Ature: Tito Setyo Budi
Aku dudu Art Buchwald lan ya durung nate nyinau perdhukunan. Nanging aku wani mbedhek utawa ngramalake yen ing tembe basa Jawa mbalik dadi basa primitif kaya kang dikandhakake dening Charles Darwin (1809-1882) ing bukune Descent of Man yen ta cak-cakane kaya mengkene.
KOLOMNIS kang uga humoris Amerika Serikat aran Arthur Buchwald – populer kanthi sebutan Art Buchwald–sing tulisane dadi langganan kapacak ing The Washinton Post ora mung pinter gawe lelucon nanging clemongane sok gawe dheg-dhegan pembacane. Contone nalika ing taun 1966 dheweke ngandhakake yen ora suwe maneh bakale perusahaan raksasa ing Amerika mung kari loro. Siji mapan ing kulon Kali Mississippi dikuwasani dening Samson Securities, dene sisih wetane dikuwasani dening Delilah C.
Mesthi wae clemongan kaya mengkono dadi umyege pelaku bisnis ing negarane. Apamaneh bareng ing tembene apa kang ‘diglenyengake’ Buchwald kabukten bener.
Aku dudu Art Buchwald lan ya durung nate nyinau perdhukunan. Nanging aku wani mbedhek utawa ngramalake yen ing tembe basa Jawa mbalik dadi basa primitif kaya kang dikandhakake dening Charles Darwin (1809-1882) ing bukune Descent of Man yen ta cak-cakane kaya mengkene. Saumpama isih ana, utawa dipeksa ana, nanging mesthi wis beda wewujudan, geseh adoh karo nalika sakawit di-Latin-ake saka aksara Jawa. Cengkah karo piwulange para leluhur, para nimpuna ing babagan paramasastra.
Sing dakkarepake kanthi tembung ‘cak-cakane kaya mengkene’ kuwi ora liya panulise basa Jawa wis ora migunakake ejaan sing bener. Tonton wae ing media-media sosial, WhatsApp, WA Group, judhul lagu ing CD, VCD, DVD, nganti tekan bokong bak truk. Kabeh nulis ukara basa Jawa mung nut unine tembung-tembung sing dirungu. Contone tembung ‘lara’ katulis ‘loro’. Tembung ‘entuk’ katulis ‘entok’. Tembung ‘wis’ katulis ‘wes’. Tembung ‘mulih’ katulis ‘muleh’. Lan sapanunggalane sing tumprap wong kang ngerti ejaan kang bener dadi wetenge mules.
Pancen bener, miturut sejarahe, basa mono dudu produk dhun-dhunan saka langit nanging linairake saka bumi. Mula kewan nduweni basa lan modhel komunikasine dhewe, semono uga manungsa.
Tumprap manungsa, mengkono Von Herder ing bukune On the Origin of Language nyebutake, basa kuwi dumadi saka kupiyane manungsa kang banjur thukul pamikire kasurung daya instingtif.
Manut Reori Echoic, tembung-tembung kuwi kawitane mujudake tiron saka unen-unen alam, kaya swara udan, angin, gludhug, gumriciking kali, ombak laut, swarane kewan-kewan. Nanging ana uga kang nyebutake sadurunge tembung-tembung tiron kuwi muncul luwih dhisik manungsa lan kewan migunakake isyarat (Gestur Theory)
Pitakonane, lha ndak iya bangsa Jawa sing wis urip modern, ngerti lan diwulang paramasastra, mbalik dadi manungsa pra-sejarah, bangsa primitif?
Kamangka, manut pangerten moderen, kaya kang dikandhakake dening Joseph Priestley, basa kuwi sawijining cara kanggo nelakake gagasan marang wongliya (a method of conveying our ideas to the minds of other person). Dene paramasastra (tata bahasa, grammar), mujudake sistem aturane basa. Andak iya wong Jawa sing wis digegulang ‘tata-basa’ dening guru-gurune ing sekolah biyen sawise terjun ing masyarakat banjur migunakake basa Jawa sing ‘murang tata’?
Mugi dipunenget, sing dakperkarakake iki mung mligi ing basa Jawa tulis. Aku ya isih kelingan pratelane Frank Palmer (1971), yen paramasastra, tata bahasa, grammar, mung tinemu ing basa tulis. Dene pangucap, basa lisan, kena wae ora mbutuhake utawa nyingkur aturan basa (syukur yen ya isih ngugemi aturan kaya basa tulis). “The grammar of language is found only in the written language. Spoken languages have no grammar,” ujare Palmer.

(Pramuji Alpram/Facebook)
Basa Jawa Ora Kajen
Sapa sing wajib ngajeni basa Jawa? Ora liya ya wong Jawa dhewe. Dhestun dene wong Landa, wong Jerman, wong Amerika, akeh sing ngajeni lan sinau basa Jawa kanthi tumemen. Saora-orane daktemokake ing mitraku saka mancanegara sing sinau karawitan, tembang macapat, basa-sastra-budaya Jawa ing tlatah Surakarta.
Aku bener-bener ewa marang bocah sekolah sing sinau basa Inggris. Dheweke gelem matuhi ejaan basa Inggris. Ora njur nulis sakepenake dhewe manut unine lisan. Kok ya manut? Nanging yen ejaan basa Jawa kok sakepenake olehe nulis?
Aku nduwe crita sapala ngenani basa Inggris kuwi. Duking uni, watara taun 1990-an, kancaku wadon (ora usah ditakokne ayu apa ayu banget), melu pamane dodol mie ing China Town San Francisco, sing saiki wis ngrembaka dadi Pusat Kebudayaan China paling gedhe ing sanjabane benua Asia.
Aku rumangsa gawok, eram, dikirimi foto-fotone mejeng ing Bush Street lan Grant Avenue. Ndadekake aku kepengin sanja mrana. Kepengin nonton endahe San Francisco kaya kang ditembangake dening Scott McKenzie.
Aku banjur njaluk marang kan- caku mau supaya nulis lan dikirim liwat pos (wektu kuwi durung ana internet) ngenani endahe kutha San Francisco mawa basa Inggris. Dheweke nulak. Nanging dheweke gelem ngojahake sacara lisan. Dene aku dikon nulis dhewe. Pancen akhire dheweke crita nyrewenteh, ndrewili, kanthi aksen tan prabeda native speaker (eling- eling wis limang taun manggon ing Amerika).
Bareng dakusut jebule dheweke ngaku. “Kanggoku nulis kuwi angel. Penak ngomong. Aku ora kepengin tulisanku mbokgeguyu amarga grammar-e ora bener. Aku mung lulusan es-em-a. Basa Ing- grisku nalika sekolah ora nganti entuk biji pitu. Malah nalika es-em-pe bijiku neng rapor nate ditulis nganggo mangsi abang.”
Lhadalah! Aku banjur eling bab wong Jawa sing saiki nulis nganggo ejaan sing sageleme dhewe. Lagu-lagune Didi Kempot sing kaloka klebu sing tinulis kanthi ejaan salah. Nanging masyarakat wis ora maelu: barang salah apa bener. Jer hakekate basa kuwi komunikasi. Angger sing dijak guneman wis mudheng rak ya uwis. Kamangka fungsi bahasa sejene dinggo alat komunikasi isih nduweni rong fungsi liyane, yakuwi edukatif lan kultural.
Aku dhewe rumangsa begja dene nate sekolah ing jaman Orde Lama, jaman Bung Karno. Wektu semana, taun widakan wulangan Basa Jawa dadi wulangan wigati. Sajajar karo Berhitung (saiki Matematika), Sejarah, Ilmu Hayat (saiki Biologi), lan Mata Angin (saiki Geografi).
Wektu semana guruku Basa Jawa banget migatekake murid-muride anggone nulis basa Jawa lan aksara Jawa. Ing kelas siji aku dikenalake marang aksara Latin nganggo buku wacan Gelis Pinter Matja. Banjur ing kelas loro dikenalake buku wacan Seneng Matja. Sateruse ing kelas telu lan papat diwenehi buku wacan Puspa Pusaka kang kaperang werna loro: Pinter Matja lan Pinter Basa.

(Sariserat Jaiz/Facebook)
Saiki, mbokmenawa wae jaman wis beda. Aja maneh kok muride ora salah nulis, sedheng gurune wae ora sethithik sing nglirwakake ejaan basa Jawa. Aku asring menehi diklat Basa Jawa marang guru-guru SMP ing maneka kutha. Nalika aku nugasi nulis karangan limang alinea, saka guru sakelas cacah patang- puluh sing selawe bisa nulis kanthi ejaan sing bener. Dene sisane nulis ‘pendhapa’ dadi ‘pendhopo’, ‘teka’ dadi ‘teko’, ‘waspada’ dadi ‘waspodo’. Trus yen dakkon nulis ‘Bojoku loro. Loro-lorone lara’ njur dadine apa? Jebuleana tenan sing nulis tembung ‘loro’ nganti jejer- jejer kaya endhog kodhok. (Mboten sisah dipungeguyu. Menika kahanan nyata).
Dr. Syarifuddin, Kepala Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, ing sambutan acara rapat koordinasi Revitalisasi Bahasa Daerah ing Ungaran rong minggu kepungkur mratelakake yen basa dhaerah ing negara kita wektu iki gunggunge sing isa diarani urip temenan mung kari 17. Saka gunggung 17 kuwi ana cacah 2 sing paling akeh penggunane, yakuwi basa Jawa lan basa Sunda. “Ayo sing isih urip iki kita openi kanthi tumemen, sadurunge melu palastra,” ujare Syarifuddin.
Aku sarujuk. Lan aku ya ora kepengin nyekseni wong Jawa mbalik dadi bangsa primitif.







