
Sri Susuhunan Pakubuwono XIII wis nyiapake calon pengganti wiwit 2022. Diajab suksesi sabanjure lumaku rancag tanpa nimbulake konflik internal kaya sing kedadeyan wiwit 2004 nganti 2023.
KANGGO ngurmati sedane raja Kraton Surakarta Sri Susuhunan Pakubuwono XIII, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ora ngadani paket wisata Srimanganti jroning wektu telung dina. Pengageng II Purwa Aji Laksana Kasultanan Yogyarakta, KRT Purwowinoto ngandharake, kraton sengaja ngendheg pentas paket wisata Srimangati utawa suwuk. Tegese sasuwene wanci dhuhkita mau, kraton kasultanan ora ngunekake gamelan. “Nganti Sinuwun Pakubuwono XIII disarekake,” tuture Purwowinoto jrone katrangan tinulis, Ahad, 2 Nopember 2025.
Sri Sultan Hamengkubuwono X nambahake, suwuk mujudake tradhisi kraton sing kelakon wiwit jaman biyen minangka bentuk bela sungkawa yen ana krabat Kraton Yogyakarta apadene Kraton Surakarta kapundhut. Hamengkubuwono X pribadi uga nelakake belasungkawa sing jero atas mangkat-e Pakuwobowo XIII. Minangka sasamaning pangreksa tradhisi Jawa, Hamengkubuwono X ngelengake layat menyang Kraton Solo, Selasa, 4 Nopember.
Pakubuwono XIII sing uga winastan Hangabehi, marak sowan mring pangayunaning Gusti Ahad, 2 Nopember. Sinuwun katimbalan salebare diupakara ing Rumah Sakit Indriati, Solobaru, Sukoharjo jalaran nandhang gerah komplikasi. Hangabehi kapundhut ing yuswa 77 taun. Kunarpane kapetak ing Astana Raja-raja Mataram (Pajimatan) Imogiri, Bantul, Rebo, 5 Nopember.
Ora Tau Sepi Dredah
Wiwit kawisudha jumeneng nata 2004, pangembate praja Hangabehi ora mulus ing awal-awale madeg nalendra. Jalaran sawise Pakubuwono XII seda 11 Juni 2004, gelar Pakubuwono XIII kober dadi rebutan antarane Hangabehi lan KGPH Tedjowulan. Rebut gelar iku kedadeyan merga nganti tilar donya Pakubuwono XII ora misudha pangeran pati kasebab ora kagungan garwa prameswari. Ora mokal yen gelar Pakubuwono XIII wekasan dadi royokane para putra saka garwa ampil.
Jumbuh karo asmane, Hangabehi, sing tegese anak paling tuwa, didhaulat kulawarga kraton nglintir palungguhane ingkang bapa. Kanthi ngono Hangabehi wenang jejuluk Pakubuwono XIII. Nanging Tedjowulan sing ora narimakake pengangkatane kadang seje ibu mau banjur oncat saka lingkungan kraton. Ana sanjabaning beteng, trepe ing omahe pengusaha jamu Mooryati Sudibyo, Badran, Kotabarat, Surakarta, Tedjowulan uga diwisudha dening para pendhereke minangka Pakubuwono XIII. Wisudhan iku kaleksanan 31 Agustus 2004. Ing sisih liya, pendhereke Hangabehi tetep ngleksanani wisudhan Pakubuwono XIII 10 September 2004. Konflik sajroning kraton saya mureng.
Awal September 2004, Tedjowulan lan pendhereke ngrabasa lan ndhobrag korine Kraton Surakarta kanggo nggagalake jumenengane Hangabehi. ‘Penyerbuan’ iku njalari sawatara bangsawan sing mapan ana njero kraton nandhang tatu. Suprandene rame-rame mau ora murungake rancangan misudha Hangabehi minangka Pakubuwono XIII 10 September 2025.
Dredah raja kembar lumaku wolung taun suwene. Kabeh padha dene ndhaku minangka raja sing paling sah. Wali Kota Solo nalika kuwi, Joko Widodo, mbudidaya ngrukunake sedulur sing sesatron kuwi. Rekonsiliasi wekasan bisa kaleksanan ana gedhong DPR RI 4 Juni 2012 disekseni dening Ketua DPR Marzuki Alie, Gubernur Jawa Tengah Bibit Waluyo, lan Jokowi. Tedjowulan nyatakake ora kabotan ngrucat gelar Pakubuwono XIII. Minangka gantine, dheweke wenang nganggo gelar KGPH Panembahan Agung lan marangkani jumeneng ndalem ingkang raka, Hangabehi.
Nadyan Hangabehi lan Tedjowulan wis rangkulan, nanging ora ateges pasulayan jrone pura lerem. Kubu Lembaga Dewan Adat (LDA) Kraton Solo sing dipandhegani GKR Wandansari (Gusti Moeng) ganti kang manasake swasana. Tanggal 15 Juli 2012 upamane, LDA ngalang-alangi rombongane Tedjowulan kang arsa ngrawuhi adicara tingalan jumenengan kaping 8 Pakubuwono XIII Hangabehi. Nadyan kober kecandhet, nanging wekasane Tedjowulan bisa ngrawuhi tingalan jumenengan kasebut. Lan ing kono Tedjowulan sumungkem marang Pakubuwono Hangabehi minangka tandha asok kaluputan.
Tanggal 26 Agustus 2013 LDA lan Gusti Moeng bali nylomot keributan kanthi meksa mlebu menyang Sasana Putra sing dienggo acara halal bihalal ngiras ngukuhake Tedjowulan minangka mahamentri dening Pakubuwono XIII. Bengine, ganti massa pendhereke Pakubuwono XIII ditambah sawatara warga Baluwarti sing ndhobrag kori Sasana Putra. Massa mbudidaya nylametake Pakubuwono XIII kang isune disandera dening klompok LDA.
Sawise kedadeyan mau Pakubuwono XIII ora bisa mlebu menyang bageyan inti kraton jalaran akses saka paleremane ing Sasana Narendra tumuju mrana ditutup dening pihak LDA. Satemah Pakubuwono XIII ora bisa mandhegani upacara-upacara adat kraton kaya sing wis rutin lumaku kawit jaman eyang-eyange biyen. Sawise aparat TNI lan Polri ngadani mediasi antarane kubu Pakubuwono XIII lan LDA, gendra mau bisa dilereni. Pakubuwono XIII sarta Tedjowulan bisa bali mlebu kraton kanggo nggelar upacara tingalan jumenengan April 2017.
Bedhamen antarane Pakubuwono XIII lan Gusti Moeng pranyata ora umur dawa. Sebab ujug-ujug muncul pepanthane pawongan sing ngaku oleh dhawuh saka raja lan kanthi kasar nundhung lunga klompok LDA saka sanjerone kraton. Lawang tumuju bageyan inti kraton dikunci. Satemah plataran kedhaton sarta Sasana Pustaka sing kerep ditekani pelajar, budayawan lan akademikus ora bisa disaba maneh. Panutupan mau dhestun njalari sebageyan wangunan kraton rusak merga ora kopen.
Sawise katundhung metu saka kraton limang taun suwene, Gusti Moeng lan LDA bali nrobos mlebu pura, 17 Desember 2022. Baline Gusti Moeng lan pandhereke mau antara liya disebabake dening anane pawarta kasus colong jupuk ing lingkungan keputren. Adu ototing balung wuleding kulit ora bisa disingkiri engga njalari sawatara pendherek saka kubu kang lelawanan nandhang tatu. Nadyan malinge ora bisa dibuktekake dening Polresta Surakarta, nanging Gusti Moeng tetep ngotot menawa alesan baline mlebbu kraton mau sah miturut aturan. Awit LDA duwe tugas nglestarekake adat kraton sing kober mandheg saploke kori kinancing dening sentana pangombyonge Pakubuwono XIII.
Tukar padu sing embuh wis rambah kaping pira iku wekasan bisa didhamekake dening KRAy Herniatie Sriana Munasari, wayahe Gubernur Jawa Tengah sepisanan, RP Suroso, kanthi medhiator Polresta Surakarta, 3 Januari 2023. Mbacutake rekonsiliasi mau, Wali Kota Solo nalika kuwi, Gibran Rakabuming Raka, ngundang Pakubuwono XIII lan Gusti Moeng menyang Loji Gandrung, 4 Januari 2023. Ana sangarepe Gibran, Gusti Moeng pratela wis akur karo Pakubuwono XIII lan siap bebarengan nglestarekake kabudayan sarta adat istiadat Kraton Surakarta. Gibran nemenake yen konflin internal kraton wis sirep, pamarentah bakal ngrevitalisasi kahanan kraton minangka simbul budaya.

Pangeran Adipati Anom
Apa mangkate Ingkang Sinuwun Hangabehi bakal nukulake maneh bibit-bibit pasulayan kaya sing tau kelakon sambung sinambung mau? Apa suksesi sabanjure bakal mulus? Kita tunggu wae. Sing cetha Pakubuwono XIII jroning upacara tingalan jumenengan kang kaping 18 tanggal 27 Pebruari 2022 wis misudha KGPH Purubaya, putra saka garwa prameswari, minangka pangeran pati kathi gelar Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamangkunegara Sudibyo Rajaputra Narendra Mataram. Sejangkah maneh Purubaya bakal jejuluk Pakubuwono XIV.
Pangukuhane Purubaya minangka pangeran adipati anom mau disekseni dening kadang sepuh lan sawatara kadang anome Pakubuwono XIII. Para pejabat negara uga ngrawuhi wisudhan pangeran pati mau. Pangajabe, suksesi sabanjure bisa lumaku rancag amrih Kraton Surakarta bisa dadi simbul ngukuhi kabudayan Jawa bebarengan karo Kraton Yogyakarta.
Sawise Indonesia mroklamirake kamardikane 17 Agustus 1945, Kraton Solo mutusake nggamblok marang negara kesatuan. Kanthi ngono sacara sosial politik pangaruhe ora gedhe kaya sadurunge Republik Indonesia kabentuk. Kraton gari dadi simbul kabudayan kang nglestarekake adat tradhisine leluhur, kalebu seni lan kasusastran.
Nanging ora arang timbul ‘gesekan’ ing antarane trah raja nalika bakal diadani wisudhan jalaran rebut dhampar dhenta. Kraton pancen dudu wesi sembrani tumrap lakune politik negara, sok ngonowa palungguhan raja tetep nduweni daya pangaribawa ing lingkungane.
Panulis: KSW







