Lingkungan alam sing sansaya ringkih merga pakartine manungsa mbabad alas ugal-ugalan, andhil gedhe marang musibah nggegirisi sing nempuh Aceh, Sumatra Lor, lan Sumatra Kulon. Kudune wis ora ana toleransi tumrap pelaku ngrusak alas.

(Foto: Antara/Yudi Manar).
FOTO lan vidheone Menteri Koordinator Bidang Pangan Zulkifli Hasan lagi manggul kanthong beras 5 kilogram, sumebar ana media sosial. Katon pasuryane Ketua Umum Partai Amanat Nasinal (PAN) kang menganggo hem putih resik lan clana ireng setlikan alus iku sungkawa. Beras kuwi dipanggul Zulkifli ora adoh, jarake mung sawatara meter wae. Ing tendha pangungsen sing wis disiapake, beras diselehake. Zulkifli banjur nglesot ana karpet lan ngobrol karo sawatara kurban bencana.
Rekaman gambar iku kajupuk nalika Zulkifli mertinjo pangungsi musibah banjir lan lemah mlorod ing Koto Panjang Ikur Koto, Koto Tengah, Padang, Sumatera Barat, Ahad, 30 Nopember 2025. Nanging dudu simpati sing ditampa Zulkifli saka para warga net, kosok baline malah antipati. Zulkifli dituding ‘pencitraan’ satengahing kasedhihan. Vidheo manggul beras iku dianggep ora natural, nanging wis diatur dening tim komunikasine.
Warga net malah ngungkit-ungkit Zulkifli nalika njabat Menteri Kehutanan taun 2009-2014. Dheweke tau ‘didhamprat’ dening bintang film Holywood, Harrison Ford, taun 2013. Aktor kang kaloka liwat serial film Indiana Jones iku emosi nyumurupi kahanane alas gung Tesso Nilo, Riau, kang samengko gundhul jalaran wit-witane dibalak tanpa kendhali. Sebageyan alas gledhegan malih dadi kebon klapa sawit. Miturut Ford deforestasi ing Pulo Sumatra cepet banget, saengga alas sing isih ‘sehat’ kari 34 persen.
Ing musibah dahsyat banjir bandhang lan longsor kang nempuh Aceh, Sumatra Lor lan Sumatra Kulon akhir Nopember 2025 kepungkur, prekara penebangan liar iku dadi pocapan maneh. Pindhane miyak warana, banjir mau katut ngglontor ewon kayu glondhongan saka alas Tapanuli Tengah lan Batang Toru, Tapanuli Selatan. Tumindak candhala sing sasuwene iki disingidake mau wekasan kebukak ngeblak lumantar bencana alam.
Saka vidheo kang mider ing medsos, katon cetha kayu-kayu glondhongan tanpa wilangan cacahe iku ginawa banjir bandhang ngangseg menyang pakampungane pendhudhuk. Sesawangan mau nggawokake, nanging uga memiris ati. Nadyan tanpa diucapake, masyarakat wis paham menawa akibat penebangan mau banget nggegirisi. Ora mung materi sing ilang kesapu banjir bandhang, nanging uga nyawane manungsa tanpa dosa.
Anehe, Kementerian Kehutanan (Kemenhut) sing duwe kontrol marang kahanane alas-alas sa-Indonesia malah nggiwar. Direktur Jendral Penegakan Hukum Kemenhut Dwi Januanto Nugroho ngaku durung mangerteni kanthi cetha saka alas ngendi asale kayu-kayu glondhongan kang keseret banjir mau. Dheweke nduga kayu-kayu iku saka wilayahe Pemegang Hak Atas Tanah (PHAT) kang mapan ana areal pengunungan lain (APL). Dwi Januanto ngira kayu-kayu sing kentir mau bisa saka tumpukan kayu tebangan liar sing wis gapuk, wit-witan sing ambruk karepe dhewe, sarta material susulan sing kegawa banyu.
Dheweke kandha satgas Penegakan Hukum Kemenhut ora kurang-kurang nganakake operasi mbokar modhus operandi penebangan liar kanthi amping-amping status PHAT. Dwi Junianto ora selak menawa asring nemoni pakarti-pakarti sing kaya mengkono mau ana alas-alas wewengkon Aceh, Sumatra Utara lan Sumatera Barat. Juni 2025 kepungkur upamane, Kemenhut ngonangi tumindak nebang wit-witan sanjabaning PHAT kanthi barang bukti arupa 86,60 meter kubik kayu ilegal.
Nalika ditakoni wartawan apa kira-kira kayu-kayu glondhongan kang kebandhang banjir mau uga saka asile tumindak durjana, Dwi kandha bisa wae kaya mengkono. “Petugas Gakkum (Penegakan Hukum) isih ngecek menyang lokasi, bisa uga pancen saka penebangan ilegal,” kandhane Dwi dikutip saka Kantor Berita Antara, Jumuah, 28 Nopember 2025.

(Foto: Antara/Yudi Manar)
Kudu Dioyak
Kepala Badan Pengaturan Badan Usaha Milik Negara (BP BUMN) Dony Oskaria ndheseg Polda Aceh, Sumatera Utara lan Sumatera Barat tumuli ngusut pihak-pihak kang nindakake kadurjanan illegal logging. Miturut Dony tragedhi banjir bandhang lan lemah jugrug kang nggawa kurban tiwas wong 600-an mau dudu prekara owah-owahan iklim wae, nanging luwih akeh disebabake dening pakartine tangan-tangan manungsa sing ngrusak lingkungan alam. “Iki 99 persen gara-hara penebangan liar,” ujare Dony.
Dheweke kandha njejegake ukum ing prekara colong jupuk kayu ing alas-alas Sumatra wigati enggal dilakoni pulisi awit cuaca ekstrem isih ngancam wilayah Indonesia. Cuaca ekstrem mau disumelangake nekakake bencana banjir bandhang lan longsor susulan. Dony yakin upayane pulisi nangkep para pelaku pembalakan liar disengkuyung masyarakat.
Sebab, masyarakat, utamane kurban musibah, ora kepengin maneh dadi tumbal-e tangan-tangan duraka sing samengko mbokmenawa urip mubra-mubru saka padolane kayu sing dibalak kanthi ugal-ugalan mau. “Pangajabku, Kapolda Aceh, Sumut lan Sumbar minangkani pangarep-arepe masyarakat kuwi,” ucape Dony.
Menteri Lingkungan Hidup Hanif Faisol Nurofiq nuntut tanggung jawabe pihak-pihak kang wis gawe rusake kawasan Batang Toru, Kabupaten Tapanuli Selatan. Miturut Hanif daerah aliran sungai (DAS) Batang Toru sing ambane 34 ewu hektar nduweni lanskap awangun hurup V. Sebageyan wilayah Tapanuli Selatan, Tapanuli Tengah lan Tapanuli Utara manggon ana sanjerone lanskap kasebut.
“Bisa kita bayangake apa dadine yen ing pereng-pereng sakupenge ora ana alas maneh sing nyangga panguripan Batang Toru. Ya kaya ngene iki kedadeyane,” kandhane Hanif.
Hanif prihatin merga kawasan hulu Batang Toru samengko diowahi dadi area budi daya tanduran garing lan teles. Mangka, kudune bageyan hulu mau ditogake awujud alas gung. Ya merga pakartine manungsa sing ngrusak alam mau, saiki alas Batang Toru kari nyisa 38 persen ing bageyan hilir. “Saengga ora duwe daya nalika udan tumurun ing angka 300 mili meter tanggal 24-25 Nopember kepungkur,” ujare Hanif.
Hanif kandha Kementerian Lingkungan Hidup wis nganthongi jeneng-jenenge perusahaan sing bisnise mapan ana kawasan Batang Toru. Miturut Hanif, cacahe perusahaan sing adhedhasar citra satelit disumurupi nduweni kontribusi ngrusak lingkungan Batang Toru ana wolu. Perusahaan-perusahaan mau nyakup bisnis kebon klapa sawit lan penambangan emas.
Hanif kepengin weruh saka ngendi asale kayu-kayu glondhongan kang gumulung bareng banjir lendhut ngrabasa Tapanuli Selatan mau. Mokal yen perusahaan wolu iku ora ngerti. “Kabeh perusahaan iku bakal dakundang,” ujare Hanif.
Kepala Badan Nasional Penanggulangan Bencana Letnan Jendral Suharyanto njaluk pangapura dene sekawit ngremehake banjir bandhang Tapanuli Selatan. Dheweke ngakoni maune ngira apa sing kedadeyan ing kono mung digedhek-gedhekake dening medsos. Kuwi nalika dheweke durung weruh dhewe kahanane lokasi bencana. Nanging sawise mertinjo langsung, Suharyanto ora bisa ndhelikake rasa kagete.
“Nah, Tapsel iki terus terang aku surprise. Aku ora nyana jebul kahanane nggegirisi kaya ngene. Aku njaluk pangapura, Pak Bupati,” kandhane Suharyanto.
Menteri Koordinator Bidang Pemberdayaan Masyarakat Muhaimin Iskandar mratelakake wis kirim surat marang Menteri Lingkungan Hidup, Menteri Kehutanan, lan Menteri Energi dan Sumber Daya Mineral. Wose layang, kandhane Muhaimin, arupa ajakan evaluasi total kabeh kebijakan sarta ngrancang apa sing becik ditindakake sawise banjir gedhe nempuh Sumatra.
Miturut Ketua Umum Partai Kebangkitan Bangsa mau, evaluasi total sing dikarepake ing kene klebu tobat sing bener-bener tobat, kang yen ana Nahdlatul Ulama (NU) disebut taubat nasuha. Taubat nasuha mau kudu sinartan ngevaluasi total wiwit aspek pamikiran nganti sarta aspek tumindak. “Kiamat ora mung wis cedhak, nanging kiamat wis kedadeyan merga lirwane manungsa dhewe,” ujare Muhaimin.
Panulis: KSW







