Upayane Balai Bahasa Jatim Ngukuhi Basa Daerah

Balai Bahasa Jawa Timur nindakake gerakan literasi anak wiwit 2021. Kejaba mbentuk karaktere bocah, program iku uga mengku karep nyedhakake bocah marang idhentitas kedaerahan ing ngendi dheweke manggon. Njunjung kearifan lokal.
Para penulis crita bocah nampa plakat pangaji-aji saka Kepala Balai Bahasa Jawa Timur, Puji Retno Herdiningtyas ing Hotel Mercury Grand Mirama, 24 Nopember.

Jrone kegiyatan Taklimat Media: Capaian Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur Tahun 2025, Rebo, 17 Desember 2025 kepungkur, Kepala Balai Bahasa Jawa Timur Puji Retno Hardiningtyas ngandharake, sasuwene setaun pungkasan iki wis akeh sing dilakoni lembagane gegayutan karo upaya ngukuhi basa daerah amrih ora cures. Telu ing antarane yaiku penulisan wacan bocah abasa Jawa, Medura lan Jawa dhialek Using; panyusunan kamus Indonesia-Jawa; sarta Ensiklopedi Sastra Jawa Timur.

Mligi penulisan buku wacan bocah tataran PAUD nganti SD, Balai Bahasa Jatim kepara wis kaping telu nganakake sajrone telung taun pungkasan iki. Saben taune, sing ngirimake naskah atusan kanthi didhominasi crita bocah abasa Jawa. Naskah-naskah mau diseleksi dening tim penelaah saengga cacahe kari salaras karo sing dijaluk dening Balai Bahasa.

“Gerakan literasi anak iki wis dileksanani Balai Bahasa Jawa Timur wiwit 2021,” kandhane Puji Retno ing Aula Tjut Nyak Dien, kantor Balai Bahasa Jawa Timur, Jalan Gebang Putih 10, Sukolilo, Surabaya.

Taun 2025 iki ana tambahan prodhuksi buku crita anak cacah 123 kang dumadi saka basa Jawa, Medura lan Jawa dhialek Using. Kanggo mandhu bocah-bocah nyinaoni basa daerah, ing buku-buku mau dipepaki jarwan (terjemahan) basa Indonesia. Saengga bisa dicocogake tegese tembung basa daerah mau menyang basa Indonesia. 

Cara sing mangkono mau luwih nggampangake bocah nepungi tembung-tembung abasa daerah wiwit sing paling dhasar. Luwih-luwih panitia Balai Bahasa Jawa Timur uga nggarisake marang penulis apadene penelaah supaya basa-basane ing buku wacan kasebut digawe prasaja supaya ora mbingungake bocah (jenjang C).

Buku-buku ing kertas luks mau sansaya narik kawigaten awit dipepaki nganggo gambar ilustrasi sing mranani jumbuh karo umure bocah. Para ilustrator sing cacahe puluhan dijaluk supaya gambare nyambung karo psikologise bocah sing isih ajar maca. Saegga kanthi nonton gambare saklebatan, si bocah thukul rasa penasarane kanggo mbacutake maca.

Total wis ana 375 buku wacan bocah kang diterbitake Balai Bahasa Jawa Timur. Buku-buku mau diajap sansaya mepaki sarana nyinau basa daerah sarta mahami crita-critane sing nggambarake budaya lokal Jawa Timur. Ora mung waton nggambarake budaya lokal, nanging isine crita uga ngandhut piwulang luhur, kreativitas, sarta semangat mandhiri.

Mula pandhuan kanggo nulis wacan bocah mau kudu ngetrepi metodhe pembelajaran terintegrasi STEAM (science, technology, engineering, arts, mathematics). Saben tema crita diwajibake ngandhut limang unsur mau.  “Kuwalitas buku temtune uga dipikirake kanggo mbentuk karaktere bocah,” ngendikane Puji Retno.

Nadyan crita bocah, nanging Balai Bahasa Jawa Timur ora mbatesi umur tumrap penulise. Sawatara penulis sastra Jawa sing akeh ceciblon ing udayana basa Jawa, kaya dene J.F.X Hoery, Gatot Harioto, Gayuh R. Saputro lan Bangkit Irmanudin Bahri uga melu partisipasi jrone kegiyatan mau. Wondene tim penelaah dumadi saka Kukuh SW (Panjebar Semangat), Widodo Basuki (Jaya Baya), lan Suharmono Kasijun (akademisi lan pengarang sastra Jawa senior).

 “Seneng bisa melu nggrengsengake literasi anak,” kandhane Gayuh R. Saputro nalika kegiyatan peluncuran buku cerita anak mau ing Hotel Mercury Grand Mirama Surabaya, 24 Nopember 2025.

Wondene kanggo tataran siswa SD lan SMP, Balai Bahasa Jawa Timur nganakake lomba ngarang basa Jawa, nulis aksara Jawa, ndongeng abasa Jawa sarta komedhi tunggal (stand up comedy) abasa Jawa sa-Jawa Timur. Kegiyatan mawa tema ‘Festival Tunas Bahasa Ibu’ mau dileksanani ana Hotel Santika, Jalan Gubeng, Surabaya, 8 Nopember 2025. Juri ngarang dumadi saka Kukuh SW (Panjebar Semangat), Sunarko ‘Sodrun’ Budiman (Ketua Sanggar Triwida), lan Anjrah Lelono Broto (sastrawan).

Taklimat media dening Balai Bahasa Jawa Timur, 17 Desember.
(Foto: KSW)
Perkamusan

Taun 2025 iki Balai Bahasa Jawa Timur ngusulake 270 kosa kata bahasa daerah menyang redhaksi Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI); 1.2000 kosakata Kamus Ungkapan Bahasa Madura; sarta penerbitan Kamus Ungkapan Bahasa Madura, Kamus Kesenian Jawa Timur, lan Kamus Kuliner Jawa Timur.

Kejaba kuwi, asile inventarisasi kosakata sing dilacak saka Ngawi lan Bondowoso wis diseminarake lumantar kegiyatan Lokakarya Hasil Investasi Kosakata Bahasa Daerah (Jawa dan Madura) 22-24 Juli 2025. Sidang Komisi Bahasa Daerah (SKBD) Jawa Timur nampa 270 jumlah entri, ditulak 52 entri lan ditambahake 13 entri. Entri basa sing diakomodir subacute bakal diusulake dening edhitor lan redhaktur KBBI Balai Bahasa Jawa Timur menyang KBBI daring. Wondene entri sing ditulak bakal dikonfirmasi ulang marang penutur jati.

Finalis pasarta lomba ngarang abasa Jawa kanggo siswa tataran SD lan SMP dening Balai Bahasa Jawa Timur foto bareng karo juri ing Hotel Santika, 8 Nopember.

Tuladha kosakata kuliner kang taun iki diusulake dening Balai Bahasa Jawa Timur antara liya yaiku jenang jubung (Jawa), kang ditegesi: Jenang khas Gresik yang dibuat dari campuran tepung ketan hitam, gula pasir, dan santan, dimasak, setelah matang dimasukkan dalam klobot bernentuk silinder (ope) dan ditaburi wijen yang sudah disangrai.

Conto liyane yaiku bekamal (Jawa dhialek using), sing tegese: daging sapi yang difermentasi bersama rempah-rempah di dalam kendhil atau stoples. Wondene kosakata kuliner abasa Medura kang diusulake yaiku topak mi, sing tegese: makanan khas Sampang yang berbahan ketupat, mi, taoge dan tahu, disajikan dengan siraman kuah petis encer.

 Sauntara kuwi kegiyatan pemutakhiran data Ensiklopedi Sastra Jawa Timur dileksanani liwat proses njupuk lan ngolah data. Tujuwane kanggo ndhokumentasi lan nganyari informasi ngenani tokoh sastra, karya sastra, organisasi sastra, lan kedadeyan sastra ing Jawa Timur.

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *