Kuasa Gelap: Film Eksorsis Sepisanan ing Indonesia

Eksorsis mujudake genre (jinis) film alaming lelembut (horor) kang nyritakake bab tulak jim saka ragane sawijine pawongan. Lumrahe, film eksorsis nekake pangarsa agama kaya dene kiyai, pendhita, ahli spirituwal, lsp. kanggo nindakake upacara/rituwal nundhung bangsa alus.

Film kanthi jinis iki wis akeh diprodhuksi dening prodhuserfilm mancanegara. Judhul-judhul kang kesuwur upamane The Exorcist (1973), The Exorcism of Emily Rose (2005), Annabelle (2014) The Medium (2021), lsp.

Kepara, malah ana kang wis didadekake serial lan ajeg diprodhuksi sajrone urutan waktu tartamtu kaya ta serial film The Conjuring kanthi peprincen The Conjuring 1 (2013), The Conjuring 2 (2016), The Conjuring 3 (2021), lan The Conjuring 4 kang bakal tayang ing taun 2025.

Eksorsis dadi salah siji genre film kang narik kawigaten mungguhe masarakat. Jalaran nyritakake lelakon sprituwal lan pengalaman religi kang cedhak kelawan panguripan saben dina. Keri-keri iki, ana sawijining film eksorsis kang digarap dening prodhuser film Indonesia. Yakuwi Kuasa Gelap.

Asumber saka Crita Asli

Kuasa Gelap kawahyon saka lelakon asli kang tinemahan dening sawijine umat Katolik ing Indonesia. Senajan mangkono, Robert Ronny, prodhusere Kuasa Gelap, ngaku yen crita asline ora bisa dibocorake lan tansah digawe wadi amarga kudu manut aturan saka gereja.

Film kang disutradarani dening Bobby Prasetyo iki nyritakake Rama Rendra (Lukman Sardi) lan Rama Thomas (Jerome Kurnia) kang mengku wajib nindakake upacara eksorsis kanggo nundhung iblis saka ragane Kayla (Lea Carachel).

Tumekane bilai ing kedadeyan kuwi kawiwitan saka rasa kuciwane Kayla nalika ndeleng ibune, Maya (Astrid Tiar) kang nduweni kekarepan pala krama maneh sajoge ditinggal seda dening garwane.

Banjur, Kayla nduweni krenteg kanggo menyang kuburane swarga bapake bareng karo Cilla (Freya JKT48) saperlu dolanan jalangkung. Perlune kanggo sesambungan kelawan rohe bapake ing kuburan kasebut.

Emane, sing teka dudu rohe bapake. Nanging iblis nistha kang sateruse bakal nggodha Kayla. Thomas kang sadurunge kepengin nglereni penggaweyane minangka Rama Pendhita, nuli kaceluk maneh kanggo ngrewangi Rendra nylametake sukmane Kayla.

Nindakake Riset kang Njlimet

Bobby ngaku yen sarwa ngati-ati banget anggone nyutradarani film iki. Telung taun suwene dibutuhake dheweke kanggo nundakake riset kanthi njlimet. Sasuwene nggarap film iki, Bobby nggandheng Pendhita Johanes Robini Marianto, OP, pendhita saka Indonesia kang nduweni ijin eksoris saka Vatikan.

Alur critane Kuasa Gelap lumaku kanthi ringkes tur ora ngambra-ambra. Penonton bakal kerep diteror kalawan aksi eksorsis kang dumadi kanthi rentep. Ditambah, film iki dijangkepi karo pamaosan ayat Alkitab ing awal lan akhir film gayut kelawan dedonga kang kerep ditindakake dening umat Kristen apadene Katolik ing padinan.

Film kang Kebak Makna

Kuasa Gelap mahanani tumrap umat Kristiani supaya tansah ngulir pikir bab iman marang Gusti. Film iki ngajak kita kanggo nekseni asihe Gusti kang rumentah marang umate tanpa winates sasana apadene swasana tartamtu.

Kanthi utuh, Kuasa Gelap perlu kanca-kanca tonton kanggo njangkepi pengalaman religi. Ora mung tumrap umat Kristiani, nanging uga kanggo sekabehe masarakat Indonesia.

Utamane kang penasaran kelawan praktik eksorsis kang nyata dumadi ing Indonesia. Film iki wis bisa ditonton ing bioskop saindenge Indonesia wiwit 3 Oktober 2024 kepungkur. Mangga mirsani. (Ahmad Rizky Wahyudi)

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

One comment

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *