Nylametake Jawa kanthi Tanggul Raseksa

Kanggo ngawekani bencana rob lan mudhune lemah (land subsidence), pamarentah nedya yasa tanggul raseksa ing saurute pesisir lor Pulo Jawa, wiwit Banten nganti Gresik. Proyek infrakstruktur gedhen-gedhenan mau dianggep durung cukup dadi solusi yen ora diimbangi upaya mbeciki lingkungan pantai sing rusak. 
Warga nggandhol trek tronton kanggo nembus rob ing jalur utama pantura Semarang-Surabaya ing Jalan Kaligawe Raya, Semarang, Rebo (29/10/2025). (Foto: Antara/Aprillio Akbar). 

TANGGAL 23 September 2025 ke­pung­kur, nalika sesorah aneng Sidang Umum Perserikatan Bangsa-Bangsa, New ­­York, Amerika Serikat, Presiden Pra­­bowo Subianto nemenake nedya ya­sa tanggul laut raseksa sauruting pesi­sir lor Pulo Jawa kanggo nanggulangi ben­cana mbludage banyu segara alias rob. Prabowo nendhesake, pangariba­wa ­owah-­owahan iklim global sing nye­babake mbludage banyu segara, ora kena disepele. Tumrap Indonesia, dham­pake wis ketok mata, yaiku wimbuh dhu­wure lumahe banyu segara. Miturut Prabowo­ permukaan air laut ing pesisir Jakarta mundhak limang centi meter saben taune.

Prabowo ngakoni, yasa tanggul ra­sek­sa atusan kilometer dawane wiwit Ban­ten nganti Gresik, Jawa Timur,  du­du pa­karyan gampang. Kejaba perlu ra­gad gedhe, uga  butuh wektu puluhan ta­un kanggo ngrampungake. Nanging pensiunan jendral tentara bin­tang papat iku ora duwe pilihan liya. “In­donesia ku­du miwiti saiki sadurunge ke­na dham­pak sing luwih nemen,” ngendi­kane Pra­bowo.

Sesasi candhake, tanggal 20 Oktober 2025, nalika ngadani rapat menteri ter­ba­tas ing Istana Negara Jakarta, Prabo­wo ngambali kesaguhane yasa beteng kandel sing katelah giant sea wall. Ora tanggung-tanggung, dawane 535 kilo­me­ter. Mi­turut Prabowo, kejaba nyla­met­ake penduduk saka benca­na kang luwih gedhe, pambangunane tanggul mau uga meng­ku karep nylametake industri-industri sauruting pantai uta­ra (pantura) kang akeh banget cacahe. Yen kawasan industri kuwi nganti lumpuh, Indonesia ngalami kapitunan gedhe.

Mula Prabowo atekad miwiti giant sea wall wiwit pesisir lor Banten nganti te­kan Gresik. Kanggo kaperluwan kuwi  Pra­bowo banjur mbentuk Badan Otorita Pengelola Pantai Utara Jawa (BOPPJ) “60 persen industri kita mapan ana pantura, kuwi kabeh wajib diayomi. Uga ewonan hektar sawah sing subur, kudu disla­met­ake,” tuture Prabowo.

Prabowo nglenggana pambangunan tanggul raseksa bakal rampung antara­ne 15-20 taun. Panjenengane ora pre­du­li presiden sapa sing mbesuke bakal ngram­­pungake proyek sing ora baen-baen kuwi. Sing baku, ngendikane Pra­bowo, tanggul mau kudu enggal diwiwiti pambangunane supaya musibah sing dialami masyarakat pantura ora saya mbebayani.

“Aku ora ngerti presiden sapa sing mbesuke bakal ngrampungake proyek iki, nanging awake dhewe kudu miwiti,” kandhane Prabowo.

Gagasan yasa tanggul laut raseksa mau satemene wis diundha wiwit jaman Presiden Jokowi. Awal Januari 2024 Men­teri Koordinator Perekonomian Air­lang­ga Hartarto mratelakake, tanggul laut mujudake solusi nyegah rob lan mudhune lemah (land subsidence) ing pantura Jawa. Timbule rob sing ajeg mbanjiri pantura saben taune mau nu­wuhake kapitunan gedhen. Ora kurang saka 70 kawasan industri, 5 kawasan eko­nomi khusus (KEK), 28 kawasan per­untukan industri, lan 5 wilayah pu­sat pertumbuhan industri kena dham­pak langsung. Rob sing saya gedhe uga ngancam 50 yuta penduduk saurute pesisir lor.

Dibarengi Non-infrastruktur

Senadyan telat, kupiyane Prabowo nylametake Pulo Jawa saka ancaman ke­rem kasebab dening banjir, abrasi, an­jloge lemah lan lubere banyu sega­ra, pa­tut disengkuyung. Mungguh pane­mu­ne seba­geyan pakar kelautan, kudu­ne pa­ma­rentah wis miwiti proyek kuwi 10-20 taun kepungkur. 

Samengko, Semarang lan Demak wis kelangan sebageyan lahan pesisire mer­ga banyu segara saya adoh mblebeg dha­ratan. Lu­wih-luwih yen nedheng­e mang­sa rob, saurute wila­yah pesisir lor Jawa Te­­ngah kena dipesthekake ke­rem. Kapi­tu­nan ekono­mi lan sosial ora ketung akehe.

Dikutip saka Kantor Berita Antara, pa­nliti Ilmu Tanah dan Penginderaan Ja­rak Jauh Badan Riset dan Inovasi Nasio­nal (BRIN), Destika Cahyana, me­nehi pre­tikel, BOPPJ aja mung fokus ing pre­kara yasa tanggul raseksa wae. Yen kuwi solusi tung­gal sing arep ditandangi, Des­tika sumelang sebageyan gedhe ma­sya­rakat bakal nulak. Jalaran kahanan sa­tengahing masyarakat mono cukup kom­­pleks. Sing cumithak ana angen-angene war­ga, proyek gedhe kuwi malah arep mateni pangu­pajiwane nelayan sar­ta nggusur permukiman. 

Ngayomi ekosistem pesisir, miturut Destika, ora cukup mbangun beton peng­­­­kuh. Indonesia nduweni garis pesi­sir sing banget dawane kanthi karakter geomorfologi kang beda-beda, delta len­dhut sing dinamis, pantai karang, kawa­san mangrove prodhuktif, sarta kutha-kutha tepining sagara sing permukaan-e saya mudhun merga prilaku nyedhot air tanah ugal-ugalan.

Pantura pancen sacepete butuh di­sla­metake. Nanging pendekatan sing di­tempuh aja mung tunggal giant sea wall. Perlu panyelarasan antarane rakayasa struktur, solusi kanthi pathokan lingku­ngan alam, ngemonah sedimen, karo tata kelola ruwang kutha pesisir kang sa­iyeg. Emane, proses-proses mau du­rung katon dileksanani jalaran pama­ren­tah mung nduweni narasi tunggal arupa mbangun giant sea wall. 

Salah sijine warga nunut odong-odong kanggo ngliwati banjir rob ing Muara Angke, Jakarta, Jumuah (7/11/2025).
(Foto: Antara/Sulthony Hasanuddin)

Mangka, negara-negara sing kecong­gah ngen­dha­leni risiko pesisir, kaya de­ne Belanda, Jepang, Bangladesh, lan Viet­nam, padha nerap­ake coastal pro­tection sing rangkep-rangkep. Negara-negara ka­­se­but ngombi­nasi tanggul, serbuk hijau mang­rove, ngatur eks­ploitasi banyu kemah, mulihake lahan teles, lan ngatur mana­jemen ngompa banyu resik saka njero lemah kanggo nyla­metake pesisir.

Indonesia satemene nduweni modhal ekologi sing pepak, nanging pamarentah nyiutake mung ing prekara struktur be­ton minangka obyek sing ku­wawa nahan lubere banyu segara. Mangka ma­neka panliten wis nuduhake lamun rusake lingku­ngan pesisir luwih akeh disebabake dening degradasi wilayah dharatan, kaya dene susute sedimentasi akibat owah-owahan tata guna lahan, ilange fungsi infiltrasi lemah, konversi lahan, sarta saya mudhune struktur lemah jalaran cawisan banyu resik saya tipis akibat disedhot gedhen-gedhenan.

Kanthi tembung liya, rosane pertahanan pesisir ora mung krana ditemtokake dening madege tanggul beton sing ngadhep menyang segara, nanging uga sehate lemah sarta lanskap ing samburine. Satemah yen pamarentah nggunakake istilah giant sea wall kaya-kaya nyumpet kalodhangan dhialog karo masyarakat sing waswas atine merga sumber pangupajiwane ilang sawise tembok raseksa iku mengko ngadeg. 

Yen ora pinter-pinter ngemonah isu kuwi, sisip sembire nuwuhake ongkrep merga mlebune pihak-pihak njaba sing ngujuk-ujuki masyarakat supaya nulak proyek nasional mau. Tembok raseksa sing ditegesi panggusuran,  bisa nuwuhake panulake warga. Mula  ora ana alane tumrap Prabowo ngowahi judhul giant sea wall mau nganggo “Perlindungan Pesisir Terpadu” apa “Strategi Adaptasi Pesisir Berlapis” upamane. 

Kanthi nggunakake istilah-istilah alus sing ‘nyumadulur’, pamarentah bisa nerangake yen giant sea wall ora mung sekadhar mbangun struktur kang atos-atos wae, nanging uga ngurusi bab-bab sing ‘empuk’, kaya dene ngrehabilitasi mang­rove, pangaturan ruang ter­buka ing kutha pesisir, ngatur pa­nju­puke banyu lemah, sarta ngu­rusi sedimen ing sungapan kali (del­ta).

Ing sawatara negara kang suk­ses ngemonah lingkungan pesi­sir­e, masyarakate malah sing ndu­­weni peran gedhe ngopeni mangrove lan mulihake kodhisi­ne lahan kang kebacut rusak. Ing sisih liya, pamarentah perlu me­nehi edukasi sing obyektif ma­rang masyarakat. Upamane, mba­­­­ngun tanggul ing kawasan sing lemahe anjlog ekstrem pan­cen perlu, nanging madege tang­gul mau bakal efektif yen dibare­ng­i karo kekarepan nyuda nye­dhot banyu lemah sing ugal-ugal­an, mulihake sedimen sing wis ru­­sak, sarta mbeciki lingkungan ing kawasan hulu.

Jrone kawasan pesisir kanthi alas mangrove sing isih thukul se­­hat lan alami, mbeciki kaha­nan lingkungan alam diyakini luwih bisa ditampa masyarakat tinimbang mbangun struktur be­ton. Tanggul pancen penting, na­nging dudu siji-sjine cara kanggo nahan mbludage banyu segara. Ing pungkasane, Indone­sia mbu­tuh­ake strategi pertaha­nan pesi­sir sing angabehi, adap­tif lan pa­thokan marang ilmu lan tekno­logi (sain).

Menteri Koordinator Bidang In­frastruktur dan Pembangu­nan Kewilayahan Agus Harimur­ti Yu­dho­yono (AHY) ngandhar­ake, pa­ma­rentah mbutuhake dhu­wit 80 milyar dollar Amerika (udaka­ra Rp 1.280 trilyun) kang­go mba­ngun ­tanggul raseksa mau. Ge­dhe­ne ragad, kandhane AHY, wis dietung-etung dening pamaren­tah.

Suprandene AHY ngakoni me­nawa giant sea wall dudu siji-sijine solusi ngawekani mu­dhun­e lemah ing pantura Jawa. Sa­engga proyek inftrastruktur mau bakal dibarengi karo upa­ya-­upa­ya dhasar mbeciki kahanan ling­ku­ngan, klebu ngawe­ka­ni eks­ploi­tasi banyu lemah sing njalari saya amblege lu­mahe le­mah.

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *