Turu mujudake salah siji kegiyatan kang bisa mulihake energi. Mula saka iku, turu kang ana kuwalitase mujudake bab kang mirunggan. Nanging, saperangan uwong angel ngolehake bab kasebut. Salah siji sing dadi sebabe bisa dadi yaiku posisine turu sing salah.
Kesalahan kasebut, kaya kang dicuplik situs Reader’s Digest, akibate ora mung marang kualitase turu, nanging uga kesehatan. Banjur, kepriye posisine turu kang kerep salah kaprah?
Manut National Sleep Foundation, turu mengkurep mujudake posisi kang salah. Posisi kasebut bisa menet otot lan ros-rosan, mula ndadekake rasa lara, iritasi sarap, lan mati rasa.
Manut WebMD, turu mengkurep malah bisa manthengake geger lan gulu sisih ngisor, sing satemene bisa. gawe ngorok saya nemen. Nah, posisi turu sing becik, bab kasebut gumantung marang kahanan kesehatan kang wis ana sadurunge.
Ahli syaraf Yale Medicine lan ahli turu Brian Koo menehi conto, tumrap wong klawan masalah sleep apnea lan ngorok, turu mlumah dudu bab kang becik. Nanging, yen ora ana masalah karo bab kasebut, turu karo posisi mlumah ya ora masalah.
Dalil iki uga dipikuwati dening National Sleep Foundation. Turu mlumah uga dianggep bisa ngilangake tekanan marang sirah, gulu, lan tulang belakang. Yen sirah diangkat kanthi bener, mula bisa mbiyantu nyegah refluks asam.
Nanging, ana cara liya kang bisa digunakake. Manut National Streep Foundation, akeh wong turu klawan posisi miring, memper kaya calon bayi njero kandhutan. Yen iki pancen posisi kang disenengi, ana sawenehe cara kang bisa kita tindakake supaya turune tambah angler lan becik kanggo kesehatan.
Perlu dicathet, mungker bisa matesi ambegan lan ndadekake ros-rosan lara. Kita bisa mbecikake klawan ngencengake badan saakeh-akehe lan nyeleh bantal antarane dhengkul kanggo nyegah bokong tegang. Koo aweh rekomendhasi supaya aja turu bantalan tangan, sebab bisa nyebabake rusake sarap.
Umume, cara paling sehat kanggo turu yaiku ing sisih kiwa, nekuk sikil lan nyeleh bantal ing antarane dhengkul. Manut ahli turu Josh Axe, posisi iki bisa ngilangake nyeri geger lan nyegah bantere ngorok, ditambah mbiyantu masalah refluks asam.National Sleep Foundation uga ngandhakake, posisi turu kasebut uga mujudake pilihan kang paling becik mungguhing sing nandhang sleep apnea, uga bisa nyebabake kriput merga pasuryan sing separo tumempel ing bantal.
Panulis : Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







