Pait utawa legi? Mitunani apa migunani? Mangkono adate kang kumlebat ing pikiran yen krungu tembung: “woh maja”. Lumrah, sebab maja mono kerep digayutake kelawan arane praja Majapait kang tinapsir saka paite woh maja. Kaya ngapa sejatine woh maja kuwi? Ayo disemak bebarengan!
Maja nduweni sebutan ilmiah Aegle Marmelos. Kulite ijo lan nduweni tekstur atos. Dene daginge kang isih mentah rupane putih. Diametere rata-rata watara 5-20 cm. Matenge maja bisa dititeni rikala daginge awerna kuning tur legi rasane.
Wite maja bisa tuwuh engga 20 meter. Yen saka kadohan, ganda kembange ngambar wangi. Wite maja wiwit bisa uwoh yen umure wis limang taun. Matenge woh maja biyasane nalika ngancik ing mangsa ketiga.
Pancen wite maja kuwi gampang uripe. Pange wae yen diencepake ing lemah bisa langsung tuwuh ngrembaka. Lumrahe, papan thukule wite maja yaiku ana ing palemahan asor (watara 500 mdpl).
Prayogane maja langsung dikonsumsi sawise dipethik. Menawa maja dipethik tanpa langsung dikonsumsi, aluwung ora disigar dhisik. Geneya kok mangkono? Sebab yen diumbarake ing kahanan tarbuka, ora let suwe daginge bisa ngasilake ganda ra sedhep. Saliyane kena dikonsumsi langsung, maja uga bisa didadekake ombenan.
Senajan sadurunge mateng nduweni rasa pait, sapa kang nyana yen woh maja kuwi pranyata sugih mupangat?
Upamane kaya dene panliten kanthi judhul Ethno-medicinal and Pharmacological Activities of Aegle Marmelos dening Ramveer sakanca (2019), kang ngandharake yen rasa paite woh maja mentah nduweni pangribawa kang apik kanggo sistem pencernaan, ngundhakake daya tahan weteng, engga nyegah lan ngusadani lelara kudis.
Saliyane kuwi, woh maja uga nduweni sipat anti-jamur lan antelmintik kang bisa nundhung parasit internal jrone badan. Kuwi mono mupangate maja sadurunge mateng. Njur sawise mateng, apa wae mupangate maja? Mangkene andharan ringkese.
Nundhung Tumekane Radikal Bebas
Maja uga bisa nundhung tumekane radikal bebas ing badan. Slaras kelawan panliten kang dilapurake Arul-Albert Baskar sakanca ing jurnal Redox Report nalika taun 2012, maja ngandhut antioksidan kang dadi sesirike radikal bebas. Utamane oksida nitrat lan 1,1-difenil-2-pikrilhidrazil (DPPH). Radikal bebas mono minangka sebab tuwuhe sel kanker ing jro badan.
Mungsuhi Infeksi Kulit
Asil panliten kang kapacak ing Asian Pacific Journal of Tropical Disease (2014) nuduhake ekstrake godhong apa dene daginge maja nduweni potensi kanggo mungsuhi jamur lan bakteri kang dadi sebab infeksi kulit kaya ta infeksi Staphylococcus aureus lan Candida.
Ngusadani Diabates
Methik saka katrangan kang kamot ing situs Alodokter, antioksidan umbelliferone β-D-galactopyranoside (UFG) kang kinandhut jrone maja mampu nyudakake kadar insulin plasma. Dene UFG mono asipat inflamasi, ateges bisa dadi obate lelara diabetes. Antioksidan lan quarcetin jrone maja uga bisa njaga sel pankreas. Efeke yaiku kadar gula bakal tetep kakendhalekake.
Mrantasi Diare
Wohe maja ngandhut senyawa kumarin kang bisa mepalangi tuwuhe bakteri panyebab diare, Shigella dysenteriae. Semono uga, senyawa tanin kang ana ing maja uga mampu ngurangi radhang kanthi nukulake probiotik ing saluran pencernaan kang disebabake diare.
Saliyane sugih mupangat tumrape badan, nyatane daginge maja uga bisa kanggo ngresiki korosi utawa teyeng ing wesi. Bab kasebut dijalari saka anane kandhungan asem ing daginge maja. Ewasemono perlu kawuninga yen maja uga bisa mitunani yen dikonsumsi kanthi akeh-akeh. Tur uga ra kena didadekake obate lelara kadi dene ing ndhuwur. Sebab uji efektivitase maja isih perlu dijeroni maneh. Miturut saperangan literatur, ngonsumsi maja kanthi dhosis kang luwih-luwih bisa nuwuhake alergi, dermatitis, gangguwan kasuburane priya, lan sirah ngelu.
***
Penulis: Adinda Rita Dara
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







