Pancen njengkelake banget ing nalikane kita lagi browsing nggunakake koneksi WiFi nanging ujug-ujug koneksine lemot. Mesthi wae bab iki bakal mbuwang wektu akeh merga kita ora ngasilake apa-apa. Nalika koneksi WiFi lemot kang ana mung tampilan pesan loading kang ora mandheg-mandheg. Banjur langkah apa kang kudu kita tindakake nalika sinyal WiFi kang digunakake ujug-ujug koneksine lemot mau? Tenang … ! Ing kene kita nduweni solusi ampuh kang bisa dicoba. Dudu mung sak solusi wae, malah ing kene ana pirang-pirang solusi. Kabeh bisa dicoba-coba dhewe. Diajab kanthi migunakake cara iki, masalah koneksi WiFi lemot bisa diatasi. Mangkene carane nguwatake Sinyal WiFi Android ksb.

- Gunakna Aplikasi WiFi Booster & Analyzer Langkah pertama kang perlu dicoba yakuwi kanthi nggunakake aplikasi pihak ketiga. Aplikasi kang bisa dimanfaatake kanggo nguwati sinyal WiFi Android yakuwi WiFi Booster & Analyzer. Aplikasi iki bisa kita nikmati kecanggihane kanthi gratis. Nanging becike dicoba dhisik apa koneksi jaringan sinyal WiFi bakal kuwat utawa ora nggunakake aplikasi iki. Coba download wae banjur install aplikasi WiFi Booster & Analyzer ing Google Play Store.
- Update Radio Paling Anyar Sing dimaksud Radio ing kene dudu perangkat kanggo ngrungokake kidungan utawa klenengan. Radio kang dimaksud ing kene yakuwi konektivitas firmware Android. Perlu dimangerteni saben kita update firmware mula ora mung bakal nggawa owah-owahan tumrap antarmuka Android wae, nanging bab iki bakal nindakake perbaikan ing internal uga. Salah sijine yakuwi bakal nindakake ‘perbaikan’ marang Radio utawa kang luwih dikenal kanthi sebutan Baseband. Baseband utawa Radio iki fungsine yakuwi salah sijine struktur koneksi nirkabel Android kayadene sinyal WiFi, sinyal seluler, lan sapanunggalane. Kanthi mangkono kita bisa update Baseband utawa Radio kanggo ndandani kekuatan sinyal WiFi. Mesthi wae bab iki kudu dicocogake karo perangkat Android kang digunakake sarta merlokake tool resmi.
- Owahi Pengaturan Dasar Cara sing katelu sing bisa ditindakake kanggo nguwati sinyal WiFi Android iki yakuwi kanthi ngowahi pengaturan dasar perangkat kita. Senajan ana panganggep yen pengaturan iki ora bakal duwe pengaruh apaapa, nanging nyatane pengaturan dasar bisa duwe pengaruh marang sinyal WiFi sarta daya baterai kok. Kanggo ngowahi pengaturan dasar iki bisa kita tindakake saka Menu Settings banjur Connection banjur Tap WiFi lan Advanced. Saiki sing perlu kita tindakake yakuwi mriksa Avoid Poor Coonection lan cawang/Chekclist. Kanthi pengaturan ksb mula mengkone secara otomatis nalika Android golek sinyal WiFi bakal ngendhani saben koneksi WiFi kang kualitase ala.
- . Busak Kabeh Koneksi WiFi kang Tau Digunakake Biasane yen perangkat wis kita gunakake menyang maneka jaringan WiFi mula bakal ninggalake history. Kanggo nguwati sinyal WiFi mula becike kita busak wae kabeh daftar WiFi kang tau digunakake sadurunge. Kanggo mbusak iki bisa mlebu menyang Menu Settings > Connection > WiFi > Saved Networks. Saiki kita Tap ing saben koneksi kang pengin kita busak banjur pilih Forget. 5.
- Gunakna Custom Kernel Cara kalima amrih panampane sinyal WiFi ing perangkat kita bisa maksimal coba gunakna Custom Kernel. Kanggo nemokake Custom Kernel utawa Firmware kita ing forum XDA. Perlu dimangerteni yen Custom Kernel iki nduweni ‘banyak perbaikan’ sarta nduweni Tweak kanggo luwih maksimalake sinyal ponsel sarta kekuwatan sinyal WiFi.
- Gunakna Custom ROM Solusi kaenem kanggo nguwatake sinyal WiFi Android yakuwi kanthi nyoba metode ganti nganggo Custom Rom. Migunakake Custom Rom mesthi wae bakal akeh kaluwihane kang bisa kita tampa. Bab iki saliyane antarmuka Android ganti mesthi wae tujuan utama ningkatake kualitas sinyal WiFi bakal kena.
- Owahi Pengaturan Frekuensi Wifi ing Android dadi 5 Ghz Geneya frekuensi WiFi iki kudu diowahi? Frekuensi WiFi ing perangkat Android lawas biasane ana ing frekuensi 2.4 Ghz. Bab iki jelas bisa ngedhukake kualitas sinyal WiFi. Merga saikine wis akeh perangkat kang bisa nampa frekuensi sinyal WiFi ing 5 Ghz. Sadurunge nindakake bab iki, pesthekna model WiFi kita kudu wis nggunakake frekuensi kang padha uga. Kanggo ngowahi frekuensi sinyal WiFi dadi 5 Ghz carane yakuwi saka Settings > Connection > WiFi > Advanced > WiFi frequency band > banjur pilih kang Auto. Kanthi otomatis Android kita bakal nggunakake frekuensi 5 Ghz. Iku uga yen model WiFi kita nggunakake padha-padha 5 Ghz.
- Endhanana saka Piranti Elektronik Liya Bab kang bisa ngganggu kualitas sinyal WiFi ing perangkat kita yakuwi piranti elektronik liya. Geneya? Merga piranti/peralatan elektronik liya utamane kang migunakake gelombang elektromagnetik kaya Microwave iki bisa nambahi ala kekuwatan sinyal WiFi. Mula iku becike kita kudu ngendhani peralatan elektronik liya kang bisa ngedhukake kinerja sinyal WiFi Android kita.
- Patenana Modem Kanthi Berkala Perlu dimangerteni, yen modem minangka sumber utama jaringan WiFi kesuwen nganggone bisa ngedhukake kualitas sinyale. Alasane yakuwi aliran listrik kang terus ngalir ing komponen modem bisa nyebabake suhu ing modem mau ningkat. Perangkat komunikasi kayadene modem kang ngirim sinyal mula panas mujudake faktor utama kang bisa nyebabake noise ing sinyal WiFi. Akibate sinyal WiFi kang diasilake kualitase bisa mudhun.
- Simpen Router WiFi ing Panggonan Kabukak Iki mujudake langkah terakhir kanggo nguwatake sinyal WiFi Android yaiku nyimpen Router utawa Modem ing panggonan kang kabukak. Strategis lokasi nyimpen Router mula bisa ningkatake kualitas sinyal WiFi. Pepalang kayadene kaca, lawang, cendhela lan tembok bisa ngganggu sinyal WiFi kang diasilake. Mula goleka papan kang tinarbukakanggo nyimpen Router, upamane ing ruang tamu. Mangkono sing bisa kita jelasake marang para maos. Muga-muga mupangati.
Panulis: d/ist
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







