KINÁNTHI DÌRGÅYUSWÅ PÁNJÊBÁR SÊMÁNGÁT

Ora karasa, kalawarti klangenan kita iki, Panjebar Semangat wis manjing umur 91. Umur kang kagolong tuwa banget mungguhe pawongan. Saranduning badan wis ora rosa maneh, paningal mblawur, pangrungu wis suda. Ewasemono, semangate Panjebar Semangat isih ngalad-alad jrone andum aspirasi, madeg jejeg kalawan bleger pideksa kanthi jejibahan agung ngleluri basa lan budaya Jawa.

Suwene 91 taun, Panjebar Semangat wis ngliwati maneka gudha-siku lan rencana jrone netepi wajib minangka sesuluhe bangsa lan negara. Wiwit jaman kolonial, Panjebar Semangat tetep setya tuhu ngumandhangake pamawase masarakat, nganti tumuju jaman kang kebak tantangan dhigital iki. Senajan kuwi dudu bab kang gampang, Panjebar Semangat isih kukuh ing tekade anggone nggiyarake basa lan budaya Jawa.

Iki mono uga karana panyengkuyung saka sekabehe pihak kang sung panjurung mring Panjebar Semangat, kayata tim redaksi, penulis, kontributor, agen, loper, manajemen, pimpinan, pengiklan, pemerintah, stakeholder. Mligine tumrap para maos Panjebar Semangat. Rasa tresna lan setyane Panjenengan kabeh kang bisa nuntun Panjebar Semangat nganti umur 91 iki.

Pangajabe, muga Panjebar Semangat tansah kuwagang jrone nindakake darmastuti kanggo bangsa lan negara, kanthi jinangkung mring Hyang Suksma, diadohake saka bala-sikara bilai, sarta katemahan umur langgeng lan anjayeng bawana salami-laminya.

Bagikan artikel ini
Admin Panjebar Semangat
Admin Panjebar Semangat
Articles: 10

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *