Kementan Nandur Tebu Bongkar Ratoon ing Situbondo

Kementerian Pertanian (Kementan) kanggo sing kawitan nandur tebu bongkar ratoon ing Desa Curahkalak, Kecamatan Jangkar, Kabupaten Situbondo, Jawa Timur, Selasa, 14 Oktober 2025. Miturut Direktur Perlindungan Perkebunan Direktorat Jenderal Perkebunan Kementan Hendratmojo Bagus Hudoro, panandure winih tebu (bongkar ratoon) kuwi wigati kanggo mawujudake hilirisasi perkebunan ing sektor tebu. “Iki momentum sing pas kanggo realisasi program hilirasi tebu,” kandhane Hendratmojo.

Bongkar ratoon mengku teges proses mbongkar taneman tebu kang wis panen kaping telu merga prodhuktivitase mudhun, banjur diganti winih anyar. Hendratmojo kandha fokuse Kementan mligi ngundhakake prodhuktivitase tebu minangka bahan dhasar industri gula. Proses mau bakal dileksanani wiwit hulu nganti hilir. Tanem ‘perdana’ tebu bokar ratoon ing Situbondo kuwi, kandhane Hendratmojo, ora mung ditindakake tradhisional, nanging uga nggunakake piranti inovasi teknologi.

Direktur Utama PT Sinergi Gula Nusantara Mahmudi nerangake, panandure tebu bongkar ratoon klebu strategine perusahaan jrone upaya ngundhakake prodhuktivitas panen. Dheweke kepengin asile tebu bongkar ratoon kuwi mengkone sansaya mikuwati transformasi operasional perusahaan tumuju industri gula kang modern, efisien lan berkelanjutan. Bupati Situbondo Yusuf Rio Wahyu Prayogo ngajab tanem sepisanan tebu bongkar ratoon iku melu nyiptakake dhampak positif kanggo perekonomian lokal. Pemerintah Kabupaten Situbondo, ujare Rio, nyengkuyung programe pamarentah pusat ing sektor pangan, klebu menehi lahan tanem tebu ing daerahe. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *