Presiden Prabowo Subianto nuturake program Makan Bergizi Gratis (MBG) wis nggayuh 30 juta panampa manfaat. Yen ing kana-kene isih tinemu layanan sing ora trep, upamane timbule keracunan, jinis porsi kang mboseni, pemerintah bakal terus mbeciki kekurangan-kekurangan mau.
“Yen dietung-etung wiwit program MBG dicakake nganti dinane iki, wis ana kurang luwih sak miliar porsi sing disalurake kanthi panampa manfaat meh 30 juta. Yen isih ana kekurangan, ana keracunan, pemerintah ngudi terus mbeciki pelayanan,” ngendikane Presiden Prabowo ing Cileungsi, Bogor, Jawa Barat, Senen, 29 September 2025.
Pratelane Prabowo mau nanggepi timbule kasus keracunan kang dialami dening siswa-siswa sekolah ing sawatara dhaerah sawise ngonsumsi MBG. Tanpa nyepelekake anane kasus kasebut, miturut presiden, masalah deviasi mau mung sebageyan cilik saka total panampa MBG. Yen diprosentase gunggunge 0, 00017 persen. “Kita temtu ora kepengin timbul kasus keracunan, mula wiwit saiki kita kudu luwih srempeng nyegah prekara mau,” tuture Prabowo. Prabowo mundhut amrih standhar pengolahan MBG diundhakake. Kabeh pawon sing dienggo olah-olah kudu dipepaki piranti korah-korah kanthi teknologi ultraviolet, gas lan banyu sing suhu-ne dhuwur, filter banyu, sarta uji kuwalitas MBG sadurunge disalurake menyang sekolah-sekolah. Kejaba kuwi juru masak MBG uga kudu wong-wong sing wis linatih supaya kuwalitas lan keamanan pangan kajaga. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







