Ing satengahing sawah ing Desa Sudimoro, Kecamatan Megaluh, Kabupaten Jombang madeg sawijine situs budaya kang isih nyimpen ‘jejak’ crita dawa saka jaman krajan Majapait. Yaiku patilasan Damar Wulan. Situs iki dadi panggonan kang kebak sejarah, uga simbul kapitayan budaya masarakat. Patilasan iki dirumat dening juru kunci bapak Solikan, generasi kaping sewelas kang wiwit nindakake tugas ksb wiwit taun 2022. Jejere juru kunci ingkene ora mung njaga fisik situs, nanging uga nguri-uri crita, makna, lan tata krama kang ana gandhengane karo patilasan ksb, supaya ora kabur utawa malah ilang dening anane owah-owahan jaman.

Kaya kang kita mangerteni, Damar Wulan sawijine pawongan kang wigati nalika ing jaman krajan Majapait nganti pinercaya dadi raja pungkasan krajan kuwi nganti mlebune ajaran Islam. Damar Wulan lair ing Karang Mojo, Mojoduwur, Plandaan, banjur digawa menyang dhaerah Megaluh kanthi ngliwati kali. Keng ramane, asmane Patih Maudoro, kang banjur dadi eesi amarga kepengin nggulawenthah anake amrih mbesuk bisa dadi raja. Patih Maudoro uga salah sijine tokoh penting jroning sejarah lan legenda Damar Wulan kang urip ing jaman pungkasan Majapahit.
Miturut crita tutur masyarakat, Maudoro biyen mujudake patih Majapait, pejabat krajan kang nduweni drajat dhuwur lan tanggung jawab gedhe ing babagan pamarentahan lan strategi negara. Nanging, amarga kahanan jaman kang owah lan rasa tanggung jawab marang mangsa tembene anake, Maudoro banjur ninggal jabatan kepatihan lan milih urip dadi resi.
Sauntara kuwi keng ibune amane Palupi Nawang Wulan. Miturut crita rakyat, Palupi Nawang Wulan dikenal minangka jejere ibu kang setya, sabar, lan nduweni peran wigati jroning mbentuk watak lan kapribadene Damar Wulan. Dheweke ndhidhik Damar Wulan klawan ajaran-ajaran kang prasaja, andhap asor, lan tekad kang kuwat, saengga Damar Wulan tuwuh dadi tokoh satria kang wicaksana lan kebak tanggung jawab.
Situs patilasan Damar Wulan ana ing Desa Sudimoro, Jombang iki biyen wujude mung arupa ringin lan wit gedhe. Nanging saiki panggonane wis tumata dadi situs budaya lan spiritual kang rame ditekani.
Ing njerone patilasan ksb ana pirang-pirang panggonan kanthi nduweni jeneng dhewe-dhewe. Bageyan ngarep sawise gapura melbu ana sendhang utawa blumbang sing dipercaya dadi panggonan adus lan ngumbah suket asile Damar Wulan ngarit. Nganti saiki sendhang ksb isih disakralake. Banjur rada mlebu maneh ana cungkup patilasan Damar Wulan lan Patih Maudoro sing dipercaya biyen dadi papan ngasone. Bageyan mburi dhewe ana regol utawa gapura mlebu, kang biyene dadi regol mlebune Damar Wulan sawise ngarit.
Sejarahe dhewe, anggone ngarit Damar Wulan ndhisik ana ing desa Pangaritan kang saiki jeneng ksb kanggone jenenge desa. Ing desa Paritan iki dipercaya dadi panggonane Damar Wulan ngarit suket kanggo pakane jaran.
Patilasan Damar Wulan dhewe wiwit dibangun taun 2004, banjur ditambahi pendhapa ing taun 2007. Pembangunan maneh kanthi gedhen ditindakake watara taun 2017 kang disengkuyung dening Cagar Budaya Provinsi Jawa Wetan.
Petilasan Damar Wulan dianggep nduweni nilai religius yaiku minangka ziarah, ndedonga, lan refleksi dhiri. Pengunjunge teka saka maneka dhaerah kayata Jakarta, Bali, nganti ana sing saka Papua. Wong-wong iki padha ngerti anane patilasan Damar Wulan saka Youtube lan medhia sosial. Tujuwaneuga maneka warna, njaluk kelancaran rejeki, ketentreman batin, nganti pangajab mundhake pangkat lan jabatan.
Saliyane nilai religius, patilasan iki uga ngandhut nilai sosial kang kuwat. Panggonan iki kabukak kanggo sapa wae tanpa mbeda-mbedakake agama lan kapitayane. Sing Islam, Hindu, Budha, lan penganut kapercayan kejawen bisa bebarengan ndonga kanthi tenang. Kahanan iki nuduhake yen tradhisi, budaya, lan kapitayan bisa urip sesandhingan kanthi rukun lan harmonis.
Dene tumrape masarakat Desa Sudimoro dhewe, patilasan iki nduweni pirang-pirang fungsi.
Sepisan, patilasan iki nduweni fungsi sejarah. Minangka situs tinggalan jaman Majapait, patilasan Damar Wulan dadi bukti lan pangeling-eling marang sejarah lokal, utamane kang gegayutan karo tokoh Damar Wulan lan owah-owahan jaman saka Hindu-Budha menyang Islam. Kanthi mangkono, patilasan iki mbantu masarakat supaya or alali marang sejarah lan asal-usule.

Kapindho, patilasan ksb uga nduweni fungsi budaya. Panggonan iki dadi papan kanggo nindakake tradhisi lokal kaya sedhekah bumi, kirab budaya, lan pagelaran wayang kulit. Lumantar tradhisi ksb, nilai-nilai budaya Jawa kaya upamane gotong royong, rasa syukur, lan ngajeni leluhur bisa terus diwarisake marang generasi mudha.
Katelu, patilasan ksb nduweni fungsi edukatif. Situs iki bisa dimanfaatake minangka sumber sinau kanggo siswa, mahasiswa, lan masarakat umum babagan sejarah lokal, nilai kearifan lokal, lan wigatine nglestarekake warisan budaya. Crita Damar Wulan bisa dadi tuladha nilai kepahlawanan, kawicaksanan, lan tanggung jawab. Kanthi maneka fungsi ksb, patilasan Damar Wulan ora mung dadi papan sing disakralake, nanging uga nduweni peran strategis jroning njaga identitas budaya lan nguwatake urip sosial masarakat
Saben taun mligine ing wulan Sura dina Jumat Paing, masarakat sakupenge patilasan Damar Wulan padha ngleksanakake acara taunan arupa sedhekah bumi. Ing acara iki ana kirab tumpeng, sedhekah bumi, karnaval budaya, lan bengine dipungkasi kanthi pagelaran wayang kulit. Merga upaya ksb, patilasan Damar Wulan saiki dadi ikon budaya Desa Sudimoro, Kecamatan Megaluh, Kabupaten Jombang.
Panulis : Elisa Putriani
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital





