Kepala Badan Pangan Nasional Arief Prasetyo Adi ngandharake, pemerintah nyawisi anggaran Rp 78,6 miliar kanggo mbiyantu peternak unggas lumantar Program Stabilisasi Pasokan dan Harga Pangan (SPHP) Jagung. “Pamarentah cepet tumandang ngatasi fluktuasi rega jagung ing tataran peternak,” kandhane Arief, Selasa, 2 September 2025.
Miturut Arief, Program SPHP iki dileksanani ing wektu sing ora suwe maneh amrih para peternak layer mandhiri age entuk jagung pakan saka stok Cadangan Jagung Pemerintah (CJP) kang dikelola Perum Bulog. Stok CJP sing samengko disimpen ing gudhang-gudhang Bulog, sengaja disiapake dadi SPHP kanggo peternak layer.
“Totale 52.400 ton jagung. Bakal dirilis regane Rp 5.500 per kilogram mligi kanggo peternak unggas. Sisane disubsidi pemerintah,” kandhane Arief.
Laras karo arahane Presiden Prabowo Subianto, ujare Arief, pemerintah bakal njaga sarta ngayomi para peternak lokal. Sebab swasembada pangan bisa kasembadan yen prodhusen pangan dhalem negri kuwat saengga kebutuhan konsumsi dhomestik bisa dicukupi kanthi mandhiri.Sadurunge iki para peternak padha sambat awit rega jagung mundhak ngluwihi Harga Acuan Penjualan (HAP) ing tingkat konsumen, yaiku Rp 5.800 per kilogram. Ngrespon pisambate para peternak mau pamarentah age tumindak ngatasi supaya peternak bisa ngasilake daging lan endhog sing cukup. Apamaneh CJP sing disimpen Perum Bulog nganti tanggal 30 Agustus kepungkur gunggunge 63,8 ewu ton. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital