Tembung “adil” ngandhut surasa abstrak utawa ora bisa dideleng nganggo mripat wantah. Nanging kanthi nalar kang wening kita kabeh bisa ngrasakake maknane adil sarta keadilan. Tanpa ndadak diwulang nganggo teori sing ndakik-dakik, wong awam wae bisa ngarani endi tumindak sing adil lan endi sing ora adil.

Harvey Moeis (tengen) lan sisihane, Sandra Dewi, nalika sidhang ing Pengadilan Tindak Pidana Korupsi Jakarta. (foto: Antara)
Jrone Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) tembung “adil” mengku teges: 1) sama berat, tidak berat sebelah, tidak memihak. 2) berpihak pada yang benar, berpengangan pada kebenaran. Lan 3) sepatutnya; tidak sewenang-wenang. Ing Kamus Indonesia-Jawa kang diterbitake Duta Wacana University Press (1991), tembung “adil” uga ditegesi sing kurang luwih padha karo KBBI, yaiku: ora elon, ora sawenang-wenang.
Nanging ing negara kita tembung “adil” isih terus dadi dhebat sing ora ana enteke. Wis jamak keprungu unen-unen sing nyebutake yen diupamakake pedhang, ukum ing Indonesia mono landhep mengisor nanging kethul mendhuwur. Unen-unen kuwi dudu saderma mitos. Nyatane praktek keadilan sing njalari wong cilik gedheg-gedheg lagi wae dipitontonake dening majelis hakim Pengadilan Tindak Pidana Korupsi Jakarta, Senen, 23 Desember 2024 kepungkur.
Jroning sidhang putusan sing katujokake marang kadakwa kasus korupsi komodhitas timah, Harvey Moeis, majelis hakim mung nibakake vonis penjara 6 taun punjul 6 sasi, ditambah kewajiban mbalekake ganti rugi marang negara Rp 210 miliar.
Vonis kang kapatrapake marang bojone artis sinetron sulistya ing warna Sandra Dewi kuwi diwawas ora nyukupi rasa keadilan. Sebab jroning nota dakwaan sing disusun jeksa, korupsine Harvey ora baen-baen, yaiku Rp 300 trilyun!
Tumibane vonis entheng marang Harvey Moeis kuwi ora adoh kaceke karo pratelane Presiden Prabowo Subianto kang ngundha wacana saguh ngapura koruptor waton si koruptor gelem mbalekake dhuwit sing dicolong iku marang negara. Pratelane kepala negara iki kosok balen karo nalika kampanye presiden kepungkur. Nalika kuwi Prabowo ngancam bakal mbledig koruptor nadyan ta nganti tekan Antartika pisan.
Menteri Koordinator Hukum Yusril Ihza Mahendra ngegongi gagasane presiden. Miturut Yusril ngunjara koruptor ora ana gunane jalaran dhuwite negara sing kebacut digarong ora bisa ditarik bali. Sejene kuwi negara isih ngetokake ragad kanggo nyukupi kebutuhan uripe para koruptor mau ing njero sel.
Temtu wae ora ana sambung rapet antarane gagasane Presiden Prabowo mau karo vonis enthenge Harvey Moeis awit kekarepane kepala pamarentahan ngampuni koruptor kuwi isih wujud idhe sing durung diformalake lumantar aturan. Sok ngonowa prekara loro kuwi kaya-kaya entuk ‘titik temu.’
Ing taun-taun kepungkur kita uga nguningani tokoh-tokohe pelaku tindak pidana terorisme diapura dening negara. Kepara banjur didadekake duta antiterorisme. Mangka akibat pakartine klompok radikal mau akeh nyawa kang ilang siya. Trauma lan lara atine kulawarga kurban mbokmenawa ora bisa ditambani nganti kapan wae.
Sawatara taun kepungkur Panjebar Semangat tau ngestreni kegiyatan seminar terbatas sing nemokake tilas pentholan teroris kang wis mertobat karo kulawargane kuban bom Bali I. Seminar sing dianakake dening Aliansi Indonesia Damai (Aida) ana hotel berbintang Surabaya kuwi wekasan berantakan merga kulawargane kurban (wanita asal Denpasar) ora sudi lungguh jejer sameja karo tilas teroris mau. Dheweke malah ngundamana pamarentah kang ngampuni pelaku terorisme tanpa maelu pangrasane kulawarga kurban sing ajur mumur merga ditinggal mati dening ‘tulang punggung keluarga.’
Ngapura Durung Mesthi Becik?
Ing kaset rekaman wayang kulit taun lawasan kanthi lakon “Pandhawa Boyong” dening maestro dhalang Ki Nartosabdo, ana conto apik menawa niyat luhur aweh pangapura marang wong sing wis cetha luput durung mesthi tinampa becik dening liyan.
Kacarita, sawise prang gedhe Baratayuda Jayabinangun purna, Pandhawa banjur sowan marang Prabu Matswapati ya Sang Mangsahpati ing Negara Wiratha. Eling-eling Prabu Puntadewa sakadang tau ditulung dening Prabu Matswapati singidan ana Wiratha kanthi aman sawise nglakoni paukuman dibuwang Kurawa menyang wana Kamiyaka 12 taun suwene. Sowane Pandhawa uga ngiras pamit bakal boyong menyang Praja Ngastina kang wis suwung amarga Prabu Duryudana lan meh kabeh Kurawa tiwas ing Tegal Kurusetra.

Puntadewa
Sadurunge menyang Praja Ngastina, Puntadewa sakadang mampir luwih dhisik menyang Kadipaten Gajahoya saperlu tuwi Adipati Dhestrarastra lan Dewi Gendari. Sumurup sowane Pandhawa, Dhestrarastra lan Gendari banget ngigit-igit jalaran saperangan gedhe anake gugur ing pabaratan merga pokale Werkudara lan Janaka. Dhestrarastra kober duwe karep maeka Werkudara kanthi rewa-rewa kepengin ngrangkul anggane ponakane sing jarot kuwi.
Waspada Prabu Kresna. Sadurunge Werkudara nyaket, nalendra Dwarapati iku nguncalake gada marang Dhestrarasta. Ngira yen sing dirangkul kuwi Werkudara, Dhestrarastra mateg kasektene ngruket kenceng engga gada kasebut sumyur.

Adipati Dhestrarastra
Nadyan wis cetha yen Dhestrarastra nyimpen sedya culika, suprandene Puntadewa isih menehi pangapura. Malah pambarepe Pandhawa kuwi kepengin misudha Dhestrarastra jumeneng nata Ngastina. Kekarepane Puntadewa mau disaruwe Werkudara. Mungguhe Werkudara, sapurnaning Baratayuda sing wenang jumeneng ratu Ngastina ora ana liya kejaba Puntadewa. Lan kaya dene para Kurawa, Dhestrarastra lan Gendari uga patut dipidana awit tumindake tansah gawe kapitunane Pandhawa. Miturut Werkudara ya kuwi sing diarani adil. Sapa sing luput kudu tampa pidana.
Nanging ora mengkono kanggone Puntadewa. Dheweke tetep ngotot kepengin njumenengake Dhestrarastra minangka narendra Ngastina. Pangelik-elike Prabu Kresna kang asoca bathara uga ora dipaelu. Kresna kepeksa ngelikake jalaran pangapura modhel Puntadewa mau dhestun njalari jagad ora tentrem.
Werkudara ora wani mancahi rembuge kadang mbarep. Tata lair dheweke sarujuk karo karepe Puntadewa nanging batine tetep ora cocog. Wanci bengi Werkudara sing isih nyimpen rasa jengkel mau nekad mlebu patunggone Dhestrarastra. Dheweke ngancam lan ngundamana kadange tuwa swargi Prabu Pandhu kuwi. Dhestrarastra diunek-unekake ora mung wuta mripate wae nanging uga picak batine. Kelara-lara atine diundamana Werkudara entek amek kurang golek, Dhestrarastra banjur wadul Puntadewa. Dheweke trima lunga wae saka Gajahoya waton diwenehi separo dhuwite Praja Ngastina.
Puntadewa ora kabotan menehake separo kaskayane Praja Ngastina marang Dhestrarastra. Malah ora mung separo, yen perlu kabeh dhuwite Praja Ngastina bakal digawakake Dhestrarastra kanggo sangu lelana. Werkudara bali nyaruwe niyate Puntadewa. Tumrap Werkudara kekarepane Puntadewa mau cengkah karo adil. Merga isih akeh kawula Ngastina sing kesrakat uripe lan mbutuhake pambiyantu. Yen kabeh bandhane negara diwenehake Dhetrarastra, mangka ing sisih liya ana kawula cilik sing nandhang kaliren merga ora kuwat tuku mangan, apa kaya ngono kuwi sing diarani adil?
Bebantahan antarane Puntadewa lan Werkudara kuwi nyebabake Dewi Kunthi ora kepenak atine. Mula dheweke mutusake melu Dhestrarastra lan Gendari lunga ninggalake Gajahoya. Lakune kedharang-dharang kebak ing panandhang. Nalika ngliwati alas, dumadakan ana kobongan gedhen. Dhestrarastra lan Gendari tiwas kabesmi. Dene Dewi Kunthi kasil dislametake dening Sanjaya, nayaka praja Dwarawati kang diutus Prabu Kresna memanuki lakune wong telu mau. Mengkono. Keadilan sing sacara ati nurani ora bisa dibantah maneh kuwi sok digunakake panguwasa kanggo kapentingane dhewe. Mbokmenawa kanggo maesi praupane supaya katon wicaksana sinawang liyan. Nanging dheweke lirwa menawa natoni rasa keadilane masyarakat suwening suwe mung bakal njalari kekuasaane ringkih digrogoti rasa ora percaya kawulane.
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor: Ahmad Rizky Wahyudi






