Beksan Topeng Beber Cirebon

Beksan topeng khas Cirebon, selaras karo arane, migunakake topeng minangka pirantine kang katon trewaca. Penari beksan topeng, karan dhalang. Pancen ora nyekel wayang. Ananging, kanthi manganggo topeng, penari padha karo nglakonake paraga kang digambarake ing  topeng kasebut.

Salah sijine gagrage, ana kang sinebut Beksan Topeng Beber. Jalarane, gaya tarian iki wiwitane jumedhul ing wewengkon Beber, Majalengka. Manut panuture warga ngenggon, Beksan Topeng Beber wis ana wiwit abad 17. Wektu semana, seniman sing ngrembakake asale saka Gegesik. Sabanjure beksan khas kasebut sumrambah tekan Subang, Indramayu, Jatibarang, Losari, uga Brebes.

Pentas beksan topeng ana rong werna, alit lan gedhe. Alit, gunggunge pemain lan paraga panyengkuyunge cukup uwong lima nganti pitu. Dene pementasan gedhe, ya luwih regeng. Tetaluan (gendhing pangiring)-e luwih jangkep, lan pentase dhewe dumadi saka lima nganti nenem babak.

Sepisanan, babak topeng panji. Iki nggambarake kahanane jiwa kang alus. Sabanjure topeng samba, werdine yaiku jiwa uwong sing lagi tumangkar ngancik diwasa. Lan nalikane wis diwasa, ginambarake ing babak topeng tumenggung.

Nalika wis diwasa, kaya adate manungsa, wiwit mangerteni bab pepenginan kang becik lan nepsu kang ala. Iki dipentasake ing babak topeng jinggananom. Lan dibacutake topeng klana, kang nggambarake kahanane jiwa manungsa nalika hawane kebak nepsu lan nesu. Topeng rumyang, bacutane, nggambarake kahanane ati kang wis lerem lan pikiran kang wis wening jalaran gelem uwal saka kadonyan. Wusanane, dadi pribadi sing becik lan mlethik.

Beksan topeng, klebu topeng beber, adate digelar ing wayah wengi. Mula, yen jangkep nenem babak, mula topeng rumyang jumedhule wis parak esuk. Iki selaras karo sesebutane, rumyang, kang ndhisike saka tembung ‘ramyang-ramyang’ (basa Sunda). Tegese, wernane akasa kang durung padhang nemen, nalika srengenge lagi wae wiwit jumedhul.

Ananging uga ana ujaring kandha, rumyang mono kadhapuk saka rong tembung, yaiku ‘rum’ lan ‘yang’. Rum, tegese arum, dene yang, iku manungsa. Dadi, werdine rumyang yaiku titah sing diwasa lan becik: manungsa sing arum gandane.

Kejaba gaya Beber, tari topeng khas Cirebon kang kawentar yaiku gagrag Brebes. Manut Babad Tanah Losari, corak beksan iki mujudake anggitane Pangeran Angkawijaya. Nyritakake priya karan Jaka Bluwa sing nduwe pepenginan dhaup karo putri raja, arane Candra Kirana. Entuk palilah saka raja, lelorone sesandhingan palakrama. Ananging, ana sawijining raseksa sing uga kepengin ngepek sang putri. Mula banjur dumadi adu kadigdayan antarane raseksa kasebut mungsuh Jaka Bluwa. Kasil menang, Jaka Bluwa urip mulya bebarengan karo Candra Kirana.   Ora mung gagrag loro iku. Isih tari topeng Cirebon gaya Celeng, Cipunegara, Cibereng, Gegesik, Losarang, Gujeg, Kreyo, uga Palimanan. Pancen ora beda nemen, paugeran umume padha. Amung wae ana unik lank has-e dhewe-dhewe. Igel obahe badan, busanane, utawa gendhinge. Sakehing gaya kasebut nuduhake yen tari topeng diuripi turun tumurun dening para seniman saka sakehing wewengkon Cirebon lan sakupenge. Kamangka, yen dirunut memburi, beksan topeng iku mbiyen mulane saka tlatah Jawa Timur. Lho, kepriye iku larah-larahe?

***

Penulis: Nana Lie

Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *