Jenenge nyleneh ya, cengklungan. Tetenger iku ana gegayutane karo piranti kang dinggo, yaiku cengklung. Kesenian iki asale saka Temanggung, Jawa Tengah. Wujude tetabuhan lan tetembangan.
Ditlesih sejarahe, warga ngenggon ora bisa aweh katrangan pesthine kesenian iki jumedhul. Uga, sapa sing nganggit lan nepungake marang ngakeh. Kepriye mula bukane, manut warga sing isih baut, jalaran tanpa dijarag. Dadi ya spontan ngono wae.

Wah kok bisa? Dadi, manut gethok tulare, ndhisik warga ngenggon penggaotane tani lan uga ngingu sato iwen. Ana wedhus, sapi, uga kebo. Lha nalika angon sato iku banjur padha nduwe ada-ada nguthak-athik payung kruduk-e.
Payung kruduk iki ora kaya songsong kang dibuka munggah banjur kanggo pangayom. Ya bener kanggo nutup sirah lan badan saka udan, ananging mapane tumemplek lemah. Ginawe saka pring lan wilahan, diwenehi lembaran clumpring lan ditaleni nganggo duk.
Saka bahan kang padha, dikreasi dening para kadang pangon nganggo suket grinting lan uga pring. Lha kok tibake bisa dadi swara sing ana larase. Suket iku bisa kayadene senar ing gitar. Yen ditabuh nganggo driji ngasilake laras tinamtu. Jalaran ana akeh sing padha nggawe, larase uga dadi werna-werna. Keprungu ndemenakake ing kuping. Banjur diimbuhi tetembangan, nambahi regeng swasanane.
Kesenian iku wis ana nalika jaman penjajahan Landa. Wektu semana meh kabeh warga ing desa-desa wis kulina karo Cengklungan. Yen ana ritual utawa adicara apa wae, Cengklungan dadi tontonane. Utamane nalika ana sing sunatan lan uga mantenan. Ana tetabuhan, tembang, uga ana sing ngigel.

Cengklungan kang dinggo tontonan ing pawiwahan mesthi wae wis digawe mligi nganti unine jangkep. Kejaba cengklung kang bisa diselarasake dadi bass, melodi, siter, uga minangka kendhang lan kenong.
Dene tetembangane, umume nganggo tembang kang wis kulina keprungu. Ana kidung lawasan, tembang dolanan, macapat, uga tembang-tembang Jawa liyane. Sebutane mono tembang rakyat. Surasane minangka wujud syukur marang Gusti ingkang akarya jagad, srana kanggo mawas dhiri, uga pitutur lan piweling bab ngaurip.

(Foto saka GNFI)
Yen disetitekake, tarian ing kesenian Cengklungan sejatine nggambarake bab urip padinane kadang tani. Saben gerakane nggambarake solah tumindake petani nalika ngolah sawah lan tegalane. Ana gerakan kayadene macul, nandur pari, ngani-ani, nggusah manuk, panen, uga nutu pari.
Kesenian iki saiki pancen wis ora kerep kagelar kaya jaman ndhisik. Ananging ya tetep ana warga sing ngleluri. Semono uga nom-noman, sanadyan ora akeh, ana sing ada-ada ngangkat maneh amrih luwih akeh kanca sakbarakane sing padha wanuh. Apamaneh bab kesenian iki uga wis moncer tekan njaban rangkah. Wujude payung kruduk, bisa ditonton ing museum kang ana ing Den Haag, Belanda, lho!
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat






