Logika Mistika sajrone Budaya Populer Indonesia

Ing Indonesia, wis jeneng lumrah yen filem horor minangka budaya populer banget digandrungi dening sadhengah masarakat. Semono uga mungguh industri filem horor Indonesia kang ora tau leren mbanjiri bioskop-bioskop kanthi pasugatan filem horor sarana mistisisme kanggo mikat kawigatene panonton. Tur mistisisme sajrone filem horor kasebut racake kabungkus lumantar sakralitas lan maneka titilaksana kabudayan.

Ewasemono, ing sawalike lakon suksese para prodhuser filem kang adol crita horor kuwi, banjur muncul pitakonan dhasar kang mbokmenawa bisa kita ulir: Apa ya pantes budaya mistis mung direkadaya kanggo meden-medeni wae? Apa aja-aja sasuwene iki kita mung dadi obyek pemasarane industri film horor Indonesia mung kanggo nggayuh untung kanthi nglirwakake makna sejatine sakralitas lan titilaksana kabudayan sajrone film horor kasebut?

Nyingkuri Sakralitas kanggo Nggayuh Viralitas

Idhe gagasan sajrone filem kang diprodhuksi dening industri film horor Indonesia ora mung saderma kawahyon wae, nanging wis tetela ngecakake sawijining racikan baku kanggo nindakake eksploitasi budaya. Racikane kuwi arupa babagan mistis sajrone kabudayan.

Sebut wae mungguh kabudayan Jawa, racikane kuwi magepokan karo babagan mistisisme Jawa kaya dene primbon, ritual, gugon tuhon, utawa bangsane lelembut tanah Jawa.

Banjur, racikan-racikan kasebut didadekake “antagonis utama” sajrone filem horor kang nyatane mung kanggo nebarake rasa wedi. Nah iki sing ingaran eksploitasi kabudayan. Kabudayan sing kudune dipepundhi malah didadekake objek kang njalari lunture kaluhurane kabudayan kasebut.

Racikan-racikan kuwi wis dibolan-baleni makaping-kaping ing maneka filem horor Indonesia satemah mung ndadekake sakralitas kanggo viralitas wae lumantar narasi horor kang sejatine “cethek” wose.

Panulis uga sagolong pikir karo gagasane sawijining paraga kesenian asal Yogyakarta, Paksi Raras Alit, sajrone andharane ing situs mojok.co ngenani kritik film Primbon. Nah saka filem kasebut, ora arang maneh dene prodhuser film horor mung njupuk “tetenger” (signifier) saka sawijining kabudayan tanpa merdulekake “sing ditengeri” (signified).

Filem Primbon (2023)

Nuwun sewu, mula bisa dakarani yen prodhuser filem Indonesia tansya landhep dhengkul rasa-pangrasane marang kabudayan-kabudayan Jawa lire primbon, gamelan, beksan-beksan tembang Jawa, lsp kanthi nglirwakake makna filosofis, historis, lan sosiologise, banjur mung saderma ngagungake narasi tunggal: rasa wedi.

Nah upamane buku primbon kang sejatine kinarya sistem sesurupan Jawa kang ngemot maneka pretungan bab panguripane wong Jawa adhedhasar landhesan dina, pasaran, pawokon, wulan, mangsa, taun, nganti windu (kalkulatif periodik) sajrone filem horor ajudhul Primbon dianggep minangka kawruh kang mung nekakake memala wae.

Akeh banget—utawa kepara meh rata-rata—filem horor Indonesia nglairake narasi wedi lumantar blegere kabudayan Jawa. Upamane kaya sing rame banget saperangan wektu kepungkur yaiku KKN di Desa Penari kang kasil viral kanthi racikan narasine kang fokuse marang ritual lan beksan beksan gandrung Banyuwangi.

Filem KKN di Desa Penari (2022)

Emane, fokuse filem horor KKN di Desa Penari kuwi nyatane mung didadekake landhesan eksotis kanggo nuwuhake tabet nyalawadi tanpa dibarengi upaya mahami makna sejatine ritual lan beksan gandrung Banyuwangi.

Satemah wong sing sepisanan wruh karo kabudayane Banyuwangi iki bisa uga sabanjure malah kumanthil ing pikirane lamun kabudayane Banyuwangi iku mung medeni lan mistis wae. Mula, bisa ditandhesake lamun blegere kabudayan Jawa sajrone filem horor kasebut mung kanggo ngipuk-ipuk pikiran “budaya lokal kuwi horor”.

Budaya Indonesia wusanane dening panonton mung dikenang minangka sarana kanggo njalari tuwuhe rasa wedi. Dudu dipahami minangka tatacarane masarakat kanggo nindakake sistem panguripan lan sesambungane marang sing sipate transenden (samubarang sing ora bisa kagayuh dening manungsa).

Carane Wong Jawa Nresnani Alam

Yen dipahami kanthi setiti, logika mistika sajrone budaya Jawa sejatine dudu saderma sarana kanggo njalari tuwuhe rasa wedi, nanging dadi sistem sesurupan sing bisa kanggo njaga alam. Iki mung tuladha cilike wae bab pepacuh lan pantangan tumrap pasangan sing mudha-tumaruna.

Upamane ora kena pasangan sarimbit sanja saperlu lelumban ing kasmaran menyang papan wisata  kaya dene Pantai Kenjeran Surabaya, Grojogan Sedudo Nganjuk, Tlaga Sarangan Magetan lsp yen ora kepengin sesambungane wusanane kandhas.

Coba kita mawas marang sakehe pepacuh lan pantangan kuwi. Geneya kok ditumrapapke marang objek alam? Wangsulane tamtu sejatine ora mung amarga baureksane sing galak utawa kahanan papane angker utawa dhemite mbayani. Carane wong Jawa nresnani alam lumantar logika mistika kepara dadi strategi konservasi alam sing kalintang lebdane.

Kanthi nganakake pepacuh lan pantangan lumantar sakralitas lan mistisisme, leluhur Jawa sejatine wis nggawe mekanisme konservasi alam sing efektif banget tinimbang aturan tinulis. Anacase cetha. Supaya generasi sabanjure ora sembrana ngrusak sumber daya alam kang wigati banget kanggo panguripane masarakat.

Nah ing kene papan dununge kearifan lokal kuwi ngemban wajibe lumantar ngecakake logika mistika. Logika mistika kasebut minangka teknologi sosial kang dirancang kanggo njaga alam nganti tumekaning generasi sateruse. Awit mangkono, wis manjing titiwancine kita ndeleng samubarang sing nggepok logika mistika kuwi mau gegayutan karo crita dhemit sing medeni wae.

Kanrhi anane logika mistika iki, sapa wae sing sadurunge nyebut yen kearifan lokal kuwi “kuno” utawa “takhayul” bisa dijembarakake pamawase lamun ta sajrone kuwi ana gagasan ekologis kang modheren banget lan nyata dibutuhake iki dina kanggo njaga “lingkungan hidup”.

Logika Mistika vs Rasa Males Mikir

Tan Malaka sajrone bukune sing asesirah Madilog: Materialisme Dialektika Logika (1951) ing bab “Logika Mistika” ngajak pamacane supaya lantip pamikire lan ora landhep dhengkul rasa-pangrasane mahanani alam.

Buku Madilog; Materialisme Dialektika Logika (1953) karyane Tan Malaka

Lumantar gagasan logika mistika, pamikirane manungsa aja nganti kandheg marang salah siji gagasan sing sipate tesis (cara mikire bangsa Eropa) utawa antitesis (cara mikire bangsa Asia) wae. Sing dibutuhake yaiku campuran ing antarane lelorone. Supaya sapa wae ora cupet pamikire mahami apa sing dumadi ing sakiwa-tengene.

Apamaneh Mochtar Lubis sajrone bukune sing judhule Manusia Indonesia: Sebuah Pertanggungjawaban (1977) nandhesake lamun masarakat Indonesia kuwi kulinane mung sumarah mring garising tekdir tanpa gelem nlusuri sebab-musababe kanthi rasional: pilih males mikir wae.

Buku Manusia Indonesia; Sebuah Pertanggungjawaban (1977) karyane Mochtar Lubis

Nah, mungguh anane filem-filem horor Indonesia kuwi sajake kok malah nguwatakake rasa malese mikir. Upamane ing filem horor ana adegan kesurupan. Nalika ditakoni geneya kok kesurupan? Wangsulan umume ya merga ana dhemite. Babar pisan ora ana panduga lamun ta kesurupan kuwi bisa wae krana tekanan psikologis, konflik kulawarga, trauma sosial, lan samubarang liyane sing sipate rasional lan bisa dinalar kanthi pikiran wening.

Mula yen ndeleng kahanan filem horor Indonesia saiki, bisa wae Tan Malaka utawa Mochtar Lubis bakal gedheg-gedheg kepara bramantya rasa-pangrasane nekseni mistisisme sing kudune bisa njembarake korining wawasan realitas kompleks malah mung dadi sarana kanggo njalari rasa wedi panontone.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *