Garebeg Mulud pancen wis pirang minggu kepungkur. Ananging perangane sing unik kaya ora ana enteke. Kaya ta bregada sing ngiring garebeg kasebut, lan uga gunungane kang diarak.
Yen nguwasake para bregada, katon punjul saka adate garebeng taun sadurunge. Ing gelaran garebeg wingi, ana bregada perjurit Miji Sumaatmaja, Jager, Suranata, Priyantaka, lan Langenkusuma. Sakabehe iku wis suwe ora jumedhul. Yaiku wiwit jaman Jepang nguwasani Yogyakarta, taun 1942.

Kraton Ngayogyakarta pancen nduwe angkah nguripake maneh bregada-bregada perjurit kaya jaman kawuri. Ora liya minangka srana ngleluri warisan budaya, kanthi nepungake maneka perangan kraton kang kober sidhem.
Bregada perjurit Miji Sumaatmaja wis katon sadurunge garebeg, yaiku nalika upacara Kondur Gangsa ing Masjid Gedhe. Jalaran, manut sejarahe, bregada kasebut jejibahane dadi pamong pribadine Sultan. Dene saka sakabehe bregada sing lagi katon ing garebeg kuwi, ana siji sing narik kawigaten.
Bregada Langenkusuma. Geneya? Jalaran bregada iki punggawane mligi para pawestri. Bregada iki klebu sing paling lawas, wis ana nalika wiwite pamarentahan Ngayogyakarta, udakara taun 1767. Para perjurit putri iki prigel migunakake gegaman lan ulah kanuragan. Ulah watang (saemper tumbak), keris, panahan, uga nunggang turangga. Ndhisike, bregada iki kajibah dadi pengawale putra mahkota. Ananging sakploke putra mahkota jumeneng nata (Sultan HB II), jejibahane uga imbuh.
Ing garebeg Mulud Dal 1959 wingi, para bergada mbaka siji mlebu kedhaton. Sadurunge nuju wewengkon Keben lan Siti Hinggil, KPH Notonegoro minangka Manggalayudha niti priksa jejangkepe para perjurit ing ngarepe bangsal Trajumas. Yen ndhisik, iki minangka srana ngetrapake dhisiplin sadurunge njaga kraton, ing jaman saiki dadi lambang titah agung kanggo njaga adine budaya.

Rampung mesthekake kabeh perjurit siyap, udakara tabuh sepuluh, Manggalayudha mimpin pareden gunungan diboyong nuju Masjid Gedhe. Lha, bab gunungan iki, uga ana sing mligi (spesial). Yaiku ana kang arane gunungan Brama.
Gunungan Brama dadi pareden kang metune amung saben wolung taun sepisan. Wujude meh saemper drum (tabung) mendhuwur. Rada memper gunungan Estri. Gunungan Brama diblebed sesetan debog, lan ing pucuke kemebul eluk. Iku saka menyan kang ana ing tengahe, lan diobong. Gunungan Brama uga sok diarani gunungan Kutug.
Gunungan Brama minangka wujud asihe Sultan marang Sentana Dalem kabeh. Saben isen-isene mralambangake berkah kang hangabehi, lan ngejawantahake tresna asih kang tanpa leren.
Panulis: Elisabet Novililiana
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat






