Kenangan Samungkure Animasi Doraemon

Saiki, minggu esuk rinasa beda. Sebab animasi Doraemon wis mandheg tayang ing TV. Mungguhe generasi 2000-an, kandhege tayangan Doraemon iki dudu mung minangka owah-owahane jadwal TV wae, nanging uga pratandha yen batur mangsa cilik biyen saiki wis yekti mungkur, ninggal tilas kenangan sing bakale tansah tumanjem ing ati.

Rikala cilik, kanca-kanca sing klairane taun 2000-an mesthi sok nonton animasi Jepang karan Doraemon kang tayange ing RCTI ajeg saben minggu esuk, ta? Jam-jam esuk kaya-kaya wis dadi agendha wajib nonton animasi klangenan iki. 

Embuh iku disambi sarapan, resik-resik, utawa nindakake pakaryan liyane, TV wajib muter saluran RCTI sing nayangake Doraemon, kanthi lagu ikonike sing cakepane ngene unine: “Aku ingin begini, aku ingin begitu, ingin ini itu banyak sekali~”.

Yen dirungok-rungokake, lagune kuwi rasane candhu banget lan tansah kemanthil ing pikiran. Hayo ngaku, kanca-kanca mesthi wae apal karo cakepane lagu kasebut ta? Saliyane pancen gampang apal-apalane, lagune Doraemon uga ngemu wos kang nandhes, yaiku babagan pangimpenen sawijining rumaja, senajan prasaja cakepane. 

Nanging emane, animasi serial karyane Fujiko F. Fujio saka Jepang iki resmi mandheg tayang ing RCTI wiwit 29 Desember 2025 wingi. Senajan RCTI pancen tetela durung ngetokake katrangan resmine, tandha-tandhane kandhege tayangan Doraemon wis katon saka jadwal giyarane. Wis ora ana maneh jadwal ajeg Doraemon sing ajeg ana saben Minggu kuwi ing RCTI.

Sakala, kabar iki dadi kembang lambene warganet ing jagad maya. Akeh warganet sing rumangsa sedhih lan nelangsa awit kandhege tayangan Doraemon kang nilas kenangan mangsa cilike kuwi. Semono uga padha kang dirasakake dening penulis.

Tuwuh lan gedhe dibarengi kalawan tayangan animasi Doraemon agawe penulis bisa sinau ilmu-ilmu urip kang migunani. Akeh lelakon-lelakon kang bisa disinaoni saka paraga-paraga ing animasi Doraemon. 

Kaya dene Nobita, paraga sing tansah males-malesan anggone sinau lan sok nemahi apes kurang rasa tanggape marang kahanan sakiwa tengene. Wusanane, Doraemon sing terus-terusan dijagakake dening Nobita nalika ngrampungi sakabehe urusane. 

Senajan ta wekasane apa wae sing ditindakake Nobita tansah muspra lan ora ana asile. Iki sing nuduhake lamun dadi nom-noman kudu tanggap lan solutif, ora kena kok terus-terusan gumantung marang cara siji lan cegeh gegolek solusi liyane.

Sauntara kuwi, Nobita uga minangka paraga sing tansah diuring-uring dening ibune sebab ora jegos nandangi sakehing bab. Durung maneh Nobita uga sok diganggu-gawe dening kanca-kancane kaya Suneo lan Giant sebab Nobita katone ‘cupu’ sarta kurang besus patrap lan solahbawane.

Begjane, Nobita nduweni kanca sing njawa marang kahanane kuwi, yaiku Shizuka lan maneh Doraemon sing tansah siyaga njurung pangresayane Nobita. Anane Doraemon ing uripe Nobita dadi aji mumpung. 

Doraemon bisa ngrewangi Nobita terus kanthi piranti-piranti ‘ajaib’ darbeke kang sumimpen ing kanthonge. Senajan mangkono, ing sawalika panguripane karo Nobita kuwi, Doraemon sejatine uga nyimpen lelakon nelangsa ing mangsa kawurine.

Doraemon minangka prodhuk robot gagal ‘mangsa ngarep’ kang didol murah menyang kulawarga miskin sing kajiret utang. Kulawarga sing ngadhopsi Doraemon kuwi ora liya yaiku kulawargane Nobita ing tembe mburi. Mula Doraemon kuwi sejatine mung robot kucing kang banjur teka menyang uripe Nobita ing mangsa kawuri (jaman saiki).

Doraemon ora nduweni kuping lincip sabaene kucing lumrahe. Sekawit, dheweke pancen nduwe kuping. Ning merga Doraemon tau nemahi lelakon kupinge dikrikiti tikus robot, endhase katon bunder seser kaya ondhe-ondhe.

Nah sawise dituku dening kulawargane Nobita ing tembe mburi, Doraemon dikirim menyang jaman kawuri (kira-kira 250 taun kepungkur) kanggo ndandani panguripane Nobita.

Manut gumingsire wektu, critane Nobita lan Doraemon ing seriale uga tansaya ngremabaka. Ora mung nuduhake lelakon kekancan, animasi Doraemon uga ngandhut elmu-elmu urip padinan kang migunani lire empati, tatag nggayuh pangimpen, lan gilige tekad mbudidaya.

Salah siji lelakone Doraemon sing takrasa nabetake dhewe mungguhe sakehing penontone yaiku Doraemon: Nobita dan Dinosaurus sing tayangane awujud filem. Filem iki dianggep minangka salah siji tayangan Doraemon sing emosional dhewe. Apamaneh munjere ing lelakon pepisahane Nobita lan Pisuke, bayi dinosaurus jinis Futabasaurus sing wis dirumat Nobita wiwit cilik.

Adegan Nobita ing filem kuwi dadi simbul anane patemon lan kaikete sesambungan mesthi kawusanan pepisahan. Sawijining punjer crita kang arang dituduhake kanthi gamblang sajrone tayangane bocah nalika kuwi.

Mbokmenawa lelakon kuwi kang agawe sakehing panggemare Doraemon rumangsa gegetun nalika animasi Doraemon mandheg tayang ing RCTI lan wusanane bisa tikel rasa dhemene marang animasi saempere Doraemon.

Rasa kapang marang animasi kanthi crita sing prasaja ning kebak pitutur kasebut kuwat banget ing kalangane panonton. Bab iki bisa ditengeri saka akehe respon positif kang tumeka marang filem Jumbo, kang wiwit perilisane wae bisa mikat kawigatene publik. Kanthi alur prasaja lan kebak wos, Jumbo kinarya lelakon kang gampang dipahami, ditrima, lan agawe trenyuhing ati. 

Nah gedhene respone panonton nyatane uga tinuju ing animasi liyane lire Upin & Ipin, Nussa, lan Adit & Sopo Jarwo kang critane mengku wos babagan kulawarga, kekadangan, lan tepa-slira minangka daya utama critane.

Stand by Me 3 minangka filem pamungkase Doraemon diagendhakake tayang April 2026

Mbokmenawa respone panonton sing kaya ngene iki sing agawe Doraemon ditresnani banget dening panonton sa-Indonesia. Sasuwene kira-kira 35 taun tayang ing RCTI, lelakone Nobita sakanca kasugata kanthi konflik kang prasaja, ning sok nggepok perkara emosional lan relevan karo panguripane bocah lan nom-noman.Senajan animasi Doraemon wis mandheg tayang ing RCTI, lelakone durung bener-bener rampung. Kanca-kanca isih bisa tetep nututi critane Doraemon lumantar filem Stand by Me. Malah ing Jepang, filem Stand by Me 3 dijadwalake tayang nalika April 2026. Filem kasebut munjer marang Dorami, robot kucing werna kuning adhine Doraemon kang ora kalah seru crita lan lelakone. (ARW)

Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *