Sawah 1.700 hektar ing Kecamatan Kembangbau, Kabupaten Lamongan siap ngleksanani panen raya masa tanam (MT) III 2025 kanthi kuwalitas gabah sing sinawang becik. Bupati Lamongan Yuhronur Efendi ngandharake, senadyan asil panen sing arep teka iki diyakini mundhak tinimbang taun-taun sadurunge, lan mracihnani menawa ketahanan pangan ing daerahe tetep kajaga, nanging pamarentah daerah tetep bakal ngampingi para petani sarta weweh fasilitas penunjang amrih asil panen kasebut sansaya optimal.
“Alhamdulillah Kecamatan Kembangbau panen raya MT III. Nyawang potensi pertanian sing mundhak becik, temtu wae Pemkab Lamongan bakal terus menehi pendampingan lan fasilitasi,” kandhane Yuhronur samarine ngrawuhi panen raya ing Desa Sidomukti, Kembangbau, Senen, 27 Oktober 2025.
Miturut Yuhronur panen raya MT III mau bisa kaleksanan kanthi becik brekat para petanine sing srempeng nyambut gawe kanthi inovasi-inovasi sing diciptakake. Pemkab nyengkuyung inovasine petani mau kanthi nyediyakake sarana prodhuksi, irigasi, lan akses pembiayaan. Dheweke uga nduweni komitmen njaga stabilitas rega gabah amrih karaharjane petani kajamin.
Sauntara kuwi Kepala Dinas Ketahanan Pangan dan Pertanian Kabupaten Lamongan Mugito nuturake, nganti 24 Oktober 2025 realisasi tandur ing Lamongan nggayuh 120.247 hektar saka target 192.373 hektar. “Ambane panen pari nganti Oktober 2025 iki nggayuh 166.017 hektar, kanthi estimasi prodhuksi gabah kering giling 1.211.924 ton,” kandhane. Wondene rega gabah kering panen (GKP) ing tingkat prodhusen sasi Oktober iki rata-rata Rp 7.300 per kilogram, utawa sandhuwure rega tetukon pamarentah Rp 6.500 per kilogram, kanthi gabah kering giling nggayuh Rp 8.003 per kilogram. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







