawa tentara Mongol kober ngaso ana tempuran kali kasebut. Miturut Dukut, jrone jurnal Archipelago Research in Asia mawa judhul Mongol Fleet on the Way to Java: First Archeological Remain From the Karimata Strait in Indonesia kang ditulis dening Hasioo Chun-hung, Hartatik, Tisna Arif Ma’arifat lan Truman Simanjuntak dinyatakake kamenangane Raden Wijaya atas Mongol. Nanging ing kono ora dikandhakake menawa tentara Mongol ninggalake Surabaya liwat Kali Jagir.

Sacara alami adhedhasar peta Surabaya 1706 kang diwetokake dening Grote Atlas van de Verengging Ost Indisch Compagnie Comprehensive Atlas of the Dutch United East India Company,  taun 1293 Kali Jagir kang sungapane ana pesisir wetan Surabaya durung ana. “Kali Jagir iku kanal gaweyane Walanda. Ciri khas kali gaweyane manungsa iku kenceng ora menggak-menggok,” ujare Wijoyo.

Mungguhe Wijoyo, ketimbang panetepan kamenangane Raden Wijaya ing Ujung Galuh sing ora nduweni dhasar kuwat, luwih becik ambal warsane Surabaya dilandhesake marang isining Prasasti Canggu (Prasasti Trowulan I). Alasane, ing prasasti kang diwetokake jaman Prabu Hayam Wuruk kuwi tinemu panyebutan arane desa Curabhaya (Surabaya).

Jroning prasasti saka logam kuwi tinulis jeneng-jenenge desa saurute kali (naditira pradeca), wiwit Canggu nganti Bengawan Solo ing sungapane Gresik. Desa-desa tepining kali mau gegayutan karo pelabuhan panyebrangan (prau tambangan) kang akeh cacahe. Ing Prasasti Canggu Curabhaya dikandhakake mapan saelore Bkul (Bungkul) lan Gsang (Pagesangan). Jeneng-jenenge desa ing pinggire Kali Surabaya kuwi samengko wis dadi kutha gedhe.

Pelabuhan kali (prau tambangan) ing Karangpilang, Surabaya, kang wis ana kawit jaman Prabu Hayam Wuruk. (Foto: Ksw)

Kejaba kuwi ing Negarakretagama kang ditulis Mpu Prapanca taun 1365 uga disebutake nalika Prabu Hayam Wuruk tindak lawatan menyang tlatah Jenggala, panjenengane ajeg mampir Curabhaya. Yen digathukake karo sejarah pakampungan awal Surabaya sing dibangun Kertanegara, ateges klop menawa ing jaman Hayam Wuruk dhaerah kasebut wis dadi papan sing lumayan reja. Wijoyo ngandharake taun 2020 kepungkur komunitas Begandring tau ndhiskusekake bab sejarah Surabaya mau ing kafe Lodji Besar ngiras “nggugat” wewatone hari jadi Kota Surabaya. Miturut dheweke, dhiskusi kanggo golek dhasar ambal warsa Surabaya kang kuwat, isih terus dilakoni nganti dinane iki.

***

Panulis: Kukuh S. Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

2 Comments

  1. Cetha gamblang lan pratitis bab Sejarah kutha Surabaya, lengkap sumber penulisan para ahli. Maturnuwun.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *