Afrinza Naysa Mahestri sing akrab diundang Naysa iki, dikepyakake minangka juwara loro sajroning Kategori Cilik Puteri Kebaya Jawa Tengah 2025. Makili Kabupaten Semarang ing kompetisi kang tamtune kebak gengsi kasebut, Naysa tampil merbawani tur mungguh amatuti kanthi abusana kebayak kang dadi pralambang rasa tresnane marang warisane budaya Jawa iki.

“Seneng lan bombong banget manahku. Aku kepengin terus jumangkah lan ngajak kanca-kanca mligine sing mudha tumaruna supaya nresnani kebayak minangka warisaning budaya Jawa sing adiluhung,” ujare Naysa sing saiki lungguh ing bangku kelas VIII SMPN 2 Ambarawa kuwi kanthi semangat sing ngalad-alad.
Lelakone nuju panggung kontestasi kebayak Jawa Tengah dudu barang gampang. Naysa tansah nitisiyagani dheweke pribadi kanthi nglakoni saperangan gladhen mandhiri ing sela-selaning kesibukane. Kaya dene gladhen jumangkah lan nyugata adibusana (modelling), micara, lan mbeksa.
Tantangan sing abot dhewe apa? Ora liya yaiku mungguhe Naysa ngendhaleni rasa tatag lan mangun mental sing kuwat ing satengahe sesaingan antarane pasarta. Ewasemono, awit panyengkuyunge wong-wong ing sakiwa-tengene yeku wong tuwa, guru, sanggar tari, saperangan komunitas budaya, sarta pamrentah dhaerah, Nasya kasil jumangkah nganti tekan dununge saiki.
Ora suwe maneh, Naysa bakal dadi sesulihing Provinsi Jawa Tengah ing kontestasi Puteri Kebaya Indonesia 2025. Sadurunge, kenya 13 taun kuwi uga wis taun nyabet gelar Runner Up IV Puteri Batik Indonesia (2024) lan dadi Duta Budaya Indonesia 2025 ing Yala, Thailand.
Mungguhe Naysa, kebayak dudu sandhangan sing kuno lan ora necis. Saben ler-leran kaine mengku perbawa edipeni kang nuwuhake rasa bombonging driya. Dheweke rumangsa saya raket karo jati dhiri kabudayane nalika nganggo kebayak. Mula ora nggumunake yen panganggone kebayak kuwi tumrape Naysa kala-kalane uga diselingi karo aksesori ‘kekinian’ supaya tetep katon sulistya lan relevan mungguhe remaja saumure.
Ing sajabane panggung lan kompetisi, Naysa kagolong nom-noman sing aktif. Dheweke ambyur ing Sanggar Tari Kemrincing kanggo isen-isening wektu lodhang sajabane sekolahe. Tamtu Naysa prigel banget anggone ngatur wektu antarane sinau, hobi, lan melu sayembara. Kanggo nglipur manahe, Naysa sok ngrungokake musik, dulinan game, lan srawung karo kanca-kancane.

Upama ditakoni apa gegayuhane, wangsulane Nasya yaiku dhokter. Mligine dhokter sing bisa asung inspirasi tumrap kawula mudha taruna lumantar kabudayan Jawa.
“Pangimpen kuwi sesotyaning urip. Ora perlu mamang jumangkah nggayuh pangimpen. Dene yen nemahi gagal ora perlu nglokro. Sebab kuwi mono barang lumrah. Bakune yen jumangkahmu kebak semangat, rasa manteb, lan pepenginan sing dhuwur kanggo sinau, lintang kamujuran bakal tansah madhangi margamu,” welinge Naysa.
Afrinza Naysa Mahestri minangka kaca benggala nom-noman jaman saiki sing ora isin karo kabudayane dhewe. Sok malah ndadekake kabudayan Jawa minangka sarana nuju dina tembe sing moncer, merbawani lan pantes tinuladha dening prawarganing bangsa.
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







