Kanca-kanca percaya apa ora yen sing njaga gerbang keamanane siber lembaga antariksa kelas donya saukurane NASA, jebul bisa ‘disenggol’ dening siswa madrasah saka Indonesia? Kaya dene filem hacker, nyata lelakone siswa iki bisa agawe kita gedheg-gedhe.
Yo kenalan karo Riski Muhammad Ivan, siswa kelas XII saka MAN 1 Bandar Lampung iki. Duk nalika 1 November 2025 wingi, rumaja kang akrab diundang Riski iki kasil nemokake pasulayan awujud sela-selaning keamanan (bug) ing salah siji situs resmi darbeke National Aeronautics and Space Administration (NASA).
Dudu sabaene wae, pasulayan kang ditemokake Riski kasebut ora gemen-gemen, lo. Ing sajrone donyane siber, sing ditemokake Riski kuwi klebu kategori P-3 utawa pasulayan tataran madya (medium severity). Bayangna ta, yen pasulayan iki ditemokake dening pawongan kang kliru utawa mengku karep ala, data wigati darbeke NASA bisa wae bocor lan dimanipulasi. Begjane, Riski kuwi kinarya programer nom kang becik bebudene.

Riski nglapurake pasulayan sing ditemokake kuwi liwat program resmi Vulnerability Disclosure Program (VDP) ing platform Bugcrowd sing dibesut NASA. Asile apa? Lapurane Riski kasil divalidhasi dening pehak NASA tur nalika 19 November 2025, NASA langsung mrantasi pasulayan kasebut awit lapurane Riski.
Ing lelakon iki, babagan sing uga narik kawigatene yaiku Riski lila nampik dhuwit bebanane NASA kanggo prestasi. Lumrahe, programer liya bakal ngincer dhuwit utawa bebana nalika bisa nemokake pasulayane NASA. Nanging iki beda mungguhe Riski. Dheweke kanthi manteb atine ora karep nampa pawewehe NASA kasebut.
Lo kok ditampik? Mungguhe Riski, pangakon resmi arupa sertifikasi luwih aji tinimbang dhuwit. Dheweke luwung mulih sertifikat pangaji-aji resmi saka lembaga pamrentahan Amerika kasebut.
Sertifikat kuwi sing dadi bukti nyata validhitas katrampilane Riski kang diakoni dening donya. Kinarya portofolio kang ajine ora ana pepindhane kanggo dina tembene pendhidhikane Riski. Ora imbang yen diukur mawa redana.

Tur, sapa kang nyana, yen katrampilane Riski anggone nekuni bidhang programer iki jebule ora diolehake saka kursus, nanging saka sinau mandhiri. Gilige tekade Riski pancen patut kaacungan jempol. Sadurunge NASA, Riski jebul wis tau ngamanake watara 15 situs instansi nasional liyane.
Semono uga, Riski ora gelem kaprigelane kuwi diepek dhewe. Dheweke saiki uga nduweni komunitas dhewe kanggo andum sesurupan babagan programer, yaiku Komunitas Lampung Cyber Security. Riski pengin nyuda panganggep ala babagan hacker. Akeh sing nganggep yen hacker kuwi tumindak kriminal.“Lumantar komunitas iki, aku lan kanca-kanca bisa sinau babagan othak-athik situs lan maneka sesurupan programer liyane. Pancen kang kita lakoni iki uga sok ditindakake dening kriminal hacker sabaene. Nanging aku lan kanca-kanca kepengin malik pakaryan kasebut dadi tumindak kang migunani, dudu mung mitunani,” ujare Riski.
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital






