Prei Nataru wingi para maos plesiran menyang endi? Mungguhe sing seneng nyinau bab seni lan sejarah, plesir kanthi nyambangi papan lawasan dadi bab kang lumrah. Lha sing arep kababar ing kalodhangan iki yaiku candhi ing wewengkon Surakarta. Arane candhi Mangkubumen.

cungkup gereja Eropa.
Mapan ing tengah kutha, ing dalan gedhe, yaiku dalan Dr. Cipto Mangunkusumo, candhi iki ora padha karo kang umume sinebut candhi. Saka watu, undhag-undhagan, akeh recane. Sing iki beda! Candhi iki luwih memper karo menara gereja Eropa. Cilik mendhuwur kaya tugu, kanthi wuwungan lincip.
Ukurane candhi ora gedhe nemen kaya lumrahe omah apamaneh gereja. Cekli, amung rong pengadege manungsa diwasa. Candhi dikupengi pager mubeng. Mula ora gumun yen ana sing ngarani iku wujud pusara. Satleraman ya pancen ana mempere. Amung wae ijen, dene yen pusara lan umume ana “batihe” ing sakiwa tengene.
Wis wiwit biyen mula, warga ngarani wewangunan iku candhi Mangkubumen. Yen diukur dhuwure udakara 3 meter. Uga ana papan kanggo ngobong dupa kang nuduhake yen ana kulawarga lan kerabate sing sok teka berseh lan asung bekti.
Ing tugu kasebut ana sakane papat, cungkupe lincip, lan ana rerenggane khas Eropa. Kaya miniatur wewangunan Landa tenan.
Manut sejarahe, candhi Mangkubumen wis madeg wiwit 1840. Candhi iku mujudake papan suminggahe ari-ari (tali puser) Patih KRA Sangsranagara. Panjenengane klebu tokoh sing moncer saka Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.
Patih KRA Hadiningrat njabat minangka Adipati, lan diangkat dadi Patih ing taun 1866. Iku ing jamane pamarentahan Pakubuwono IX. Minangka patih, dheweke kasusra wasis lan prigel. Uga, sat set lan wicaksana nalika mutusi perkara. Ya awit iku kabeh mula Pakubuwono IX kurmat lan ngajeni banget marang dheweke.
Candhi Mangkubumen mapan ing pasiten rada amba, ora ana wewangunan ing sacelake. Ananging ora adoh saka kono, sejatine ndhisik ana wewangunan gedhe lan kahanane rame. Yaiku Rumah Sakit Umum Mangkubumen kang banjur malih dadi RSUD Dr. Moewardi.


nengeri candhi Mangkubumen.
Nalika rumah sakit iku banjur uga dipindhah menyang tlatah Jebres, tilase tetep dikemonah. Dadi papan kanggo wedangan kang ora tau sepi saka warga. Pancen saiki wis ora patiya regeng kaya jaman semana. Jalaran papan plesiran lan uga papan “nongkrong” wis tansaya akeh. Ananging, candhi Mangkubumen tetep katon karumat.
Bab iku mbuktekake yen candhi Mangkubumen ora amung saderma wewangunan lawasan. Ananging ngemu sejarah kang tetep dingerteni turun tumurun lan tambah ngrembaka. Ora sethithik warga ngenggon mara lan atur bekti ngelingi kalantipane Sang Patih. Dene warga saka njaban kutha, mara lan nyinau bab kiprahe Sang Patih.
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat







