Wis jeneng lumrah yen ndeleng bocah dolanan robot. Nanging, kepriye yen ana bocah umur SD jebul mbaud anggone ngrancang robot?
Iki kang kasil ditindakake dening Arkanevo Alenzo Aliando, bocah kelas VI SD Muhammadiyah 4 Surabaya. Bocah kang akrab diundang Arkan kuwi kasil ngrancang robot sumo nganti nggayuh gelar juwara ing tataran internasional.
Ing umure sing isih 11 taun, Arkan kasil nyabet juwara 1 kategori Sumobot 1 kg lan 3 kg sajrone acara Electronics and Robotics Innovation Competition, ing Universitas Negeri Jakarta (UNJ) durung suwe iki.
Ora mung kuwi, sadurunge, dheweke uga tau mborong sawenehe juwara kompetisi robot liyane kaya dene juwara 1 autonomus driving firststep U12, juwara 1 Supertim Firststep U12, lan juwara 3 Influencer award dalam Robocup Singapore Open 2024, di Singapura.

Arkan ngaku yen wiwit cilik pancen dhemen dolanan drone. Banjur nalika ngancik kelas 3 SD, Arkan antuk kesempatan kanggo sinau simulasi robot ing sekolahane. Nah rikala kuwi, dheweke mutusi kanggo nggeluti bidhang robotika lan ambyur ing ekstrakurikuler robotika ing sekolahane.
Arkan wiwit ajeg nindakake maneka pangembangan bab perancangan robot. Tanpa kanyana, daya cipta lan kalantipan sajrone uthak-uthik sistematika robot wiwit temata ing panggraitane. Arkan wiwit prodhuktif ngasilake maneka rancangan robot kreatif.
“Lumrahe, olehku gladheng ngrancang robot kuwi saben dina Setu. Ning, yen nedhengi mapag sayembara, seminggu bisa nganti ping telu,” tandhese Arkan.
Kaya dene sayembara-sayembara robot kang tau dieloni, ing sayembara robot kang kagelar ing UNJ wingi, Arkan kasil ngalahake cacah atusan panyarta saka maneka umur lumantar rancangan robot petarung sumo duweke.
Mungguhe Arkan, bageyan sing angel dhewe sajrone ngeloni sayembara robot kuwi dudu nggawe rancangan robot. Sebab rancangan robot kuwi bisa katata kanthi nylarasake daya ciptane saben-saben panyartane tur wis cetha sakabehe bakal manjila.
“Mungguhku, sing rekasa ngatebake pangrasa amrih bisa tatag sajrone sayembara. Senajan rancangane wis apik tharik-tharik, ning yen mentale ora apik, rancangan robot kang diasilake bakal katut ora apik,” tambahe Arkan.
Sauntara kuwi, Weni Yuliati, ibune Arkan ngaku yen kawitane ora ngerti dene putrane kuwi nduwe kabisan kang josjis sajrone bidhang robotika. Apamaneh Weni ngumbarake Arkan kanggo melu maneka kegiyatan kanggo ngisi wektu lodhange.
“Patrape wong tuwa kang kudu ajeg dicakake kanggo nggulawenthah bocah ngukir prestasi yaiku dhisiplin lan konsisten. Tur sabisane bocah katuntun amrih wruh klangenane, lan bisa ambyur sajrone klangenane kuwi,” ujare Weni. Weni mengku karep lumantar bakat lan minate Arkan, suk tembene bisa dadi wong sing migunani tumrap sakupenge. Pangajabe, Arkan bisa mecut semangate bocah saumurane supaya bisa terus nganakake inovasi murih tuwuh lan ngrembakane teknologi mungguh panguripane nom-noman minangka generasi panerus bangsa kita tembe iki.
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital





