Amrih WhatsApp Ora Ketara yen Online

WhatsApp mujudake aplikasi kang akeh digunakake penggunane amrih bisa ngirim, ngundang, nggawe story, lan liya-liyane kanthi gampang lan cepet.


WhatsApp uga nduweni fitur kang bisa ningkatake privasi penggunane, salah sijine fitur kang bisa nonaktifake status online lan ngetik nalika lagi mbales pesan.

Fitur iki migunani kanggo ngurangi kurang nyamane pengguna klawan status online kang muncul ing bagian ngisor jenenge kontak. Tampilan status iki dadi informasi yen pengguna lagi mbukak aplikasi WhatsApp.

Saliyane status online, informasi typing utawa lagi ngetik kang muncul ing kolom bisa nuduhake yen lagi nulis pedan. Tampilan status iki kerep dianggep ngganggu privasi. Mula, akeh pengguna kang pengin mangerteni carane amrih ora katon online lan ngetik ing WhatsApp.

Banjur, piye carane amrih WhatsApp ora katon online lan lagi ngetik? Nukil saka maneka info, mangkene ulasane.

  1. Pateni Koneksi

Cara kapisan kang bisa kita tindakake yakuwi kanthi nonaktifake cara iki, kita ora perlu nggunakake aplikasi tambahan.

Nanging cara iki bisa diarani rada ruwet merga kita kudu nonaktifake mode pesawat saben-saben pengin mbukak pesan utawa mbales.

Mangkene carane amrih WhatsApp ora katon online lan lagi ngetik kanthi nonaktifake koneksi Internet:

  • Pateni data Internet utawa kita bisa langsung ngeklik mode pesawat.
  • Bukak aplikasi WhatsApp.
  • Pilih kontak kang pengin kita kirimi pesan.
  • Ketik pesan. Ing tahap iki, tampilan WA kita ora bakal katon lagi ngetik utawa typing.
  • Kirim pesan kanthi klik ikon kirim ing sisih tengen.
  • Pungkasan, aktifke maneh data Internet utawa nonaktifkake mode pesawat amrih pesan kekirim.
  1. Ngganti Privasi WhatsApp

Aplikasi WhatsApp satemene wis aweh setting dhewe kanggo penggunane kang ora pengin status online-ne dingerteni wong akeh. Kanggo ndhelikake status online ing ruang obrolan, kita bisa nindakake tahapan setting aplikasi saikine.

Kanthi nindakake cara iki, mula privasi kita bakal kejaga, kang ing kono wong liya ora bakal mangerteni kapan kita terakhir online, sekaligus lagi jroning kondisi online apa ora.

Ing ngisor iki carane amrih WhatsApp ora katon online lan ngetik kanthi ngganti privasi WhatsApp:

  • Bukak aplikasi WhatsApp ing HP Android utawa iOS.
  • Klik lainnya’ yaiku ikon titik telu ing bagian tengen ndhuwur.
  • Pilih menu Settings (Pengaturan).
  • Klik menu Privacy (Privasi).
  • Pilih opsi Last seen and online.
  • Sawise iku bakal muncul opsi `Who can see my last seen’.
  • Cawang opsi Nobody.
  • Banjur ing bagian ngisore bakal muncul opsi ‘Who can see when I’m online’.
  • Cawang opsi ‘Same as last seen’ supaya kekarone Nobody.
  • Tekan kene, status online ing WhatsApp kita wis kasil didhelikake.
  1. Nonaktifake Cawang Biru

Kita uga bisa nonaktifake cawang utawa centang biru ing laman setting WhatsApp amrih ora katon online Ian ora katon ngetik. Cawang biru dhewe mujudake tandha yen pesan WhatsApp kita wis diwaca dening penerima, saengga bisa enggal oleh balesan.

Yen pengin nundha mbales pesan, mula cawang biru kang dipateni bakal ndadekake pengirim ora rumangsa salah paham. Pesan sing enggal dadi biru bakal ndadekake pengirim ngira yen penerima durung aktif WA-ne Ian durung maca pesan.

Mangkene carane nonaktifake:

  • Bukak aplikasi WhatsApp, bisa nggunakake HP utawa laptop, selaras karo kabutuhane, banjur klik icon Titik telu ing bagian tengen ndhuwur.
  • Klik Settings, banjur pilih opsi Account utawa “Akun”. Klik menu Privacy, banjur Read Receipt kanggo nggeser tombol ijone ganti dadi putih (nonaktif). (nyandhak minggu ngarep)

***

Panulis: d***
Panitipriksa: Keanu Ibrahim

Bagikan artikel ini
Keanu Ibrahim
Keanu Ibrahim
Articles: 9

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *