Nembe iki Kartasura, Kabupaten Sukoharjo geger kepati. Dudu jalaran ana macan den wadhahi bumbung, nanging merga tembok beteng tilas Kraton Kartasura sing dibangun taun 1680 kuwi cineker alat berat (backhoe) duweke wong sing ora paham peninggalan sejarah. Tujune lagi entuk 7 meter wis disetop. Wong sing kumawani nuku petilasan kraton mau dadi urusanne pulisi lan Kraton Surakarta.
PRIYAYI Jawa yuswa 60 taun munggah mesthine isih atul karo rerepen lawas pupuh Dhandhanggula kang cakepane muni: semut ireng anak-anak sapi, kebo bongkang nyabrang kali bengawan, keyong gondhang jamprak sungute, timun wungkuk gotong wolu, Surabaya geger kepati, gegere wong nguyak macan, den wadhahi bumbung, alun-alun Kartosura, gajah meta cinancang wit sidaguri, mati cineker ayam.

diorak-arik lan cineker beko
Senajan guru wilangane akeh sing wis padha onya saka pathokan tembang Dhandhanggula kang samesthine, ning tembang mau populer banget tumrape bebrayan Jawa. Penulis nate krungu dhewe ditembangake dening dhalang Ki Anom Suroto ing gedung Sasana Mulya kraton Surakarta, jroning sarasehan sastra Jawa taun 1973-an. Kala semana, bareng kidhalang didhaulat supaya suluk, wangsul- ane Ki Anom Suroto karo mesem, “Menawi suluk kula aturi nimbali piyambak!” Wadhuh…….
RT-ne malah ngongkon
Tembang kasebut pancen ngelingake karo gegeran sing dumadi ing petilasan beteng kraton Kartasura, sing nembe iki saperangan temboke dijebol nganggo backhoe. Utawa bisa diwalik, dibongkare beteng mau banjur ngelingake karo tembang Dhandhanggula “Semut Ireng” sing katur ndhuwur. Sing genah, dibongkare beteng sing dhuwure 4 meter lan kandele 2 meter kuwi mbuktekake yen wong sing nuku lemah petilasan kraton mau ora paham lan ngurmati peninggalan sejarah. Senajan jroning situs iku uga wis ana plang cagar budaya loro cacahe, suprandene meksa ditabrak wani.
Beteng kraton Kartasura mau dumunung ing RT 02 RW 010 Kampung Krapyak Kulon Kelurahan / Kecamatan Kartasura. Diobrak-abrik backhoe pas tanggal 21 April 2022. Rahayune, lagi entuk 7 meter wis disetop dening kang wajib. Suprandene pihak sing nuku lan ndarbeni lemah mau meksa pawadan, wong Pak RT-ne dhewe ya sru jumurung. Jarene beteng mau tansah nggrogoti kas RT, awit saben ngresiki rerungkudan lan suket-suket ing papan mau bisa ngentekake wragad nganti Rp 300.000.
Manut Bambang Cahyono, wakil kulawarga sing nuku lemah petilasan kraton mau, beteng kasebut kepeksa dibongkar merga arep dienggo dalan mlebu menyang lemah sajroning beteng sing dituku kulawarga Burhanudin saka Gatak, Sukoharjo. Jembare ana 682 M2 kanthi rega Rp 850 yuta. Ancase arep dienggo omah kos-kosan. Pandarbe sadurunge Ny. Lisnawati, sing saiki wis pindhah menyang Lampung ngetutake bojone.
Jarene Bambang, rikala dheweke ngresiki papan kasebut ora ana sing ngelikake yen papan mau cagar budaya. Dalasan rikala alat berat ditekakake, warga kono uga padha meneng wae. Nanging bareng tembok beteng kraton Kartasura mau wiwit dibongkar, nembe ana sing protes lan banjur disetop kelurahan lan kecamatan. Rahayune lagi entuk 7 meter.
Iki katon banget yen pandarbe lemah sing anyar mau bebasan mripat mlorok ora ndedelok. Awit sakupenge situs kasebut ana plang peringatan loro cacahe, yen papan kasebut mujudake cagar budaya sing diayomi undang-undang. Wekasane Burhanudin minangka pandarbene dadi urusan karo pulisi lan Kraton Kasunanan. Nanging nganti seprene durung ana sing didadekake tersangka. Polres Sukoharjo nembe mriksa operator backhoe sarta Burhanudin sing nduweni lemah kasebut.
Bisa Didhendha Rp 5 Milyar
Camat Kartasura, Bupati Sukoharjo Etik Suryani, sarta Gusti Moeng saka kraton Surakarta wis mertinjo tembok beteng sing saiki wis morak-marik kahanane mau. Saka Pemda Jateng Gubernur Ganjar Pranowo wis ndhapuk tim kanggo nlesihake sapa wae sing kesangkut ing bab iki. Kedadeyan iki mujudake pepeling kanggo pamarentah, kepriye prayogane ngemonah cagar budaya. Awit cagar budaya sing ora kopen banjur katon ora mbejaji kaya tumpukan uwuh, njalari rakyat wani ngrusak situs kasebut.
Pemkab Sukoharjo uga ngeman karo sikepe pandarbe lemah mau sing gonyak-ganyuk ora dunung. Ing ngendi wae yen arep mbangun kuwi kudu ngurus IMB-ne menyang pemda, ora banjur ujug-ujug nekakake backhoe. Mangka satemene Pemkab Sukoharjo lagi nyawisake aturan kanggo ngemonah atusan BCB (Benda Cagar Budaya) sing sumebar ing wilayahe, kok banjur ketungka kabar dirusake tembok beteng kraton Kartasura.

ning kejepit tiang listrik
Mangka manut aturan hukume, wewaton UU No 11 taun 2010 ngenani Cagar Budaya disebutake, sapa wae sing ngrusak cagar budaya ancaman ukumane cilike setaun gedhene 15 taun. Yen didhendha paling sithik Rp 500 yuta lan paling gedhe Rp 5 milyar. Apa klakon pengusaha Burhanudin sing kumawani ngrusak situs kraton Kartasura mau mbrindhil merga mbayar dhendha nganti milyaran?
Sing nuwuhake pitakonan, geneya aset Kraton Surakarta iki kok nganti bisa dikuwasani bebrayan umum wewaton sertipikat sing diterbitake BPN. Gusti Moeng saka Kraton Surakarta kang uga putra Sinuwun PB XII mratelakake, lemah-lemah Kraton nganti dikuwasani perseorangan, iki merga kaluputane para pejabat kraton jaman kawuri. Saiki pihak Kasunanan bakal nuntut sing ngrusak beteng Kraton Kartasura mau menyang pengadilan.
Kesasak Geger Pecinan
Beteng kraton Kartasura iku yasane raja Mataram Amangkurat II, kang dibangun taun 1680. Iki mujudake pindhahan saka kraton Plered ing Kotagede. Perlu kawuningan, rikala dumadi pembrontakan Trunajaya taun 1674, raja Mataram Amangkurat I keplayu menyang tlatah Banyumas lan wekasane seda lan disarekake ing Tegalarum (Tegal). Raden Mas Rahmat minangka putrane katetepake minangka Amangkurat II lan sawise kasil numpes pembrontakan Trunajaya, taun 1680 banjur yasa kraton dhewe ing alas Wanakarto kang dijenengi kraton Kartasura.
Sawise Amangkurat II seda (1703), peprentahan kraton Kartasura dicekel Amangkurat III. Nanging banjur dumadi perang sedulur antarane Pangeran Puger putra Amangkurat I ing Kraton Plered karo Amangkurat III sing ponakane dhewe. Diewangi Landa wusanane Amangkurat III kalah lan kraton Kartasura dikuwasani Pangeran Puger sing banjur ganti asma Pakubuwono I.
Sasurute Pakubuwono I (1719), kraton Kartasura temurun menyang Pakubuwono II. Rikala dumadi Geger Pecinan ing Batavia (1740), pembrontakan bangsa Tionghoa mau taun 1743 ngembet tekan Kraton Kartasura. Kabantu Mas Garendi kraton Kartasura bedhah, saengga Pakubuwono II keplayu menyang Ponorogo. Ning rikala Geger Pecinan mendha, kraton Kartasura wis rusak ora kalap, saengga Pakubuwono II mbangun kraton anyar ing desa Sala (1744) ya Kraton Surakarta Hadiningrat dinane iki.
***
Panulis: Gunarso TS
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







