
Sawenehe seniman nindakake gerak tari teatrikal jrone Festival Mbok Sri ing galengan sawah Desa Delanggu, Klaten, Jawa Tengah, Minggu (7/9/2025). Festival mau digelar minangka rasa syukure petani awit asil panene maremake. Kejaba kuwi Festival Mbok Sri uga dadi sarana mbiwarakake wigatine ngreksa kasugihane alam pertanian lumantar ‘pendekatan’ seni budaya ing satengahe dhesegan industrialisasi sing saya kuwat. (Foto: Antara/Mohammad Ayudha/tom)







