
Presiden Prabowo Subianto antuk pangalembana mirunggan saka Presiden Amerika Serikat Donald Trump megepokan karo upaya perdamaian Israel-Palestina. Pangalembana mau diandharake Trump jrone sesi jumpa pers Konferensi Tingkat Tinggi (KTT) Sharm el-Sheikh untuk Perdamaian di Gaza, Palestina, ing International Convention Centre Kutha Sharm el-Sheikh, Mesir, Senen, 14 Oktober 2025.
Sawise nandha-tangani dhokumen perjanjen damai (peace deal), Trump aweh apresiasi marang para presiden lan perdana menteri kang menehi dhukungan langsung kanthi ngestreni KTT, klebu marang Prabowo. “Uga marang Presiden Prabowo, Presiden Republik Indonesia sing luar biasa,” kandhane Trump karo tumoleh memburi marang papane Prabowo jumeneng.
Trump mandheg sedhela anggone jumpa pers lan arep ngulungage tangan ngajak salaman. Nanging Prabowo age-age marani Trump ing podhium karo nampani tangane. Nalika sesorah, Trump bali nelakake panuwun marang Prabowo sing aktif njurung kaciptane perdamaian ing Gaza. “Indonesia negara sing hebat lan kuwat, nyenengake banget nduweni panjenengan,” tuture Trump.
Rakete sesambungan Prabowo-Trump uga kawistara saka anggone bawa rasa kang akrab sadurunge sesi foto para pasarta KTT. Sawise foto mligi karo Trump, Prabowo nggamblok para pasarta KTT foto bebarengan. Prabowo jumeneng ana larikan ngarep diapit Presiden Prancis Emmanuel Macron lan Wakil Presiden Persatuan Emirat Arab Syekh Mansour bin Zayed Al Nahyan. Sawise kuwi kabeh mlebu menyang ruwangan papane dhokumen perdamaian ditapak-astani. Dhokumen kasebut diteken dening Trump, Presiden Mesir Abdel Fattah El-Sisi, Presiden Turki Recep Tayyip Erdogan, lan Emir Qatar Syekh Tamim bin Hamad Al Thani. Para pemimpin maneka negara sing gunggunge 20, klebu Presiden Palestina Mahmoud Abbas, nyekseni penandhatanganan perjanjen damai mau kanthi pangajab paprangan ing Jalur Gaza tumuli sirep. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







