Woh naga kerep kita prangguli kanthi kulit abang semu wungu lan daginge awarna putih utawa abang. Nanging, varian woh naga kuning keri-keri iki viral ing media sosial.

IKI ora liya merga woh naga kuning nduweni kaunikan saka kulite kang warna kuning kanthi daging warna putih. Ora mung iku wae, woh naga kuning iki uga nduweni manfaat kanggone kesehatan.
Nukil saka maneka sumber, ing ngisor iki sadhengah khasiat yen dhahar woh naga kuning dibandhingake woh naga abang. Iki ing antarane:
- Ngedhukake Gula Darah
Saliyane nduweni rasa kang lezat, woh naga kuning uga bisa mbantu ngedhukake gula darah ing awak. Para penderita diabetes mesthi wae kena nyoba woh iki, sebab bisa mbantu normalake maneh kadar gula darah. Ora mung iku, woh naga iki uga bisa mbantu ngedhukake bobote awak, sebab bisa ndadekake weteng wareg luwih suwe. - Ningkatake Kekebalan Tubuh
Ing musim kang ekstrem kaya ngene iki, woh naga kuning cocok dadi cemilan sehat saben dina. Sebab, woh iki nduweni kandungan vitamin C, flavonoid, sarta antioksidan kang dhuwur. Kanthi mangkono woh naga kuning dadi salah sijine woh kang bisa ningkatake daya tahan tubuh. Ora mung iku wae, kandungan vitamin B sarta mineral (kalsium lan fosfor) jroning woh naga kuning uga bisa mbantu njurung tumangkare sel darah putih sarta njaga sel-sel liyane ing njero awak saka kerusakan dening radikal bebas. - Njaga Kesehatan Jantung
Ora mung wohe, pranyata wijine sing ireng kang ana ing njero woh naga kuning nduweni kandungan kang becik yen dikonsumsi. Yaiku ngandhut omega-3 lan asam lemak omega 9. Kandungan iki bisa ngurangi risiko serangan jantung lan penyakit stroke. Kanggone para maos kang nduweni kadar kolesterol dhuwur, woh iki becik banget kanggo normalake maneh ningkate kadar kolesterol ing awak. - Nglancarake Sistem Pencernaan
Yen iki wis dadi manfaat kang terkenal saka woh naga kuning. Woh kanthi kandungan serat kang dhuwur iki bisa mbantu nglancarake sistem pencernaan. Anane serat prebiotik jroning woh naga kuning njurung tuwuhe bakteri kang apik ing usus, saengga mampu ningkatake sistem metabolisme awak.
Bedane
Sauntara kuwi bedane yaiku, woh naga kuning nduweni kulit kang warnane kuning cerah. Kulite katon alus lan ngemu eri kanthi daging buah kang warnane kuning pucet. Dene woh naga abang nduweni kulit warna abang utawa jambon kang nengsemake. Kulite kayadene sisik-sisik lan nduweni daging buah kang warnane abang terang utawa abang enom.
Woh naga kuning nduweni rasa kang manis lan semu kecut. Daginge renyah lan nduweni wiji sithik kang gampang dikonsumsi. Sauntara iku, woh naga abang luwih akeh legine kanthi rasa kang luwih nyegrak sarta ngemu banyu akeh. Tekstur daginge luwih lembut lan uga nduweni wiji kang luwih cilik.

Nanging, woh naga kuning apadene woh naga abang padha-padha ngandhut nutrisi kang mupangati kanggone awak. Kekarone rendah kalori lan sugih serat, vitamin C, lan antioksidan. Mung wae, beda ing komposisi nutrisi ana ing gunggunge jumlah karotenoid lan betasianin kang ditemokake jroning woh naga abang.
Betasianin aweh werna abang marang woh naga abang lan nduweni sifat antiinflamasi kang kuwat. Karotenoid, kang aweh werna kuning ing woh naga kuning, nduweni manfaat kanggo kesehatan mata lan sistem kekebalan tubuh.
Woh naga kuning akeh serate, kang mbantu njaga pencernaan dadi sehat lan ngurangi risiko bedhegelen. Kandungan vitamin C-ne bisa mbantu ningkatake sistem kekebalan awak lan njaga sel-sel awak saka kerusakan akibat radikal bebas.
Woh naga kuning uga ngandhut zat besi lan vitamin B kang penting kanggo mbentuk sel darah merah lan metabolisme energi. Woh naga abang sugih antioksidan, utamane betasianin. Antioksidan mbantu nglawan kerusakan oksidatif jroning awak lan njaga sel-sel saka stres oksidatif. Woh naga abang uga bisa mbantu ningkatake kesehatan jantung kanthi ngurangi risiko penyakit kardiovaskular. Kandungan serate uga nyengkuyung pencernaan kang sehat lan mbantu mengontrol kadar gula darah.
Amarga beda rasa lan warna, woh naga kuning lan abang bisa digunakake kanggo maneka hidangan lan inuman. Woh naga kuning luwih umum digunakake kanggo jus, smoothie, salad buah, lan manisan. Dene woh naga abang luwih sering digunakake minangka bahan tambahan kanggo hidangan penutup, kayata es krim, yogurt, lan kuweh. Nanging, woh naga kuning apadene woh naga abang tetep bisa dinikmati kanthi langsung minangka cemilan sehat.
Dadi kesimpulane, woh naga kuning lan abang nduweni beda ing warna, rasa, lan manfaat kesehatan kang ditawakake. Nanging kekarone mujudake sumber serat, vitamin, lan antioksidan kang apik, kanthi woh naga abang nduweni kaunggulan tambahan ing babagan kandungan betasianinne.
Kanthi nglebokake kekarone jenis woh naga iki jroning pola makan kang seimbang, kita padha-padha bisa nenikmati manfaat kesehatan kang akeh banget saka kekarone varietas iki.
Panulis: (d)***
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







