Yen ditintingi kanthi permati, pancen finising kang dadi pasulayane timnas bal-balan U-23 sadawane Kejuaraan ASEAN. Nanging, ora ateges tim besutan Pelatih Gerald Vanenburg babar pisan ora nduweni prestasi kang mbombongake. Saiki, sektor serange timnas ora landhep, dene kosokwangsule dumadi ing sektor bebetenge. Sawise rampung ing fase grup, gawang Indonesia ora pisana kebobolan.
Pelatih legendari Manchester United, Sir Alex Ferguson, tau ngandhakake ukara kang nganti seprene dipepundhi minangka unen-unen donyane kulit bunder. Mungguhe Ferguson, nyerang kuwi pancen bisa agawe tim menangake tetandhingan. Ewaemono, dibutuhake beteng kang rosa kanggo menangake kompetisi.

Unen-unen kasebut sabanjure kabukti nyata nalika Jose Mourinho bisa nggayuhake Inter Milan telung gelar nalika 2010. Inter nguwasani Eropah awit ngukuhake bebetenge kang sabanjure kesuwur ditepungi minangka taktik ‘parkir bis’. Lumantar bebeteng kang rosa kuwi Inter agawe judheg mungsuhe banjur selagine kuwi langsung nindakake serangan balik. Timnas Indonesia U-23 bisa nulad digdayane Inter jamane Mourinho.
Ing tetandhingan wekasan Grup A, Indonesia ditahan imbang Malaysia kanthi skor tesmak nalika Senen, 21 Juli 2025 wingi ing Stadion Gelora Bung Karno Jakarta. Ora kebobolan ing telung tetandhingan dadi gegayuhan nengsemake satengahe ramene kritik kang anut grubyug tumeka kanggo sektor serange Indonesia nalika ngadhepi tim-tim kanthi kuwalitas sandhuwure Brunei Darussalam.
Dhuet Kakang Rudianto lan Kadek Arel mampu ngayomi sektor mburine timnas. Pengalamane kekarone ing level senior bareng klub lan timnas nyata merbawani cara maine. Nalika dipenet utawa dumadi ruhara sangarepe gawang, Kadek lan Kakang mbaut kanggo nggagalake serangane mungsuhe.
Kejaba kuwi uga ana Muhammad Ferrari lan Brandon Scheunemann. Lan disengkuyung dening kinerja apike bek swiwi yakuwe Alfharezzi Buffon lan Dony Tri Pamungkas. Pangobahe bek swiwi Indonesia kang dhinamis banget, sok dadi pambudidayane timnas kanggo mbongkar bebetenge mungsuhe.

Ing bek swiwi tengen uga isih ana Achmad Maulana, kang uga patut diacungi jempol. Makaping-kaping upayane bisa didadekake peluang emas dening Jens Raven kanggo ndhobrak mungsuhe.
Awit bebetenge timnas kang rosa iki, Filipin lan Malaysia digawe gedheg-gedheg kanthi kapeksan mung nyathetake saserangan wae kang nitis sasaran nalika ngadhepi timnas. Ewasemono, kaunggulane bebetenge Indonesia ora bakal merbawani apa-apa yen ora diimbangi karo kuwate sektor serangane. Vanenburg kudu age-age golek solusi kanggo nglandhepake serangane Jens Raven pindha nalika dheweke bisa nyethak hattrick pindho nalika mungsuh Brunei Darussalam. Kanggo nuju final, wis manjing titiwancine timnas kudu nguwatake serangane supaya bisa rosa anggone ngobrak-abrik mungsuhe. Kirane mung kuwi PR-e timnas saiki.
Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







